Yeremia 18:1-11; Jabur 119:161-168; Mateus 11:20-24
SAMPUN NAMPI TANDHA, PRACAYAA…!
“Bilai kowe Khorazin, bilai kowe Betsaida, sabab menawa ing Tirus lan
ing Sidon iya kalakon ana mukjijat-mukjijat kaya kang wus kalakon
ana ing tengah-tengahmu, mesthi wis biyen-biyen anggone
padha mratobat lan sedhih banget.”
(Matius 11:21)
Ing waosan punika, Gusti Yesus ngandika bab kitha-kitha ingkang boten
nampi piwucal lan pepengetipun Gusti kanthi saestu, sanajan tiyang-tiyang
ing kitha punika sampun sami ningali mukjizat-mukjizat ingkang dipun
tindakaken dening Gusti Yesus punika. Punika dados pepeling tumrap kita,
menawi pangertosan iman kedah dipun wujudaken ing gesang saben
dinten. Gusti Allah paring piwucal lan sih-rahmat, nanging panjenengan
kedah mbikak manah lan sumadya nindakaken dhawuhipun.
Wonten sagolonganing tiyang ingkang remen ngraosaken renungan
Sabdhainpun Gusti, nanging napa ingakang dipun renungaken boten wetah
dipun tindakaken. Wonten cariyos inspiratif, ingkang nggambaraken satunggaling
tiyang sepuh ingkang nindakaken pangandikan Gusti. Panjenenganipun
pensiunan dokter, sinaosa sampun pensiun, tetep kemawon ngladosi
tiyang-tiyang miskin kanthi ikhlas lan tanpa bayaran. Anggenipun ngladosi
kanthi temen sanget, amargi saged mbiyantu sesami. Menika tuladha nyata
menawi piwucal bab iman kedah dipun gayuh saha kawujudaken lumantar
tumindak nyata.
Mekaten ugi kita, sampun mangertos bilih dhawuhipun sang Kristus,
mesthinipun boten cekap dipun pirengaken, nanging ugi kedah dipun
lampahi kanthi tulus lan nyata. Iman sejati boten namung pitados, nanging
ngantos dados tumindak ingkang nglantarake berkah tumrap sanes-
sanesipun. Gusti Yesus paring dhawuh supados anggen kita ndherek
nindhakaken dhawuhipun kedah kanthi manah ingkang bingah. Mugi kita
tansah semangat lan nindakaken iman kita saben dinten, supados berkah
Gusti lumantar kita saged rumasuk dhumateng tiyang sanes. Amin. |*SP
