Yeremia 28:10-17; Jabur 131; Rum 3:1-8 GUSTI YESUS TETEP SETYA“Dadine kepriye, menawa ana ing antarane wong-wong mau ana kang orasetya, apa bab anggone ora setya mau bisa njalari wurungingprasetyane Allah?” (Rum 3:3) Wonten kala mangsanipun, gesangimg manungsa punika kados kebakkaringkihan ingkang tanpa wonten telasipun. Kepara umat kagunganipunGusti inggih saged tumindak nalisir saking kersanipun Allah. Kados ingkangkelampahan wonten ing gesangipun tiyang Yahudi wekdal semanten.Sinaosa tiyang-tiyang Yahudi sampun dipun paringi kaunggulan lan piwucalsaking Gusti, nanging kasunyatanipun kathah ingkang boten netepikayektening piwucal punika. Sami tumindak nalisir lan mboten setyadumateng Allah. Sinaosa mekaten, Rasul Paulus nyariosaken bilih botensetyanipun manungsa punika boten saged mbatalaken kasetyanipun GustiAllah. Punika kabar kabingahan kangge kita sadaya.Ayat punika maringi panglipuran lan ngiyataken manah. Sanadyanmanungsa kala mangsanipun mboten setya, Gusti tetep setya. Panjenenganipunboten owah saking wiwitan dumugi pungkasanipun. Mboten kados manungsaingkang gampil owah pikir, Gusti tansah netepi janji lan Sih Katresnanipun.Menawi kita kélangan pengarep-arep, menawi kita rumaos boten pantes,emuta bilih Gusti Allah mboten ndhasarake Sih Katresnanipun dhateng kabecikankita, nanging adhedhasar Sih Katresnanipun Gusti Allah ingkang langgeng.Mila saking punika, kita kedah ngagengaken pangandel kita. Ampun ngantosnglokro menawi gesang boten kados pangajeng-ajeng, lan ampun ngantossumelang menawi ing satunggaling wekdal kita nate boten setya. Gustiparing kesempatan anyar saben dinten. Ngagem Sih Kawelasanipun, kitasaged ndedonga, mbangun gesang ingkang linangkung becik, sarta nyeksenibilih Gusti punika Sang Maha Setya ing salami-laminipun. Mugi kita tansahdipun kiyataken ngadepi sedaya kawontenan gesang , awit kita mangertosbilih: Gusti tansah setya dhumateng panjenengan sedaya. Amin. |*SP
Senen, 6 Juli 2026 Minggu Limrah
Yeremia 27:1-11; Jabur 131; Rum 1:18-25 NANGING ATINE DADI PETENG“Amarga sanadyan padha mangerti marang Allah, wong-wong mauora padha ngluhurake Panjenengane kang jumeneng Allah, utawa ora padhasaos sokur marang Panjenengane. Nanging pangangen-angene dadipadha tanpa guna, lan atiné kang bodho padha dadi peteng.”(Rum 1:21) Amargi kawicaksananipun Gusti Allah, manungsa nampi kabingahanlumantar pakaryan lan sedaya titahipun ing donya punika; alam raya, langit,bumi, segara, lan samukawis kang katitahaken kanthi rahayu, punikaminangka pawartos bilih Gusti Allah punika saestu wonten, Maha Kuwasa,saha Maha Wicaksana. Nanging sayektosipun kathah manungsa ingkangnglirwakaken kawontenanipun. Sinaosa sampun nyumurupi panguwaos lankamulyaning Gusti Allah lumantar pakaryanipun, nanging manungsa botennggadahi manah pitados lan purun ngluhuraken Panjenenganipun.Ayat nats punika nyariosaken bilih sanadyan manungsa sampun mangertosibab sinten Allah punika, nanging boten ngluhuraken Panjenenganipun minangkaPangeran. Atinipun malah dipun isi pepeteng, boten purun memuji lanmatur nuwun syukur. Pikiranipun kecalan pitedah gesang ingkang leres,malah milih nyembah sesamining titah, kewan, utawi barang kasat netrasanesipun – tinimbang nyembah Gusti Allah ingkang nitahaken punika sedaya.Punika nedahaken bilih pangangen-angen lan manahipun manungsa badhemuspra menawi boten ngandelaken kuwaos lan kawelasaning Gusti Allah.Miturut pawartos punika, kita sami dipun emutaken supados tansahemut, muji, lan ngluhuraken Gusti Allah ing salebeting gesang padintenan.Sampun ngantos gesang kita katutup petenging jagad, nanging kita kedahdados tiyang ingkang tansah matur nuwun, nresnani kamulyanipun GustiAllah, saha manembah dumateng Panjenenganipun kanthi tulus. Sranamekaten kita badhe tansah kaparingan pepadhang saking Gusti Allah, supadossaged misuwuraken asmanipun saha lumampah manut pitedahipun. Amin. |*SP
Ahad, 5 Juli 2026 Minggu Limrah
Zakharia 9:9-12; Jabur 145:8-14; Rum 7:15-25a; Mateus 11:16-19; 25-30 PADHA MRENEA, AKU BAKAL GAWE AYEMMU”He, para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrenea, Aku bakalgawe ayemmu. Pasanganku padha tampanana ing pundhakmu lan padhanggegurua marang Aku, awit Aku iki alus lembah ing budi, temahan kowebakal padha oleh ayeming nyawamu. Amarga pasanganKu iku kapenaklan momotanKu iku entheng.” (Mateus 11:28-30) Gusti Yesus paring pangandika kanthi kebak ing sih kawelasan, nimbalipara manungsa ingkang ngraosaken kesayahan lan kamomotan ing gesangipun: “He, para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrenea, Akubakal gaeé ayemmu.” Pangandikan punika mboten namung timbalan, anangingngemu setunggaling pawartos kabingahan ingkang kebak sih-rahmat. Gustipirsa raos sangsara ing manah, momotaning gesang ingkang dipun alamidening manungsa. Panjenenganipun nyawisaken pangayoman kang tulus,sarta panglipur ingkang sejati tumrap saben tiyang ingkang marek sowankanthi manah nglentih, andhap asor, lan nyadhong pitulunganipun Gusti.Panjenenganipun ugi paring dhawuh: “Pasanganku padha tampananaing pundhakmu lan padha nggegurua marang Aku, awit Aku iki alus lan lembah-manah, satemah kowe bakal padha olèh ayeming nyawamu.” Pasangan/Kuk punika pralambang nunggil lan mbangun sesambetan kaliyan Gusti,ingkang boten damel sayah nanging paring kakiyatan.Sedaya punika ngemu teges, sinten kemawon ingkang kersa marekwonten ngarsanipun Gusti kanthi manah ingkang tulus, badhe nampi katentreman.Katentreman ingkang boten namung wonten ing sak njawining gesang, nangingnyantosakaké jiwanipun manungsa sakwetahipun. Pramila, sumangga kitasami tumungkul, ndedonga lan nampi kekiyatan sejati saking Gusti Yesus,supados gesang kita saged lumampah miturut pitedahing Panjenenganipun,lan kawelasanipun saged kita raosaken ing salebeting gesang saben dinten.Amin. |*SP
Setu, 4 Juli 2026 Minggu Limrah
Zakharia 4:1-7; Jabur 145:8-14; Lukas 10:21-24 KABEGJAN TUMRAP WONG KANG SUMARAH“Ing nalika iku Yésus sukarena ing sajroning Roh Suci banjur matur, “Dhuh,Rama, Gustinipun langit kaliyan bumi. Kawula ngunjukaken gengingpanuwun, déné prakawis punika sadaya Paduka damel wados tumrappara tiyang wicaksana lan winasis, nanging Paduka lairaken dhateng laréalit. Inggih, Rama, Kawulasaos panuwun wonten ing ngarsa Paduka, déné punika ingkang dadoskeparenging panggalih Paduka.” (Lukas 10:21) Ing wekdal punika, Gusti Yesus ngluhuraken Sang Rama kanthi kabingahaning Roh Suci. Panjenenganipun ngaturaken panuwun awit Sang Rama maringipangertosan bab Kratoning Allah mboten dhateng tiyang wicaksana lan pinter,nanging malah dipun wahyokake dhumateng tiyang alit. Punika maringipiwucal dhumateng kita bilih sih-rahmat lan kawruh bab karahayon botengumantung marang kapinteran, nanging gumantung marang kasucèningatiné tiyang ingkang andhap asor sarta sumarah.Gusti Yesus ngandharaken bilih sedaya perkawis dipun pasrahaké dhumatengPanjenenganipun dening Sang Rama. Namung Gusti Yesus piyambak ingkangsaged paring pangertosan bab Sang Rama, lan menawi wonten ingkangbadhé mangertos Sang Rama, punika namung saged lantaran Sang Putra.Piwucal punika maringi kawruh bilih kita kedah nyawiji kaliyan Gusti Yesuskanthi iman lan katresnan, awit namung Panjenenganipun margi ingkangsaged tumuju dhateng karahayon lan pitepangan ingkang sejati dhumatengGusti Allah, boten wonten sanesipun malih.Ing pungkasanipun, Gusti Yesus ngandika dhumateng para sakabat, bilihkabegjanipun tiyang ingkang saged nyumurupi lan mireng pangandikanéGusti punika ageng sanget. Kathah nabi lan raja ing jaman kepengker kepenginperkawis punika, nanging boten kelampahan. Kita ugi kalebet tiyang ingkangbegja, awit kita saged ndedonga, maos Kitab Suci, lan ngraosaken kabarkabungahan saking Gusti Yesus saben dinten. Amin. |*SP
Setu, 4 Juli 2026 Minggu Limrah
Zakharia 4:1-7; Jabur 145:8-14; Lukas 10:21-24 KABEGJAN TUMRAP WONG KANG SUMARAH“Ing nalika iku Yésus sukarena ing sajroning Roh Suci banjur matur, “Dhuh,Rama, Gustinipun langit kaliyan bumi. Kawula ngunjukaken gengingpanuwun, déné prakawis punika sadaya Paduka damel wados tumrappara tiyang wicaksana lan winasis, nanging Paduka lairaken dhateng laréalit. Inggih, Rama, Kawulasaos panuwun wonten ing ngarsa Paduka, déné punika ingkang dadoskeparenging panggalih Paduka.” (Lukas 10:21) Ing wekdal punika, Gusti Yesus ngluhuraken Sang Rama kanthi kabingahaning Roh Suci. Panjenenganipun ngaturaken panuwun awit Sang Rama maringipangertosan bab Kratoning Allah mboten dhateng tiyang wicaksana lan pinter,nanging malah dipun wahyokake dhumateng tiyang alit. Punika maringipiwucal dhumateng kita bilih sih-rahmat lan kawruh bab karahayon botengumantung marang kapinteran, nanging gumantung marang kasucèningatiné tiyang ingkang andhap asor sarta sumarah.Gusti Yesus ngandharaken bilih sedaya perkawis dipun pasrahaké dhumatengPanjenenganipun dening Sang Rama. Namung Gusti Yesus piyambak ingkangsaged paring pangertosan bab Sang Rama, lan menawi wonten ingkangbadhé mangertos Sang Rama, punika namung saged lantaran Sang Putra.Piwucal punika maringi kawruh bilih kita kedah nyawiji kaliyan Gusti Yesuskanthi iman lan katresnan, awit namung Panjenenganipun margi ingkangsaged tumuju dhateng karahayon lan pitepangan ingkang sejati dhumatengGusti Allah, boten wonten sanesipun malih.Ing pungkasanipun, Gusti Yesus ngandika dhumateng para sakabat, bilihkabegjanipun tiyang ingkang saged nyumurupi lan mireng pangandikanéGusti punika ageng sanget. Kathah nabi lan raja ing jaman kepengker kepenginperkawis punika, nanging boten kelampahan. Kita ugi kalebet tiyang ingkangbegja, awit kita saged ndedonga, maos Kitab Suci, lan ngraosaken kabarkabungahan saking Gusti Yesus saben dinten. Amin. |*SP
Jemuwah, 3 Juli 2026 Minggu Limrah
Zakharia 2:6-13; Jabur 145:15-21; Rum 7:7-20 PANGERTEN TUMRAP DOSA LAN SABDANE GUSTI“Sabab apa bae kang daktindakake iku, aku dhewe ora mangerti. Awit apakang daktindakake iku mau dudu kang dakkarepake; nanging apakang daksengiti, iku kang daktindakake.”(Rum 7:15) Angger-anggering Toret mujudaken paugeran ingkang sae awit nuntunmanungsa kangge mangertos lan tepang bab dosa. Emanipun, awit dosasampun nguwaosi gesanging manungsa, paugeran punika malah nuwuhakenpepenginan pepenginan jahat ing manahipun manungsa kados ingkangdipun gambaraken wonten ing waosan dinten punika.Saben pribadi sejatosipun nggadahi niyat kangge nindakaken kabecikan,emanipun asring kelampahan niyat becik punika kawon kaliyan pepenginan-pepenginan jahat ingkang mapan wonten ing telenging manah. Perkawispunika saged kelampahan awit gesangipun manungsa sampun dipun kuwaosidening dosa. Pramila niyat kepengin nindakake kang becik, ananging ingkangkelampahan malah kosok wangsulipun, inggih punika tumindak ingkang ala.Punika mbuktekaken bilih tanpa pitulunganipun Allah kabecikan lankesaenaning manungsa mesthi kawon kaliyan pepenginan-pepenginan jahat.Manungsa mboten saget ngawonaken dosa sauger namung ngandelakenkekiyatanipun piyambak.Waosan kita wekdal punika paring penget, sinaosa kita sampun nampikamardikan, uwal saking pamblengguning dosa lan ngrasuk gesang anyar,pranyata dosa taksih saged nuwaosi gesang kita lan njurungi kanggetumindak awon. Pramila mekaten, kita kedah tansah gumantung dumatengSih Rahmatipun Gusti, Tegen ndedonga lan nyuwun kekiyatan supadossaged gesang manut karsanipun Gusti. Kanthi cara menika, kita saged ngrasukgesang anyar wonten salebeting panganthinipun Roh Suci. Nglampahi gesangingkang mbingahaken lan damel rena ing ngarsanipun Gusti. Amin. |*SP
Kemis, 2 Juli 2026 Minggu Limrah
Zakharia 1:1-6; Jabur 145:8-14; Rum 7:1-6 GESANG ANYAR ING SANG KRISTUS“Nanging saiki kita wis kauwalake saka ing angger-anggering Toret, awitkita wis padha mati tumrap kang maune ngunjara kita, satemah saiki kitaleladi ana ing kaanan kang anyar, manut ing Roh, ora ana ing kaanan lawasmanut ing tulisane angger-anggering Toret.”(Rum 7:6) Sakderengipun Gusti Yesus rawuh ing donya, manungsa kawengkudening angger-anggering Torat. Angger-angger punika mujudaken paugeraninggesang ingkang nuntun umat kangge mangertos bab dosa lan ngudi gesangsuci. Nanging, Rasul Paulus mucalaken, angger-angger punika boten sagedmilujengaken. Manungsa saged wilujeng namung krana Sih RahmatipunAllah lantaran pangurbananipun Gusti Yesus ing kajeng salib. Ing Rum 7:1-6, Paulus ngandharaken menawi tiyang pracaya sampun “pejah” tumrapangger-angger lan sampun dados kagunganipun Sang Kristus. Mliginipunayat 4 ngandharakén: “Kowe saiki wus padha mati tumrap angger-anggerawit saka badané Kristus, supaya kowe padha dadi kagungane wong liya,yaiku kagungane Panjenengane kang wus wungu saka ing antarane wongmati, supaya kita bisa ngasilaké woh kanggo Allah.”Krana pangurbananipun Sang Kristus ing kajeng salib tiyang pitados nampikamardikan sejati, lumebet ing gesang anyar uwal saking pamblengguningangger-anggering Toret. Emanipun, ing wekdal samangke kathah tiyangKristen ingkang gesangipun taksih kablenggu ing angger-angger punapa denedosa lan kalepatan ingkang katindakaken ing wekdal kepengker. Satemahboten saged ngraosaken kabingahan awit sampun nampi sih rahmatipunAllah arupi pangapuntening dosa lan kawilujengan.Sabda pangandika dinten punika paring penget ngengingi adeg kitaminangka tiyang ingkang sampun nampi kamardikan sejati, ngrasuk gesanganyar ing Sang Kristus. Kedahipun gesang kita tansah katuntun denging RohSuci, mboten nggega pikajeng kita piyambak, temahan saged ngasilakenwoh kagem kamulyaning Allah. Amin. |*SP
Rebo, 1 Juli 2026 Minggu Limrah
Yeremia 18:1-11; Jabur 119:161-168; Mateus 11:20-24 SAMPUN NAMPI TANDHA, PRACAYAA…!“Bilai kowe Khorazin, bilai kowe Betsaida, sabab menawa ing Tirus laning Sidon iya kalakon ana mukjijat-mukjijat kaya kang wus kalakonana ing tengah-tengahmu, mesthi wis biyen-biyen anggonepadha mratobat lan sedhih banget.”(Matius 11:21) Ing waosan punika, Gusti Yesus ngandika bab kitha-kitha ingkang botennampi piwucal lan pepengetipun Gusti kanthi saestu, sanajan tiyang-tiyanging kitha punika sampun sami ningali mukjizat-mukjizat ingkang dipuntindakaken dening Gusti Yesus punika. Punika dados pepeling tumrap kita,menawi pangertosan iman kedah dipun wujudaken ing gesang sabendinten. Gusti Allah paring piwucal lan sih-rahmat, nanging panjenengankedah mbikak manah lan sumadya nindakaken dhawuhipun.Wonten sagolonganing tiyang ingkang remen ngraosaken renunganSabdhainpun Gusti, nanging napa ingakang dipun renungaken boten wetahdipun tindakaken. Wonten cariyos inspiratif, ingkang nggambaraken satunggalingtiyang sepuh ingkang nindakaken pangandikan Gusti. Panjenenganipunpensiunan dokter, sinaosa sampun pensiun, tetep kemawon ngladositiyang-tiyang miskin kanthi ikhlas lan tanpa bayaran. Anggenipun ngladosikanthi temen sanget, amargi saged mbiyantu sesami. Menika tuladha nyatamenawi piwucal bab iman kedah dipun gayuh saha kawujudaken lumantartumindak nyata.Mekaten ugi kita, sampun mangertos bilih dhawuhipun sang Kristus,mesthinipun boten cekap dipun pirengaken, nanging ugi kedah dipunlampahi kanthi tulus lan nyata. Iman sejati boten namung pitados, nangingngantos dados tumindak ingkang nglantarake berkah tumrap sanes-sanesipun. Gusti Yesus paring dhawuh supados anggen kita ndhereknindhakaken dhawuhipun kedah kanthi manah ingkang bingah. Mugi kitatansah semangat lan nindakaken iman kita saben dinten, supados berkahGusti lumantar kita saged rumasuk dhumateng tiyang sanes. Amin. |*SP
Slasa, 30 Juni 2026 Minggu Limrah
1 Para Raja 21:17-29; Jabur 119:161-168; 1 Yokanan 4:1-6 PURUN MRATOBAT“Bareng Sang Prabu Akhab midhanget pangandika iku, banjurnyuwek-nyuwek pangagemane lan ngagem bagor sarta siyam.Malah anggone sare uga ngagem bagor, tuwin manawa lumampahalon-alonan” (1 Para Raja 21:27) Sanadyan Prabu Akhab keblinthuk dening Izebel semahipun, nyrobotkebon angguripun Nabot, nanging pungkasanipun purun mratobat. PrabuAkhab ngakeni dosanipun ing ngarsanipun Gusti, kanthi pralambang nyuwek-nyuwek pangagemanipun lajeng ngagem busana bagor, tuwin siyam.Mratandhani gesangipun wonten kotoripun, ingkang mboten damel renanipunGusti, mila lajeng ngasoraken gesangipun lan mratobat.Mratobat minangka tumindak sae ing gesanging manungsa. Manungsaingkang swaunipun sesarengan kaliyan si dosa, gesang ing prekawis alalajeng “balik kanan”, nilar si dosa lan tumindak-tumindak alanipun. Lajengnyelak kaliyan Gusti, ngadhep dhumateng Gusti menapa dene setyadhateng pangandikanipun Gusti. Tiyang ingkang mratobat mboten cathuklawung malih kaliyan si dosa, awit samangke sampun dados pendherekipunGusti. Mboten dados abdinipun si iblis malih.Tumindak mratobat dados tumindakipun sedaya manungsa ing ngarsanipunGusti. Mboten wonten benten-bentenipun, inggih tiyang sugih-mlarat, tiyangkutha-ndesa, para pejabat-masyarakat limrah, menapa dene warga dewasalan putra. Rikala manungsa dhumawah tumindak dosa sageda enget ingdosanipun, lajeng enggal nilar dosa wau lan mratobat, gesang ing bebeneripunGusti.Manungsa ampun ngantos gumunggung ing kasaenanipun, menapadene rumaos sampun sae tanpa kalepetan dosa. Tiyang ingkang mekatenmenika dados tiyang munafik ingkang gesang ing apus-apus. Bebasan bathangingkang mambet, nanging dipun bungkus kain ingkang sae lan dipun semprotparfum. Mila, gandanipun “semerbak”, wangi, sanadyan aslinipun mbotenmekaten. Tiyang ingkang ala lan tumindak dosa, sageda purun ngakeni dosanipuning ngarsanipun Gusti. Purun mratobat, wangsul ing margi bebeneripunGusti. Ampun ngantos dados tiyang munafik.Mratobat menika minangka tumindak kinurmatan ing ngarsanipunGusti. Sageda katindakaken kanthi gumolonging manah. Amin |*KR
Senen, 29 Juni 2026 Minggu Limrah
1 Para Raja 21:1-16; Jabur 119:161-168; Tesalonika 4:9-12 NGESTOKAKEN DHAWUHIPUN GUSTI“Kawula ngestokaken dhateng dhawuh pepenget Paduka,sanget anggen kawula remen.”(Jabur 119:167) Kathah ingkang mralambangaken pangandikanipun Gusti minangkadilah ingkang madhangi lampahing tiyang pitados, minangka tetedhankasukman ing ndamel tuwuking tata pitados. Sedayanipun menika leres lansageda katampi kanthi suka bingah. Pralambang wau prayogi tumrap sedayamanungsa, supados manungsa tansah celak kaliyan pangandikanipun Gustiing sauruting gesangipun.Ingkang langkung wigatos tumrap warganing pasamuwan inggihmenika nindakaken pangandikanipun Gusti. Tiyang Kristen minangka tiyangpitados purun nindakaken dhawuhipun Gusti ing sauruting gesangipun.Kados ingkang dados kekidunganipun Prabu Dawud “Kawula ngestokakendhawuh pepenget Paduka”. Ngemu teges kawula purun nindakaken menapaingkang dados dhawuh-dhawuhipun Gusti. Kawula mboten nebih sakingpangandikanipujn Gusti, kepara kawula celak, tansak celak lan tansah nindakakenpangandikanipun Gusti.Kejawi menika, mesthinipun nindakaken pangandikanipun Gusti kanthisuka bingah lan gumolonging manah. Ampun ngantos nindakaken dhawuhipunGusti kanthi kapeksa lan awrating manah. Menawi taksih ngraosaken kapeksasaha awrating manah, ateges dereng saged ngraosaken “ecanipun” dhaharanpangandikanipun Gusti. Pangandikanipun Gusti “eca” ndamel panglipuranlan suka bingah, ndamel tentrem rahayu lan wilujeng, ndamel gesang nggadhahipangajeng-ajeng ing tembe wingking, mboten semplah ing manah.Ing gesang tata lair manungsa saged remen dhaharan upaminipun sateayam, garang asem, ayam tim, utawi namung bothok. Mekaten ugi gesangtata kasukman, sageda remen tumrap pangandikanipun Gusti. Rikalapangandikanipun Gusti nuding lepatipun manungsa sageda katampi bebasansambel trasi ingkang pedhes nanging ngangeni. Pangandikanipun Gustinimbali mratobat, sageda katampi minangka pralambang jamu pait ingkangndamel kiyating tata kasukman. Mila, pangandikanipun Gusti dipun tampikanthi suka bingah lan gumolonging manah. Amin |*KR
