+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 2 Juli 2026 Minggu Limrah

Zakharia 1:1-6; Jabur 145:8-14; Rum 7:1-6

GESANG ANYAR ING SANG KRISTUS
“Nanging saiki kita wis kauwalake saka ing angger-anggering Toret, awit
kita wis padha mati tumrap kang maune ngunjara kita, satemah saiki kita
leladi ana ing kaanan kang anyar, manut ing Roh, ora ana ing kaanan lawas
manut ing tulisane angger-anggering Toret.”
(Rum 7:6)

Sakderengipun Gusti Yesus rawuh ing donya, manungsa kawengku
dening angger-anggering Torat. Angger-angger punika mujudaken paugeraning
gesang ingkang nuntun umat kangge mangertos bab dosa lan ngudi gesang
suci. Nanging, Rasul Paulus mucalaken, angger-angger punika boten saged
milujengaken. Manungsa saged wilujeng namung krana Sih Rahmatipun
Allah lantaran pangurbananipun Gusti Yesus ing kajeng salib. Ing Rum 7:1-
6, Paulus ngandharaken menawi tiyang pracaya sampun “pejah” tumrap
angger-angger lan sampun dados kagunganipun Sang Kristus. Mliginipun
ayat 4 ngandharakén: “Kowe saiki wus padha mati tumrap angger-angger
awit saka badané Kristus, supaya kowe padha dadi kagungane wong liya,
yaiku kagungane Panjenengane kang wus wungu saka ing antarane wong
mati, supaya kita bisa ngasilaké woh kanggo Allah.”
Krana pangurbananipun Sang Kristus ing kajeng salib tiyang pitados nampi
kamardikan sejati, lumebet ing gesang anyar uwal saking pamblengguning
angger-anggering Toret. Emanipun, ing wekdal samangke kathah tiyang
Kristen ingkang gesangipun taksih kablenggu ing angger-angger punapa dene
dosa lan kalepatan ingkang katindakaken ing wekdal kepengker. Satemah
boten saged ngraosaken kabingahan awit sampun nampi sih rahmatipun
Allah arupi pangapuntening dosa lan kawilujengan.
Sabda pangandika dinten punika paring penget ngengingi adeg kita
minangka tiyang ingkang sampun nampi kamardikan sejati, ngrasuk gesang
anyar ing Sang Kristus. Kedahipun gesang kita tansah katuntun denging Roh
Suci, mboten nggega pikajeng kita piyambak, temahan saged ngasilaken
woh kagem kamulyaning Allah. Amin. |*SP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *