+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 24 Februari 2026 Minggu Pra Paskah I

Purwaning Dumadi 4:1-16; Jabur 32; Ibrani 4:14-5:10

KUDU BISA NELUKAKE
“Yen sira gawe becik apa ulatira ora bakal padhang? Nanging manawa sira
ora gawe becik, si dosa wus ndhedhep ana ing ngarep lawang sarta banget
anggone nggodha sira, nanging sira kudu bisa nelukake”
(Purwaning Dumadi 4:7)

Limrahipun, nalika tiyang nembe ngraosaken bab ingkang sekeca ing
manahipun, kadosdene raos sedhih, kuciwa, nesu, pasuryanipun badhe ketingal
murung, boten sumringah. Punika ugi ingkang kedadosan nalika Kain rumaos
kuciwa lan nesu nalika piyambakipun ningali bilih Gusti Allah langkung
karenan dhateng kurbanipun Abel. Bab punika ndadosaken manahipun
panas lan rainipun peteng. Mbok manawi piyambakipun rumaos Gusti Allah
boten adil, langkung nresnani Abel rayinipun.
Ananging punapa leres Gusti Allah boten nggatosaken Kain? Saestu
boten leres. Gusti Allah ugi tresna lan nggatosaken Kain, buktinipun Gusti
Allah ndangu Kain: “Yagene atinira panas lan yagene ulatira peteng?”. Gusti
Allah saklajengipun paring pepenget dhateng Kain, “Yen sira gawe becik apa
ulatira ora bakal padhang? Nanging manawa sira ora gawe becik, si dosa
wus ndhedhep ana ing ngarep lawang sarta banget anggone nggodha sira,
nanging sira kudu bisa nelukake”. Punika wujuding katresanipun Gusti
dhateng Kain. Emanipun Kain boten nampi ngestokaken pangandikanipun
Gusti. Piyambakipun boten mbudidaya nelukake panggodahning dosa,
malah manut pangrehing dosa. Punika ingkang ndadosaken piyambakipun
boten saged nindakaken kasaenan, malah lajeng mejahi rayinipun.
Pangandikanipun Gusti Allah dhateng Kain ing Purwaning Dumadi 4:7
punika paring pitedah dhateng kita. Nalika manah kita rumaos peteng, ampun
ngantos paring kesempatan dhateng dosa kangge nguwaosi kita. Kita kedah
nelukake panggodhaning dosa. Caranipun kadospundi? Inggih kanthi mbudidaya
nindakaken kasaenan. Kanthi nindakaken kasaenan, tegesipun kita punika
ngestokaken dhawuhipun Gusti lan mbangun turut dhumateng Gusti. Sikep
mbangun turut dhumateng Gusti punika tegesipun boten manut dhateng
Iblis, kanthi mekaten kita sami nelukake utawi ngawonaken pangrehing
dosa. Tansah estokna pangandikanipun Gusti! Amin. |*ERY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *