+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 8 September 2026 Minggu Limrah

Pangandharing Toret 17:2-13; Jabur 119:65-72; Rum 13:1-7

SESARENGAN NEDAHAKEN GESANG UTAMI
“Mulane kita prelu padha sumuyud, ora mung marga bebendune Gusti
Allah bae, nanging iya marga saka rumangsaning ati kita uga.”
(Rum 13:5)

Sore iku Trisno isin-isin mlebu Greja, melu kumpulan Pemuda. Dhasar
durung ana sing kenal, dheweke lungguh neng mburi dhewe. Nalika
ngladosake Sabda, pak Pendhita ngenalake Trisno. Dheweke banjur ngerti
yen jebul nom-noman Greja kono ana sing kakak tingkat nadyan beda
jurusan. Bengi iku Trisno nalika melu kumpulan Pemuda; kejaba ngerti
isining Kitab Suci, dheweke uga tambah kanca.
Awit kitha Rum punika pusering pamarentahan karajan Rum, mila Rasul
Paulus ngemutaken supados pasamuwan ing kitha Rum kedah mbudidaya
supados saged paring paseksi dhateng tiyang-tiyang ingkang sami ngasta
pamarentahan bab piwucalipun Sang Kristus kanthi ngetingalaken lampah
gesang ingkang sae lan kebak katresnan. Punika wigati awit nalika semanten
tiyang Kristen kaanggep mbalela dening pamarentah; inggih punika
pasamuwan boten purun caos pakurmatan dhateng Nata Agung kanthi
sujud nyembah patungipun. Kawontenan punika ndadosaken tiyang-tiyang
ingkang boten remen pados dadakan badhe nyilakani pasamuwan. Punapa
malih, tiyang Yahudi nganggep bilih pandherekipun Gusti Yesus minangka
mengsah mila asring nasaraken pasamuwan ingkang nembe kemawon
nglairaken kapitadosanipun punika.
Njagi lampah gesang tumraping tiyang Kristen punika boten namung
kawajiban minangka warga negari lan warganing bebrayan ageng, nanging
ingkang wigati ugi minangka paseksi dhateng sesami. Nedahaken lampah
gesang utami punika dados margi lan srana supados para kagunganipun
Gusti martosaken piwulangipun Gusti Yesus dhateng sesami. Punika sanes
timbalan ingkang entheng, ingkang saged katindakaken piyambakan;
tantanganipun inggih punika raos bosen, sungkan lan saged kawon menawi
kalah cacah. Mila wigati minangka patunggilan, pasamuwan nindakaken
timbalan punika sesarengan. Wontenipun kanca utawi sadherek patunggilan
kangge tumandang sesarengan, ndadosaken sangsaya temen lan kiyating
pasamuwan nindakaken timbalaning Allah. |*GPY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *