Yeheskiel 34:1-16; Jabur 23; Lukas 15:1-7
MANGGEN ING DALEMIPUN SANG YEHUWAH
‘… saha kawula badhe manggen wonten ing padalemaning
Sang Yehuwah ing salaminipun”
(Jabur 23:6b)
“Suami saya itu bu seringkali, pagi, siang, sore, malam di gereja. Rapat
ini, rapat itu, belum lagi kalau ada undangan jagong. Jadi, dia mesti
membawa pakaian ganti.” Mekaten cariyosipun satunggaling ibu gegayutan
kaliyan garwanipun.
“Kawula badhe manggen wonten ing padalemaning Sang Yehuwah ing
salamimipun”, mekaten pangandikanipun Juru Masmur ing ayat 36b.
Punapa punika sami kaliyan cariyosipun ibu wau? Temtu mboten. ingkang
dipun kajengaken dening ayat 36b “manggen wonten ing padalemaning
Sang Yehuwah” punika wangsul malih dhateng Padaleman Suci. Jabur 23
punika sajakipun masmur ingkang kakidungaken nalika umat sowan
dhateng Padaleman Suci ing Yerusalem saprelu nyaosaken
pangabektinipun.
Ayat 1-4 nelakaken pangakenipun Juru Masmur bab Gusti Allah ingkang
jumeneng minangka pangen. Ayat 5-6 nelakaken Gusti Allah ingkang
jumeneng tuan rumah ingkang ngayomi tamunipun. Pangayomanipun Gusti
Allah punika ndadosaken Juru Masmur ngraosaken kabegjan, dadosaken
kabingahanipun. Mila Juru Masmur gadhah pepenginan tansah manggen
ing padalemaning Sang Yehuwah, inggi punika wonten ing Padaleman Suci.
Awit pangrengkuhipun Gusti Allah punika ndadosaken Juru asmur kraos ing
padalemaning Sang Yehuwah. Temtu ing padaleman punika mboten
namung sowan, ananging ugi nindakaken punapa ingkang prelu.
Punapa prelunipun kita dhateng ing greja? Temtu mboten namung
sowan, ananging ugi nindakaken bab-bab ingkang prelu kangge gesanging
pasamuwan. Ing greja wonten kegiyatan mawarni-warnai kangge mbangun
gesangin pasamuwan. Anggen kita tindak greja punika nindakaken
kegiyatan sesarengan. Saged kelampahan sedinten kita kegiyatan ing greja.
Ingkang baken lan wigati inggih punika anggen kita nindakaken kegiyatan
ing greja kanthi sedya ingkang sae kagem kamulyanipun Gusti. Amin.
|*WSMS
