Purwaning Dumadi 37:12-36; Jabur 103:8-13; 1 Yokanan 3:11-16 TRESNA KANG WICAKSANA“…nanging dikanthenana panggawe lan ing sakjroning kayekten”(1 Yokanan 3:18b) Nalika Trisno niliki kos lawas, dheweke nampa tembung sing ora kepenaksaka kanca-kanca kos. Ana sing ngucap yen dheweke iku ora duwe tepa-slirakaro kanca, ana sing ngucap yen dheweke mung nengenake kasenenganedhewe lan ana sing ngucap yen dheweke kebangeten anggone manut marangwongtuwane. Trisno ngeling-eling anggone telung sasi manggon neng kono,dheweke sing plalah ngresiki regedan, ngentasi pemeyan yen ngarepake udanlan mbagekake lawuh sing disangokake simbok marang kanca-kancane.Rasul Yokanan ngemutaken supados para kagunganipun Gusti sami mujudakenkatresnan dhateng sesami minangka wujud nulad Gusti Yesus ingkang sampunngurbanaken dhiri kangge milujengaken jagad. Rasul Yokanan nedahakenbilih raos sengit punika sami kaliyan mejahi lan ndadosaken ingkang botennresnani sesami tetep dumunung ing pati minangka ganjaranipun. Pasamuwanugi katimbalan nggatosaken sesami ingkang nandhang kacingkranganminangka wujud nyata bilih katresnaning Allah dumunung ing gesangipun.Sinaosa mekaten pasamuwan tetep kedah waspada awit saged kemawontiyang-tiyang ingkang sampun kaanggep minangka sadherek utawi kancapunika malah tumindak awon. Kakang ingkang sakmesthinipun nresnani lannjagi adhinipun malah tega tumindak awon. Sang Yusup nalika semantendipun cepeng, dipun larak lan kacemplungaken dhateng sumur sakderengipundipun sade dhateng kapilah bangsa Ismael karana serik dhateng Yakub;ramanipun, ingkang tumindak emban cindhe emban siladan. Mila pasamuwannalika nelakaken katresnan dhateng sesami kedah tansah waspada supadossampun ngantos anggenipun olah-tresna punika kaginakaken tiyang saneskangge kapentinganipun piyambak. Pancen sampun ngantos mbeda-bedakakentiyang. Nanging sumangga kanthi wicaksana niteni supados sampun ngantoskatresnan ingkang kapratelakaken dados jalaran anggenipun sesami tumindakdosa kanthi ngginakaken katresnan punika kangge nguja hawa-nepsu lankamaremaning dhiri. |*GPY
Rebo, 9 September 2026 Minggu Limrah
Kaimaman 16:1-5,20-28; Jabur 119:65-72; Mateus 21:18-22 GESANG NGEDALAKEN WOH“Padha sanalika wit anjir mau dadi garing”(Mateus 21:19c) Sakwise telung sasi, Trisno pindhah kos neng daleme pak Majelis.Nalika bali neng kos lawas kanggo njupuk barang sing kari, jebul kanca singmanggon neng sisihe kamar nembe opname merga kena Demam Berdarah.Dene kancane sing neng sebelah kana digrebeg wong kampung mergakonangan nglebokake kanca nginep neng kamare. Trisno rumangsa begjadene nadyan olehe manggon saiki rada adoh saka kampus, nanging dhewekebisa luwih ayem merga kahanane luwih resik lan aman kang iku ndadekakekepenak anggone ngaso lan sinau.Kacariyos Gusti Yesus nyupaosi wit anjir ingkang boten ngeladakenwoh. Wit anjir punika umumipun dados eyoman ing tlatah Israel nalika semanten;kados dene kersen utawi talok ing mriki. Bedanipun, anjir wohipun punikamangsan lan nalika semanten dereng mangsanipun ngedalaken uwoh.Sinaosa mekaten, Gusti Yesus tetep nyupaosi saktemah sanalika dadosgaring. Boten ateges Gusti Yesus boten pirsa mangsa, nanging ingkangkelampahan punika minangka pasemon tumraping bangsa Israel ingkangboten ngedalaken woh ingkang jumbuh kaliyan karsaning Allah sinaosabinerkahan tanah prajanjian ingkang gemah-ripah loh-jinawi. Kepara nalikaGusti Allah ngrawuhi umatipun, bangsa Israel boten wanuh, boten pitadoslan ngudi nyedani ingkang rawuhipun badhe milujengaken.Prastawa wit anjir punika ngengetaken dhateng sih-kamirahaning Allahingkang tansah kaluberaken dhateng umat. Mila sampun jamak-lumrahipunmenawi umat caos sokur dhateng Allah kanthi mujudaken gesang ingkangjumbuh kaliyan karsaning Allah. Pancen punika ingkang kakersakaken deningGusti Allah saking para kagunganipun. Kados dene lare ingkang kapenginmujudaken pamatur nuwun dhateng tiyang sepuh ingkang sampun nyekolahakenkanthi temen sinau, oramila mekaten ugi umat sumedya mujudaken gesangingkang ngedalaken woh ingkang damel renaning Allah. |*GPY
Slasa, 8 September 2026 Minggu Limrah
Pangandharing Toret 17:2-13; Jabur 119:65-72; Rum 13:1-7 SESARENGAN NEDAHAKEN GESANG UTAMI“Mulane kita prelu padha sumuyud, ora mung marga bebendune GustiAllah bae, nanging iya marga saka rumangsaning ati kita uga.”(Rum 13:5) Sore iku Trisno isin-isin mlebu Greja, melu kumpulan Pemuda. Dhasardurung ana sing kenal, dheweke lungguh neng mburi dhewe. Nalikangladosake Sabda, pak Pendhita ngenalake Trisno. Dheweke banjur ngertiyen jebul nom-noman Greja kono ana sing kakak tingkat nadyan bedajurusan. Bengi iku Trisno nalika melu kumpulan Pemuda; kejaba ngertiisining Kitab Suci, dheweke uga tambah kanca.Awit kitha Rum punika pusering pamarentahan karajan Rum, mila RasulPaulus ngemutaken supados pasamuwan ing kitha Rum kedah mbudidayasupados saged paring paseksi dhateng tiyang-tiyang ingkang sami ngastapamarentahan bab piwucalipun Sang Kristus kanthi ngetingalaken lampahgesang ingkang sae lan kebak katresnan. Punika wigati awit nalika semantentiyang Kristen kaanggep mbalela dening pamarentah; inggih punikapasamuwan boten purun caos pakurmatan dhateng Nata Agung kanthisujud nyembah patungipun. Kawontenan punika ndadosaken tiyang-tiyangingkang boten remen pados dadakan badhe nyilakani pasamuwan. Punapamalih, tiyang Yahudi nganggep bilih pandherekipun Gusti Yesus minangkamengsah mila asring nasaraken pasamuwan ingkang nembe kemawonnglairaken kapitadosanipun punika.Njagi lampah gesang tumraping tiyang Kristen punika boten namungkawajiban minangka warga negari lan warganing bebrayan ageng, nangingingkang wigati ugi minangka paseksi dhateng sesami. Nedahaken lampahgesang utami punika dados margi lan srana supados para kagunganipunGusti martosaken piwulangipun Gusti Yesus dhateng sesami. Punika sanestimbalan ingkang entheng, ingkang saged katindakaken piyambakan;tantanganipun inggih punika raos bosen, sungkan lan saged kawon menawikalah cacah. Mila wigati minangka patunggilan, pasamuwan nindakakentimbalan punika sesarengan. Wontenipun kanca utawi sadherek patunggilankangge tumandang sesarengan, ndadosaken sangsaya temen lan kiyatingpasamuwan nindakaken timbalaning Allah. |*GPY
Senen, 7 September 2026 Minggu Limrah
Kaimaman 4:27-31,5:14-16 ; Jabur 119:65-72; 1 Petrus 2:11-17 NJAGI LAMPAH GESANG“Dibecik uripmu ana ing satengahe bangsa-bangsa kang dudu bangsaYahudi…” (1 Petrus 2:12a) Nalika niliki karo ngeteri beras, pak Wiryo prihatin mirsani kahananeanake. Trisno jebul oleh kos sing semrawut. Plastik karo godhong garingnumpuk lan sukete njembrung ngetokake latar sing ora kopen. Durung, anakanca kos sing sembrana nglebokake kancane neng kamar. Nalika kondur,pak Wiryo mampir Pastori sowan Pendhitane; nyuwun tulung supaya digolekakekos neng kutha sing duweke warga Greja wae. Angkahe supaya Trisno direksaing bab uripe lan karohanene, aja nganti kena bab-bab sing ora prayoga.Ing papan kita sapunika, cacahipun ingkang sakedhik ndadosakentiyang Kristen minangka titenan. Langkung-langkung ing media sosial kitabadhe manggihaken tiyang-tiyang ingkang sinaosa boten nunggal ingkapitadosan nanging kanthi mardika ngrembag iman Kristen adhedhasarpamanggihipun piyambak. Awit boten pitados, mila boten gumun menawibab ingkang karembag punika cengkah kaliyan piwulang Kristen. Asring ugikarana mirsani media sosial ingkang mekaten, wonten tiyang-tiyang lajengsami atur-pitaken dhateng tiyang Kristen kanthi angkah badhe nyobi utawimadosi kalepatan. Pancen boten sadaya tiyang tumindak mekaten, nanginglangkung prayogi menawi pasamuwan langkung maspadakaken tutur lanlampah gesangipun.Rasul Petrus ngemutaken bilih para pandherekipun Sang Kristus punikanamung tiyang ingkang neka lan mondhok ing jagad punika, mila kedahnjagi lampah gesangipun kanthi wicaksana supados sampun ngantos dadosjalaran kangge ndakwa. Pasamuwanipun Gusti kedah mujudaken lampahgesang utami cundhuk kaliyan karsaning Allah awit pamarentahan yeyasaningmanungsa punika pinangkanipun saking Gusti Allah. Punika ndadosakensadaya pranatan ingkang katetepaken dening pamarentah ingkang adil lanndhatengaken karaharjaning tiyang kathah punika wujuding kawicaksananingAllah. Mila pasamuwan kedah wicaksana njagi lampah gesangipun supadossampun ngantos damel jember asmanipun Gusti Yesus. |*GPY
Ahad, 6 September 2026 Minggu Limrah
Yehezkiel 33:7-11; Jabur 119:33-40; Rum 13:8-14; Mateus 18:15-20 NAMPI PEMUT LAN NGEMUTAKEN“Manawa sadulurmu duwe kaluputan, elingna dhedhewekan…”(Mateus 18:15a) Sore iku Trisno kerawuhan pak Pendhita neng kos. Dheweke pancendadi warga titipan rohani neng Greja cedhak kampus. Pak Pendhita ngelingakeyen saksuwene dadi warga titipan dheweke mung kadhangkala ngibadahMinggu, mangka sakjane ana kegiatan nom-noman saben Setu sore. Sakkondurepak Pendhita, Trisno ngrumangsani yen dheweke ora mung butuh kapinterannanging uga mbutuhake sadulur tunggal pracaya supaya bisa bebarenganmbangun iman sing kandel neng saktengahe jagad sing kebak panggodhalan bebaya.Yehezkiel minangka penjaga turunipun Israel pancen nggadhahi tanggeljawab ngemutaken umat menawi lampahipun sami nasar supados samimratobat, wangsul dhateng Gusti Allah, saktemah manggihaken kawilujengan.Nanging menawi sami mangkotaken manah sanadyan sampun wongsal-wangsul kaemutaken, Gusti Allah nedahaken bilih Yehezkiel sampun botennggadhahi tanggel jawab ing bab nyawanipun tiyang-tiyang wangkot punika.Mila rahayu menawi tiyang purun nampi pepenget adhedhasar sabdaningAllah. Rasul Paulus ugi ngemutaken bilih minangka para pandherekipun SangKristus, pasamuwan ing kitha Rum kedah mbudidaya ngrucat sadaya pratingkahawon ingkang cengkah kaliyan karsaning Allah lan nyikep gegamaningpepadhang satemah saged sami nanggulangi panggodhaning iblis.Awit boten gampil njagi dhiri ing margining Allah, tiyang pitadosmbetahakan sadherek patunggilan kangge ngemutaken menawi lampahipunnalisir saking bebener. Mila prayogi menawi para pitados; kalebet tiyanganem ingkang kedah sinau utawi nyambut damel tebih saking papanipun,dipun titipaken ing Greja ingkang celak supados saged karimat gesangkapitadosanipun. Nanging titipan rohani punika badhe muspra menawitiyang pitados mangkotaken manah nalika kagulawenthah. Gusti Yesusngandika bilih tiyang pitados nggadhahi tanggel jawab ngemutakensadherek ingkang lepat. Sumangga mbangun patrap andhap asor supadossakwanci-wanci sumadya nampi pemut lan ngemutaken. |*GPY
Setu, 5 September 2026 Minggu Limrah
Yehezkiel 33:1-6; Jabur 119:33-40; Mateus 23:29-36 KANGEN PEPAKENIPUN GUSTI“saestu ingkang kawula kangeni punika pepaken Paduka…”(Jabur 119:40a) Begjane nyambut gawe neng Perpustakaan Kampus sing sepisan,Trisno bisa luwih dhisik ngreti buku-buku sing dienggo para dosen mulang.Dene sing kapindho; dheweke bisa luwih tekun sinau amarga kahananPerpustakaan iku sepi, ora kaya neng kos sing biasane rame kanca-kancapadha teka-lunga. Mula ora gumun yen Trisno bisa kanthi becik nggarapsakehe ayahan sing diwenehke para dosene sanadyan dheweke ora bisaseneng dolan mrana-mrene kaya kanca-kancane.Yehuwah netepakan Nabi Yehezkiel minangka penjaga tumrap turunipunIsrael. Prajurit jaga punika tanggel jawabipun inggih punika paring pawartosdhateng tiyang-tiyang menawi wonten bebaya supados sami enggal siyaga.Menawi sampun ngungelaken slompret nanging dipun kendelaken deningtiyang-tiyang saktemah sami ketaman bilai, prajurit jaga sampun nindakakenayahanipun. Nanging menawi prajurit jaga mendel kemawon nalika mangertoswonten bebaya saktemah kathah tiyang sami pejah ketaman pedhang,Gusti Allah badhe mundhut tanggel jawab bab nyawanipun tiyang-tiyangingkang pejah punika dhateng prajurit jaga.Ing jamanipun Gusti Yesus, para ahli Toret lan tiyang Farisi minangkapangarsaning agami Yahudi nglajengaken tanggel jawabipun nabi Yehezkiel.Nanging eman, para prajurit jaga punika sami boten nindakaken ayahanipunkanthi temen; kepara nguja kemareman pribadhi lan nebihaken umat sakingGusti Allah. Para nabi ingkang kautus dening Gusti Allah kangge ngemutakenbangsa Israel dipun sedani. Mila para pangarsaning agami Yahudi punikabadhe sami kaukum.Kejawi kedah tansah jumaga migatosaken kahanan ing sakiwa-tengenipun,prajurit jaga ugi kedah njagi sesambetan ingkang rumaket kaliyan GustiAllah lan tengen mirengaken sabdanipun supados saged ngemutaken umatnalika lampahipun nasar. Mila prajurit jaga kedah tansah kangen kaliyanpepakening Allah saktemah saged nebih saking patrap nguja kemaremaningdhiri lan ngudi kapentingan pribadhi. |*GPY
Jemuwah, 4 September 2026 Minggu Limrah
Yehezkiel 24:15-27; Jabur 119:33-40; Rum 10:15b-21 PRACAYA LAN SETYA“Kawula mugi Paduka lampahaken wonten ing marginipun pepakenPaduka, awit punika ingkang kula remeni.”(Jabur 119:35) Sore iku, Trisno nampa transfer saka wongtuwane. Ora krasa luh tumetesnelesi pipine. Dheweke mbayangake anggone wongtuwane ngrekasanyambutgawe lan ngempet anggone padha duwe kebutuhan. Kepara wohingpanyambutgawene wongtuwa dibyukake kanggo dheweke. Merga trenyuhlan rumangsa yen dipercaya dening wongtuwane, Trisno gawe sedya areptemen anggone kuliah supaya rampung bisa gageyan rampung lan nyambutgawe.Angkahe yen uwis nyambutgawe, dheweke bisa nyeneng-nyengengake wongtuwa.Nalika Gusti Allah ngandika bilih semahipun badhe katimbalan, Yehezkielsaged kamawon kuciwa lan semplah. Yehezkiel saged kemawon semayasaking timbalanipun lan nyuwun supados semahipun saged lestantungesangipun. Nanging piyambakipun kanthi tatag ngestokaken dhawuh,dipun agem dening Gusti Allah paring pepenget bab badhe jugrugipunYerusalem minangka paukuman awit saking sakathahing panerak ingkangkatindakaken. Menawi kedah nglampahi kados dene Yehezkiel, limrahipunmanungsa dados semplah, kecalan pangajeng-ajeng lan kendho ing kapitadosandhateng Gusti Allah. Nanging awit pitados, Yehezkiel tetep tatag nglampahilan kanthi temen meca karsanipun Gusti Allah dhateng bangsanipun.Gesangipun tiyang pitados ing jagad punika tansah kaaben-ajengakenkaliyan pacoban ingkang wujudipun mawarni-warni; sae punika awujudkawontenan ingkang nengsemaken utawi panandhang. Menawi tiyangngantepi pitados bilih Gusti Allah nggadhahi rancangan ingkang sae,piyambakipun boten badhe semplah lan saged netepi timbalanipun GustiAllah. Nanging menawi boten pitados, manungsa boten namung semplah,ugi boten saged netepi timbalanipun Gusti Allah lan kepara saged dhawahing dosa. Kahananing gesang punika pancen solan-salin, nanging kathahmanungsa ingkang semplah nalika kaaben-ajengaken kaliyan panandhang.Mila sumangga mbudidaya mangertos karsaning Allah lumantar panyuraosingsabda suci supados saged tansah pitados lan setya. |*GPY
Setu, 3 Oktober 2026 Minggu Limrah
Yeremia 6:1-10; Jabur 80:7-15; Yohanes 7:40-52 NAMPI PIWULANG LAN PANGGULAWENTAH“He Yerusalem, sira nampanana pamerdi, supaya Ingsun ora nilar sira,lan ora ndadekake sira sepi mamring, dadi nagara kang suwung!”(Yeremia 6:8) Guru punika ngemu kerata basa “digugu lan ditiru”. Guru dados pamulangingkang badhe nedahaken dhateng murid babagan punapa ingkang kedahdisinaoni. Guru mangertos babagan kawontenan muridipun, mila guru botenbadhe memulang perangan ingkang boten saged katampi dening murid.Sakedhik mbaka sakedhik, murid ingkang sregep badhe nampi pangertosaningkang ndadosaken langkung pinter. Ananging kadospundi tumrap muridingkang boten purun nampi piwulang saking gurunipun? Murid punikatemtu boten wonten ewah-ewahan ing gesangipun, awit boten wontenpangertosan anyar ingkang katampi. Murid ingkang kepengin ngraosakenindhak-indhakaning gesang kedah purun nampi piwulang saking guru landipun estokaken saestu.Waosan Yeremia 6:1-10 nyariyosaken babagan bebendu ingkang badhekatampi dening Israel. Kenging punapa sedaya bebendu punika tumempuhdhumateng Israel, umat ingkang pinilih? Awit Israel boten purun nampipiwulang ingkang saking Pangeran Yehuwah. Minangka umat ingkang kinasih,kedahipun Israel purun nampi sawernining piwulang lan panggulawentahsaking Pangeran. Ananging Israel kepara manut pikajengipun piyambak.Mila, kadosdene murid ingkang tanpa ewah-ewahan amargi boten purunnampi piwulang, makaten ugi ingkang badhe dipun raosaken dening bangsaIsrael. Bangsa ingkang pinilih, ingkang katuntun dening Pangeran Yehuwahpiyambak, badhe dados suwung, bangsa ingkang sepi mamring amargitinilar dening Pangeran.Jaman samangke, sejatosipun sumbering piwulang punika kathah.Kemajengan teknologi ugi saged dados sumber piwulang ingkang tanpa wates,sinten kemawon saged sinau kanthi ngginakaken teknologi. Ananging, manungsamalah asring boten gadhah krenteg kangge nambahi seserepanipun. Sampunngantos kita mlebet ing golongan ingkang kados makaten. Sinten ingkangkarsa nampi piwulang lan panggulawentah ingkang badhe ngalami ewah-ewahan ing gesangipun. |*WAS
Kemis, 3 September 2026 Minggu Limrah
Yehezkiel 24:1-14; Jabur 119:33-40; 2 Korinta 12:11-21 TEKUN“Awit saka iki aku kalawan bungah ngetohake barang darbeku,malah ngetohake awakku kanggo kowe kabeh…”(2 Korinta 12:15a) Nalika sepisanan, Trisno seneng nyambut gawe neng Perpustakaan.Kejaba tambahan sangu, dheweke uga entuk kanca akeh saka jurusan-jurusanliyane. Nanging suwene suwe, dheweke bosen lan kerep ngalamun mergakangen karo wongtuwane lan kanca-kancane neng omah. Trisno uga kepinginbisa ngrasakake turu angler tanpa mikir gaweyan lan tugas-tugas kuliah.Boten gampil wongsal-wangsul nindakaken ayahan ingkang sami ingsaklebeting wekdal ingkang dangu. Tiyang dados bosen lan supe dhatenggegayuhanipun saktemah kecalan krenteg mbudidaya mujudaken gegayuhanpunika. Kawontenan punika damel manungsa boten saged mujudakeningkang dados gegayuhanipun.Pasamuwanipun Gusti saged sami sinau dhateng Rasul Paulus ingkangparing tuladha tetep tekun nindakaken ayahan peladosanipun sinaosangadhepi kawinatesan. Sampun kondhang bilih Rasul Paulus punika gadhahsamben minangka tukang damel tendha kangge nyekapi kabetahan anggenipunmartosaken Kabar Kabingahan. Ewasemanten, wonten kemawon tiyang-tiyangingkang awit sami boten remen lajeng ndakwa bilih Rasul Paulus nindakakenayahan peladosan punika kanthi boten tulus awit nggadhahi kapentinganpribadhi; inggih punika mengini bandhanipun tiyang-tiyang ingkang samidipun ladosi. Mila Rasul Paulus ing seratanipun nandhesaken bilih pasamuwankaaanggep minangka lare ingkang kedah dipun cekapi dening piyambakipunminangka tiyang sepuh. Patrap ingkang mekaten damel Rasul Paulus kanthingetohaken sakwetahing gesang tetep tekun anggenipun nindaken ayahanpeladosan sinaosa ngadhepi panyaruwe. Gusti Allah ugi tekun nindakakenpakaryan kawilujengan sinaosa wongsal-wangsul manungsa mbalela,mangkotaken manah lan dhawah ing dosa. Nanging awit Gusti Allah lanRasul Paulus tekun, sangsaya kathah tiyang ingkang mratobat lanmanggihaken kawilujengan. Mila sumangga sami ngetoh kesagedan kanthitekun, mbudidaya supados asmanipun Gusti Allah kaluhuraken. |*GPY
Rebo, 2 September 2026 Minggu Limrah
Yeremia 17:5-18; Jabur 17; Mateus 12:22-32 MILIH“Binerkahan wong kang kumandel marang Sang Yehuwah,lan pangarep-arepe marang Sang Yehuwah.”(Yeremia 17:5) Trisno bingung amarga ngrumangsani yen sangune cupet, dheweke orabisa kekerepen anggone mulih. Sangune cetha ora cukup lan menawanjaluk imbuh malah sangsaya dadi momotane wongtuwa. Mula Trisno milihmelu nyambut-gawe neng Perpustakaan. Pancen dheweke dadi arangmulih. Nanging, dheweke bisa dadi cepet golek buku sing dadi kabutuhanelan bisa ngentheng-entheng momotane wongtuwa merga oleh imbuhansangu saka anggone nyambut gawe.Manungsa kedah wicaksana anggenipun netepaken pilihaning gesangipun.Tiyang Yehuda nampi pepenget saking Gusti Allah lumantar nabi Yeremiasupados sami netepaken pilihan kanthi wicaksana; inggih punika badhenampi ipat-ipat saktemah nemahi bilai menawi boten sami mratobat, utawisami purun mratobat wangsul dhateng Gusti Allah saktemah binerkahan.Nanging eman dene nalika semanten tiyang Yehuda sami mangkotakenmanah saktemah katelukaken, karayah, karangket lan kadadosaken bandhangandening tiyang Babil.Pancen boten gampil milih. Menawi leres pancen damel bingah; denemenawi lepat, badhe kapitunan. Mila manungsa mbetahaken pitulunganlan kawicaksanan saking Gusti Allah. Sadaya badhe prayogi sinaosa ewedmenawi sami mbangun turut. Nanging menawi sami nggugu pikajengipunpiyambak, manungsa sampun wantun nglawan Gusti Allah. Punika samidenekaliyan para pangarsaning agami Yahudi ingkang nganggep bilih Gusti Yesuspunika balanipun beelzebub nalika nundhung dhemit. Sami nganggep mekatenawit ngrumaosi boten nggadhahi panguwaos ingkang mekaten saktemahajrih kasoran lan kecalan pandherek. Tumindak wangkot damel tiyang-tiyang punika sami cinadhang nampi paukuman.Saking cariyos punika para pandhereking Sang Kristus kaemutakensupados wicaksana netepaken pilihan kanthi masrahaken dhiri kaerehdening kawicaksananing Allah saktemah uwal saking tumindak dosa lanpaukuman, nanging sageda nampi berkahing Allah. |*GPY
