Pangentasan 16:1-8; Jabur 95; Kolose 1:15-23 MANTEP ING PRACAYA“Marga saka iku kowe kudu padha mantep ing pracaya, tetep santosa ora keguh, lan aja nganti nyleweng saka ing pangarep-areping Injil kang wus padha kokrungu …” (Kolose 1:23) Ing satunggaling wekdal, wonten sedherek patunggilan ingkang sanja wonten pastori. Anggenipun sowan saperlu nyuwun idi pangestu anggenipun kepareng badhe ngupadi penglaris. Awit sampun sawetawis wekdal, bakulanipun wonten ing peken, boten pajeng. Kados-kados anggenipun bebakulan punika “boten ketingal”. Saben-saben wonten pelanggan ngadeg ing ngajengipun wande, celingukan kemawon, boten ngaruh-aruhi lan lajeng kesah. Piyambakipun nggraita menawi wandenipun dipun damel tiyang supados boten ketingal lan boten pajeng. Ing salebeting pirembagan bapa pandhita lajeng nyariosaken lelampahaning bangsa Israel kaentasaken saking tanah pangawulan Mesir. Tumuju ing tlatah prasetyan Kanaan. Gusti Allah saestu nresnani lan mitulungi umatipun Israel nalikanipun nampeni mawerni-werni panandhanging gesang. Nembe kemawon nyabrang benawi Teberau, ingkang piyak mangiwa lan manengen, bangsa Israel sami kasatan. Ndilalah nalikanipun dumugi Mara, manggihakensendang nanging boten saged sami ngombe amarga toyanipun raosipun pait. Gusti Allah sanalika ndhawuhi nabi Musa kapurih nyemplungaken kajeng ing sendang punika lan lajeng toyanipun dados tawa lan kenging kangge ngombe. Salajengipun nalika dumugi Elim, panandhanging gesangnempuh malih. Bangsa Israel sami kerapan. Ing ngriku Gusti Allah maringi tedha umatipun kalawan Manna, inggih rotining kaswargan ingkang raosipun manis kadosdene puan, ingkang tumurun saking akasa kados dene ebun. Lumantar cariyos punika bapa pandhita melehaken warganing patunggilankalawau anggenipun boten bacutaken kekarepanipun ngupadi penglaris. Jer sedaya panandhang punapa dene pacoban punika sarananing Gusti Allah ndadar kumandeling umat wonten ing ngarsanipun. Laras kaliyan nas, “Marga saka iku kowe kudu padha mantep ing pracaya, tetep santosa ora keguh, lan aja nganti nyleweng saka ing pangarep-areping Injil kang wus padha kokrungu,…”. Gusti Mberkahi! I*AJ
Rebo, 04 Maret 2026 Minggu Pra Paskah II
Yehezkiel 36:22-32; Jabur 128; Yokanan 7:53-8:11 AMPUN NJEKSANI!“Aku uga ora ngukum kowe. Lungaa, lan wiwit saikiaja gawe dosa maneh!”(Yokanan 8:11) Satunggaling karakter menggah tiyang ingkang ngabekti Gusti inggihpunika njagi kasucening gesangipun. Emanipun kathah ingkang sami salahkaprah menggah kasucening gesang. Inggih punika anggenipun netepisedaya angger-anggeripun Gusti klawan wanthah (tersurat). Kadosta botengepok senggol tumrap sedaya ingkang kawawas najis/reged. Badhea punikagegayutan kaliyan tetedhan, sesrawungan punapa dene pandamel ingkangcengkah kaliyan angger-anggeripun Gusti. Memper nalikanipun wontensedherek ingkang dhumawah ing dosa, anggenipun nyaruwe lan njeksani;prasasat “enthek amek; kurang golek”. Laras kaliyan paribasan “Kuman diseberang lautan tampak, gajah di pelupuk mata tidak nampak.”Waosan injil dinten punika nyariosaken wontenipun para ulama lantiyang Farisi ingkang nyowanaken sawijining pawestri ingkang konanganlampah jina wonten ing ngarsanipun Gusti Yesus. Ancasipun murih GustiYesus njeksani lajeng paring paukuman dhateng pawestri kalawau kalawanrajam. Inggih punika dipun benturi sela ngantos dumugi pejah. Satunggalingpaugeraning Yahudi ingkang cengkah kaliyan angger-angger katresnaningkang dados piwucalipun Gusti Yesus, minangka jiret ingkang kapasangdening para ulama lan tiyang Farisi anggenipun nyingkiraken Gusti Yesus.Begjanipun Gusti Yesus boten njurungi punapa ingkang dadospikajengipun tiyang-tiyang kalawau. Timbangipun njeksani lan ngukumpawestri kalawau, Gusti Yesus dangu: “Sapa bae panunggalanmu kangtanpa dosa, iku miwitana mbenturi watu wong wadon iku.” Pangandikaingkang mbereg kawula sedaya murih mulad sariranipun piyambak,saderengipun sami njeksani punapa dene ngukum asanes. Satemah botenwonten satunggal kemawon ingkang kumawantun mendhet sela lanbenturi pawestri kalawau. Tumunten Gusti Yesus lajeng ngendika: “Aku ugaora ngukum kowe. Lungaa, lan wiwit saiki aja gawe dosa maneh!”. AmpunNjeksani Pepadha! |*AJ
Slasa, 03 Maret 2026 Minggu Pra Paskah II
Yesaya 65:17-25; Jabur 128; Rum 4:6-13 RAHAYU!“Rahayu saben wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah,sarta kang ngambah ing dalan pitedahe.”(Jabur 128:1) Pamujinipun sedaya tiyang ingkang gesang inggih punika karahayon.Miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia, rahayu nggadhahi teges kawontenaninggesang ingkang santosa, tentrem, sarwa cekap (rahardja) lan wilujeng.Kawontenan ingkang saestu dados idham-idhamaning sedaya tiyang ingkanggesang.Murih kebabaripun kathah ingkang sami ngupadi karahayon kalawanneter kakiyatan lan kasudibyanipun. Boten ngemungaken sekolah, anangingkedah dherek les punapa dene Bimbingan Belajar murih saged pikanthukbiji ingkang sae. Boten ngemungaken nyambut damel, ananging kedahnggadahi samben mawerni-werni murih cekaping kabetahanipun. Bebasansirah dadi sikil, sikil dadi sirah. Boten mawang wayah lan sayah. Emanipun,saksampunipun pambudidaya ingkang saklangkung punika, kathah ingkangsami gela lan semplah nalikanipun boten kajurungan sedyanipun. Wondeneingkang kajurungan, boten ngraosaken marem, malah sangsaya ngangah-angah.Benten nalikanipun karahayon punika kita ecakaken minangka peparing,sanes pambudidaya. Satemah, kados pundia kemawon kawontenan kita,bingah sisah; begja cilaka, karahayon tansah karaosaken. Paribasan “Asuajag lan cempe bakal nyenggut bebarengan, singa bakal mangan dami kayasapi sarta ula uripe bakal saka lebu.” (Yesaya 65:25) perangan ingkangsaestunipun benten, bebencengan lan tansah bengkeran, wonten ing GustiAllah saged sami gesang sesarengan.Salajengipun, punapa pambudidaya boten kabetahaken malih murihsagedipun rahayu? Pambudidaya tetep kemawon dipun betahaken. Sanajanboten malih kalebet piranti utawi ubarampe, ananging minangka wujudingraos kumandel lan panuwun sokur wonten ing ngarsanipun Gusti ingkangsampun kepareng paring karahayon. Laras kaliyan nas “Rahayu saben wongkang ngabekti marang Pangeran Yehuwah, sarta kang ngambah ing dalanpitedahe.” Rahayu! |*AJ
Senen, 02 Maret 2026 Minggu Pra Paskah II
Wilangan 21:4-9; Jabur 128; Ibrani 3:1-6 KUMANDEL GUSTI“… Angger kita padha kukuh ing pracaya sarta ing pangarep-arepkang kita agung-agungake nganti tumeka ing wekasan”(Ibrani 3:6) Miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI), kumandel utawi imaninggih punika kapitadosan ingkang lebet sinartan pangaken lan pandamel.Wondene miturut Kitab Suci, mirungganipun ing Ibrani 11:1, kumandelinggih punika “dhasaring samubarang kang kita arep-arep sarta cihnaningsamubarang kang ora katon”. Bebasan taneman, menawi wijinipun dipundhedher lan dipun sirami, temahan thukul, ngrebda lan ngrembaka; ngedalakenuwoh. Sanajan tuwuhing tanaman, wiwit winihan ngantos awoh punikaboten dumadakan. Dipun betahaken wekdal lan pambudidaya. Emanipun,kathah tiyang ingkang ngarah kepengin uwohipun kemawon. Boten purunngrabuk, matun lan nyemprot. Kados pundi anggenipun badhe uwoh?Makaten ugi nalikanipun bangsa Israel kapiji minangka umat prasetyanipunGusti. Bangsa Israel linuwaran saking pangawulaning bangsa Mesir lankaparingan tlatah prasetyan Kanaan, ingkang luber puwan lan madu.Emanipun, bangsa Israel sami boten sabar lan nggege mangsa anggenipunenggal nampi tlatah prasetyan. Satemah sami mbalela Gusti klawan pangucap:“Kenging punapa kula kok sami panjenengan kesahaken saking tanahMesir? Punapa supados kula sami pejah wonten ing pasamunan ngriki?Wusana sami dipun ukum dening Gusti kalawan sawer mandi. Sanyata kumandelpunika boten mandeg ing lesan kemawon, ananging kedah kebabar ing sadengahpandamel klawan sabar lan tumemen.Kumandel ingkang kinanthenan pandamel sabar lan temen, sampunkebabar ing pakaryan kawilujenganipun Gusti Allah wonten ing Sang KristusYesus lumantar pakaryan salib lan sedanipun. Menawi Gusti Allah sampunkepareng netepi prasetyanipun klawan sabar lan temen, sampun sakmesthinipunanggen kita kumandel inggih kinanthenan sabar lan temen. Inggih punikasrana ngabekti marang Panjenengane lan ditansah ngambah ing margipitedah-ipun. Kumandela ing Gusti.|*AJ
Ahad, 01 Maret 2026 Minggu Pra Paskah II
Purwaning Dumadi 12:1-4a; Jabur 121; Rum 4:1-5, 13-17; Yokanan 3:1-17 PIRANTINING BERKAH“… sarta sira bakal dadi jalarane para bangsa ing salumahing bumi padha binerkahan.”(Purwaning Dumadi 12:3b) Satunggaling pamuji tumraping para pitados boten sanes dadospirantining berkah dhateng asanes. Inggih punika peranganing gesangingkang migunani tumrap ing sesami. Emanipun, kathah ing antawis kitaingkang rumaos gesang ing salebeting karingkihan lan kasekengan. Kadospundisaged mitulungi asanes, mitulungi awakipun piyambak kemawon dereng saged.Pramila kathah ingkang sami mbudidaya murih anggadhahi kaluwihan,badhea punika drajat, pangkat punapa dene kasugihan. Iba begjanipunmenawi kadumugen, menawi boten punapa salaminipun kita boten sageddados pirantining berkah?Nalikanipun Sang Yehuwah andhapuk Rama Abraham dados pirantiningberkah tumraping bangsa-bangsa, Sang Yehuwah dhawuh supados RamaAbraham nilar sedayanipun. “Sira lungaa ninggala tanahira, kulawangsanira lanomahe bapakira.” (Purwaning Dumadi 12:1) Kadhawuhan lumampah tumujutlatah ingkang dipun tedhahaken dening Sang Yehuwah. Rama Abrahamlajeng kesah dhateng papan ingkang dereng dipun mangertosi. Bab punikanelakaken kapitadosanipun dhumateng Gusti.Sanyata, Rama Abraham anggenipun dados berkah tumraping bangsa-bangsa awit kumandelipun ing Sang Yehuwah. Laras kaliyan pangandika ingserat Rum 4:3 makaten: “Rama Abraham banjur pracaya marang GustiAllah, lan iya bab iku kang kaetang dadi kabeneran tumrap panjenenganedening Gusti Allah.” Cundhuk kaliyan paseksinipun jabur 121 ingkang mratelakenbilih etuking pitulungan punika namung saking Sang Yehuwah ingkang nitahakenlangit lan bumi.Pramila mekaten pranyata bilih sarana punapadene ubarampe anggenipundados pirantining berkah punika sanes kaluwihan lan kasugihan kejawiamung kumandel ing Gusti Allah. Laras kaliyan cakepaning KPJ 106 “AmungKumandel iku uwiting karosanku. Amung kumandel iku etuking kraharjanku.”Sangsaya bakoh kumandelipun sangsaya santosa karosan lan karaharjanipunsatemah kasagedaken dados pirantining berkah tumrap asanes. |*AJ
Setu, 28 Februari 2026 Minggu Minggu Pra Paskah I
Yesaya 51:4-8; Jabur 121; Lukas 7:1-10 JUJUR PUNIKA AJUR?“Padha ngrungokna Ingsun, he sira kang padha sumurup maranging kabeneran, he bangsa kang nyimpen piwulangSun ana ingsajroning atinira! Aja padha wedi manawa padha kawewadadening manungsa lan aja padha kaget manawa kaala-ala.”(Yesaya 51:7) “Jujur iku ajur”. Tembung punika asring ndadosaken tiyangnglokro, ajrih lankuwatos manawi badhe jujur. Mila kathah ingkang lajeng tumindak botenjujur. Pancen, ing gesang padintenan asring kelampah, tiyang ingkang jujurlampahipun kadosipun kok malah rekaos gesangipun. Wonten ugi tiyangjujur ingkang lajeng dipun sengit ngantos dipun singkiraken dening tiyangsanes. Kedadosan-kedadosan ingkang kados mekaten sangsaya damel semplahlan ndadosaken pesimis. Ananging punapa leres tiyang jujur punika mesthibadhe ajur?Pangandikanipun Gusti lumantar Nabi Yesaya, nandhesaken bilih GustiAllah ngersakaken umatipun tansah tuhu setya lumampah lan nindakakenkabeneran. Pancen, kangge nindakaken bab punika kathah pepalangipun.Ananging Gusti Allah ngiyataken umatipun supados ampun ngantos ajrihdhateng manungsa. Sinaosa dipun pitenah lan dipun sengit dening tiyangsanes, umatipun Gusti ampun ngantos giris. Sejatosipun, daya kekiyataningmanungsa punika boten langgeng, kosokwangsulipun panguwaosipun GustiAllah punika langgeng salami-laminipun. Inggih namung Gusti Allah ingkangkagungan panguwaos mengku gesang lan pejah, namung Gusti Allah ingkangsaged milujengaken.Payo sami mbudidaya tumindak jujur lan lumampah ing marginipunGusti, tansah tatag mbelani kabeneran lan kaadilan. Punika gesang ingkangaji wonten ing ngarsanipun Gusti. Kita katimbalan ngabekti lan ngaosi GustiAllah nglangkungi raos urmat lan ajrih kita dhateng manungsa. |*EW
Kemis, 26 Februari 2026 Minggu Pra Paskah I
Yesaya 51:1-3; Jabur 121; 2 Timoteus 1:3-7 DADOS TULADHA“Amarga aku kelingan marang pracayamu kang tulus eklas, yaiku pracayakang biyen wus dumunung ana ing embahmu Lois lan ibumu Eunikeapadene kang manut keyakinanku uga dumunung ana ing kowe.”(2 Timoteus 1 :5) Timoteus punika salah satunggaling muridipun rasul Paulus ingkangkaanggep minangka putranipun secara rohani. Sinaosa tiyang sepuhipunTimoteus, inggih punika bapakipun punika sanes tiyang pitados, anangingingkang ibu lan ingkang eyangipun punika pendherekipun Gusti Yesus.Kapitadosan lan kasetyanipun ibu Eunike lan eyang Lois punika dados babingkang wigati tumrap gesangipun Timoteus. Saklajengipun, Timoteus ppunikasaged tuwuh ing kapitadosanipun dhumateng Gusti Yesus. Punapa malihsaksampunipun pepanggihan lan sinau saking rasul Paulus. Timoteus punikadados abdinipun Gusti ingkang sembada.Cariyos bab gesangipun Timoteus, ibu Eunike lan eyang Lois punikanandhesaken wigatosing patuladhanipun tiyang sepuh tumrap putra wayahipun.Kitab Suci nelakaken bilih Gusti Allah punika paring dhawuh supados tiyangsepuh nggulawentah anak-anakipun miturut angger-anggeripun Gusti,“Tembung-tembung kang diprentahake marang kowe ing dina iki, ikupadha gatekna, lan padha wulangna bola-bali marang anak-anakmu …”(Pangandharing Toret 6:6-7). Ing salebeting memulang lan nggulawentahanak putu punika, mesthinipun boten namung kanthi pitembungan,ananging ugi kanthi tumindak ingkang nyata. Kapitadosan lan sikepgesangipun tiyang sepuh prayogi dados tuladha tumrap putra wayahipun.Emanipun, taksih kathah tiyang sepuh ingkang nglirwakaken dhawuhipunGusti. Taksih kathah tiyang sepuh ingkang namung ngendelaken tiyang sanes(guru/sekolah, pandhita/greja) kangge nggulawenthah anakipun. Pancensekolah lan greja ugi dados sarana kangge ndhidhik lan nggulawentah lare,ananging tanggel jawab ingkang utami punika kadhawuhaken dhateng paratiyang sepuh. Sumangga budidaya dados tuladha ingkang nyata kangge anakputu kita ing bab kapitadosan lan kasetyan dhumateng Gusti kita. Amin. |*ERY
Rebo, 25 Februari 2026 Minggu Pra Paskah I
Pangentasan 34:1-9, 27-28; Jabur 32; Mateus 18:10-14 AMPUN NGANTOS ICAL“Mangkono uga Ramamu kang ana ing swargaora ngarsakake ilange bocah iki siji bae”(Mateus 18:14) Minangka umat kagunganipun Gusti Allah, kita punika asring mbalela,asring mlajar, boten purun dipun atur karana rumaos sampun saged milihmargi piyambak. Kanthi mekaten, kita malah dados kesasar lan dhawahwonten ing pacoben. Sanadyan sampun dhawah, kita ugi asring taksih rumaossaged uwal saking masalah kanthi kekiyatan kita piyambak. Kasunyatanipunkekiyatan kita punika dangu-dangu sangsaya suda, lan wusananipun telas.Kados pundi kita badhe nulungi diri kita piyambak manawi pranyata kitaboten gadhah daya lan panguwaos?Puji konjuk Gusti, dene Panjenenganipun punika Allah ingkang Mahatresna.Gusti Allah boten ngersakaken para kagunganipun ical lan kesasar. Kadosdenepangen ingkang tansah mbudidaya njagi menda-mendanipun, inggih kadosmekaten anggenipun Gustii Allah tansah njagi umat kagunganipun. Nalikawonten ingkang kesasar ing lampahipun, Sang Pangen punika kepareng madosimendanipun. Ingkang dhawah ing jurang, dipun tulungi sinaosa kedahngetohaken nyawanipun.Minangka para mendanipun Gusti, punapa kita tansah ngraos-raosakenkatresnanipun Gusti punika? Saben kita punika kaanggep aji wonten ingngarsanipun Gusti. Mila punika kita kaatag tansah gatos-ginatosaken inggesang punika. Manawi wonten sadherek ingkang mblasar, ingkang nebihsaking marginipun Gusti. Punika dados kewajiban kita kangge mbudidayanulungi sadherek punika supados boten ngantos kesasar lan ical.Pancen, bab punika boten gampil katindakaken. Ananging pitadosa,kita punika boten makarya piyambakan, Sang Roh Suci badhe nganthi lanmitulungi kita nindakaken timbalan punika. |*ERY
Slasa, 24 Februari 2026 Minggu Pra Paskah I
Purwaning Dumadi 4:1-16; Jabur 32; Ibrani 4:14-5:10 KUDU BISA NELUKAKE“Yen sira gawe becik apa ulatira ora bakal padhang? Nanging manawa siraora gawe becik, si dosa wus ndhedhep ana ing ngarep lawang sarta bangetanggone nggodha sira, nanging sira kudu bisa nelukake”(Purwaning Dumadi 4:7) Limrahipun, nalika tiyang nembe ngraosaken bab ingkang sekeca ingmanahipun, kadosdene raos sedhih, kuciwa, nesu, pasuryanipun badhe ketingalmurung, boten sumringah. Punika ugi ingkang kedadosan nalika Kain rumaoskuciwa lan nesu nalika piyambakipun ningali bilih Gusti Allah langkungkarenan dhateng kurbanipun Abel. Bab punika ndadosaken manahipunpanas lan rainipun peteng. Mbok manawi piyambakipun rumaos Gusti Allahboten adil, langkung nresnani Abel rayinipun.Ananging punapa leres Gusti Allah boten nggatosaken Kain? Saestuboten leres. Gusti Allah ugi tresna lan nggatosaken Kain, buktinipun GustiAllah ndangu Kain: “Yagene atinira panas lan yagene ulatira peteng?”. GustiAllah saklajengipun paring pepenget dhateng Kain, “Yen sira gawe becik apaulatira ora bakal padhang? Nanging manawa sira ora gawe becik, si dosawus ndhedhep ana ing ngarep lawang sarta banget anggone nggodha sira,nanging sira kudu bisa nelukake”. Punika wujuding katresanipun Gustidhateng Kain. Emanipun Kain boten nampi ngestokaken pangandikanipunGusti. Piyambakipun boten mbudidaya nelukake panggodahning dosa,malah manut pangrehing dosa. Punika ingkang ndadosaken piyambakipunboten saged nindakaken kasaenan, malah lajeng mejahi rayinipun.Pangandikanipun Gusti Allah dhateng Kain ing Purwaning Dumadi 4:7punika paring pitedah dhateng kita. Nalika manah kita rumaos peteng, ampunngantos paring kesempatan dhateng dosa kangge nguwaosi kita. Kita kedahnelukake panggodhaning dosa. Caranipun kadospundi? Inggih kanthi mbudidayanindakaken kasaenan. Kanthi nindakaken kasaenan, tegesipun kita punikangestokaken dhawuhipun Gusti lan mbangun turut dhumateng Gusti. Sikepmbangun turut dhumateng Gusti punika tegesipun boten manut dhatengIblis, kanthi mekaten kita sami nelukake utawi ngawonaken pangrehingdosa. Tansah estokna pangandikanipun Gusti! Amin. |*ERY
Senen, 23 Februari 2026 Minggu Pra Paskah I
I Para Raja 19:1-8; Jabur 32; Ibrani 2:10-18 DADOS SAMI KALIYAN MANUNGSA“Kang iku sarehne anak-anak iku saka getih lan daging,mulane panjenengane iya banjur dadi padha karo anak-anak maulan oleh panduman ing kaanane, supaya marga saka sedanePanejenengane nyirnakake Iblis kang nguwasani pati”(Ibrani 2:14) Sinten ta Gusti Yesus punika? Kathah tiyang sami nganggep bilih GustiYesus punika salah satunggaling nabi. Ateges nganggep Gusti Yesus punikamanungsa limrah kemawon ingkang dipun timbali dening Allah kanggemartosaken kasaenan. Pangertosan punika beda sanget kaliyan kapitadosanipuntiyang Kristen. Adhedhasar paseksinipun Kitabb Suci, tiyang Kristen samipitados bilih Gusti Yesus punika Gusti Allah piyambak ingkang keparengmanjalma dados manungsa. Bab punika katindakaken minangka saranaPanjenenganipun milujengaken manungsa ing dipun kuwaosi dening pamengkuningdosa lan pati.Kenging punapa Gusti Allah boten ngginakaken cara sanesipun kanggemilujengaken manungsa? Amargi Panjenenganipun punika Allah ingkangsetya lan boten ingkar janji. Gusti Allah sampun netepaken bilih pituwasingdosa punika pati. Pramila Panjenenganipun kedah ngawonaken pati kanthirawuh ing dosa awujud manungsa, nandhang sangsara, seda sinalib lan wungumalih. Wungunipun Gusti Yesus punika dados pratandha Panjenenganipunsampun ngawonaken pati. Mila sintena kemawon ingkang pitados lan nampipakaryanipun Gusti Yesus punika ugi badhe kawungokaken kangge nampigesang langgeng. Tegesipun, para gesangipun para pitados punika botenkawengku ing pati ananging gesang ing salebeting sih rahmatipun Gusti.Para sadherek, prayogi kita rumaos bingah lan tansah caos sokur dhumatengGusti Yesus, dene panjenengan lan kula kepareng nampi sih rahmatkawilujenganipun. Mila, sampun ngantos keguh ngadhepi piwucal-piwucalingkang badhe nggered kita nebih saking sih rahmatipun Gusti. Gusti Yesuspunika saestu Gusti Allah tuking kawilujengan lan karaharjan ing bumi dalahing swarga. Amin. |*ERY
