+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 24 April 2026 Minggu Paskah III

Pangentasan 3:16-22, 4:18-20; Jabur 23; 1 Petrus 2:13-17

NAMUNG KABEGJAN LAN KADARMAN
“Amargi namung kabegjan lan kadarman thok ingkang
badhe ngirid lampah kawula, salaminipun gesang”
(Jabur 23:6a)

Jabur 23 punika kalebet masmur ingkang dipun remeni dening kathah
tiyang Kristen. Kula boten mangertos punapa sebabipun. Punapa awit
masmur punika nelakaken kapredulenipun Gusti? Menawi kita namung
nggatosaken ayat 6a sajakipun panci mekaten. Kabegjan lan sih-
kadarmanipun Gusti ingkang badhe ngirid lampah kita ing sauruting gesang kita.
Ayat 1-3 punika ayat ingkang nentremaken, ngremenaken, damel
manah ayem. Nanging menawi kita gatosaken ayat 4-5 punika nelakaken
kawontenan ingkang beda. Tembung “jurang plimenganing pati” (lembah
kekelaman) punika nelakaken kawontenan ingkang lelawanan kaliyan ayat
1-3. “Jurang palimenganing pati” punika nelakaken bilih Juru Masmur ing
salebeting bebaya, ing salebeting kawontenan ingkang nguwatosi. Juru
Masmur boten jenjem awit wonten satru ing sakngajengipun (ay. 5). Juru
Masmur dipun ayang-ayangi dening satru ingkang ngarah nyawanipun.
Gesangipun kaancam dening satru ingkang wonten ing ngajengipun. Sinten
satru punika panci mboten dipun sebutaken, nanging cetha punika
ngganggu gesangipun. Ewa-semanten, juru masmur ngraosaken tentrem
lan ayem (ay. 3). Diayemake ateges dipun damel ayem. Sinten ingkang
damel tentrem lan ayem punika? Boten sanes inggih punika Gusti Allah
ingkang dipun akeni dados pangenipun. Gusti Allah ingkang jumeneng
Pangen punika boten negakaken wonten ingkang ngganggu gesangipun,
ingkang badhe nyilakani utawi dipun ancam dening satru punika. Gusti Allah
Sang Pangen punika mitulungi lan damel tentrem, kadosdene menda
ingkang dipun plegungaken ing panggenan ingkang kathah suketipun, dipun
irid dhateng toya ingkang nyegerake.
Gesang kita pancen boten aman, sawanci-wanci saged kemawon
wonten tiyang ingkang nyatroni kita, ingkang damel kita boten jenjem.
Nanging Gusti Allah Sang Juru Pangen kita badhe damel kita ayem lan
tentrem. Temah kita badhe ngraosaken kabegjan lan kadarman ingkang
ngirid lampah kita. Amin. |*WSMS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *