+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 26 April 2026 Minggu Paskah IV

L. Para Rasul 2:42-47; Jabur 23; 1 Petrus 2:19-25; Yokanan 10:1-10

MBANGUN PASEDHEREKAN
“Sadina-dina tansah padha nglumpuk ing Padaleman Suci …
Padha nyuwil-nyuwil roti ana ing omahe giliran …
kalawan bungah lan ati kang tulus”
(Lelakone Para Rasul 2:46)

Lelakone Para Rasul 2:42-47 punika nyariyosaken gesanging
pasamuwan ingkang wiwitan. Perikop punika nyariyosaken kados pundi
tiyang-tiyang ingkang sampun sami mirengaken lan nampi khotbahipun
para rasul lan manjing dados Kristen punika karimat. Tiyang-tiyang ingkang
sampun ngantepi piwulangipun para rasul punika ngrimati gesangipun
sarana tetunggilan dadosa ing Padaleman Suci punapa-dene nglempak ing
griyanipun secara giliran. Warganing pasamuwan punika sami ngrumaosi
wigatosing pepanggihan srana nglempak sesarengan. Warganing
pasamuwan nggadhahi raos ingkang sami: manunggal saiyeg saeka-praya
nguri-uri gesang sesarengan. Sami-dene anggenipun nggatosaken, temah
mengretos punapa ingkang dados kabetahaning warganing pasamuwan.
Bab punika tetela anggenipun nggadhahi raos bilih punapa ingkang dipun
gadhahi punika ugi prelu kaginakaken kangge tiyang sanes, boten namung
kangge dhirinipun piyambak. Nyuwil-nyuwil roti lan nedha sesarengan
kalawan bingah. Ing gesang serarengan punika kabangun wontenipun
pasedherekan. Sami-dene nggatosaken kabetahan ing bab: raga (nedhi
sesarengan), nyuwil-nyuwil roti kados-dene ingkang dipun tindakaken
dening Gusti Yesus, memuji asmanipun Gusti (spiritual), lan dipun senengi
dening tiyang kathah (sosial). Sedaya punika katindakaken kanthi bingah lan
manah ingkang tulus.
Kita saged nggambaraken endahing kawonten pasamuwan wiwitan
punika. Sumangga sami niteni kawontenaning pasamuan ing wekdal punika.
Boten prelu tebih-tebih, kita saged ningali pasamuwan kita piyambak.
Kadospundi kawontenaning pasamuwan kita? Punapa wonten gesang
ingkang manunggal, saiyeg, sami dene nggatosaken ing sadhengah
kawontenan dalasan kabetahanipun, dipun remeni masyarakat ing sakiwa
tengen kita (raga, sosial, ekonomi, spiritual)? Menawi sampun, kados pundi
anggen kita badhe ngindhakaken? Menawi dereng, punapa ingkang kedah
kita tindakaken? Roh suci mesthi mitulungi kita. Amin. |*WSMS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *