Yesaya 51:1-16; Jabur 89:5-37; Mateus 12:15-21 ABDININGSUN“Lah iku AbdiningSun, pilihaningSun, kekasihingSun, kang ndadekakekeparenging galihingSun, bakal Sunparingi RohingSun, sarta bakalngundhangake pangadilan marang sakabehing bangsa.”(Mateus 12:18) Sumiyuting angin ing pinggir seganten ageng sanget, njalari wit-witaning pinggir seganten sami ambruk lan griya sami rubuh. Meh sedaya risak,namung wonten setunggal uwit ingkang tetep ngadeg jejeg, inggih punikauwit pring. Kenging punapa boten ambrug? Awit pring punika nggadhahidaya ngetutaken kawontenan (lentur) ingkang sae, temah saged mliyak-mliyuk ngetutaken lampahing angin temah mboten tugel lan rubuh.Injil Mateus 12:18 nggambaraken bab Gusti Yesus minangka abdinipunGusti Allah ingkang kautus kangge mbabaraken kaadilan lan kayektenkanthi welas asih lan katresnan. Ing sauruting gesang lan pakaryanipun ingjagad, Panjenenganipun boten nedahaken wewatekan ingkang kasar lanmeteg asanes. Ananging kanthi welas asih lan sabar, kados ingkang sinerat ingInjil Mateus 20:34 “Gusti Yesus trenyuh penggalihe marga saka welas…”Rawuhipun ing jagad punika boten ngasta kekerasan ananging ngasta welas asihdhateng tiyang-tiyang ingkang kepeteg lan kasingkiraken dening masyarakatipun.Gusti Yesus kadosdene uwit pring ingkang kiyat nanging welas asih.Kekiyatanipun katedahaken ing kukuhing batosipun nalika netepi timbalanipunSang Rama. Mila trep kados pangandikanipun Gusti Allah ingkang ngandika:“Lah iku AbdiningSun, pilihaningSun, kekasihingSun, kang ndadekakekeparenging galihingSun…”. Nalikapun tiyang Farisi, para imam lanpangagengipun tiyang Yahudi sami nampik, Gusti Yesus boten gigrig lansemplah. Panjenenganipun tansah tatag nglairaken pakaryan kawilujenganlan mbabaraken piwulanging kayekten.Kados ingkang sampun katindakaken dening Gusti Yesus ing lampahinggesangipun, kita minangka tiyang Kristen sampun namung embel-embel, ajrihmenawi wonten ingkang memada lan ngajrih-ajrihi. Sanadyan ngadhepi kapeteg,kita kedah tansah nglairaken pakaryan kawilujengan ing sauruting gesang. |*IAS
Slasa, 13 Januari 2026 Minggu Limrah
Yeremia 1:4-10; Jabur 89:5-37; Lelakone Para Rasul 8:4-13 KUDU MANGKAT“Ewadene Sang Yehuwah ngandika marang aku: Sira aja matur: Kawulapunika taksih enem, nanging menyanga enggone sapa bae sira Sunutus,sira kudu mangkat, lan apaa bae kang Sundhawuhake marang sira,kudu sira tekakake.”(Yeremia 1:7) Saben-saben kita mireng wangsulan “kula taksih enem, dereng pengalaman,kula tiyang bodho, mangke kemawon menawi sampun longgar”, lansapituruipun. Wangsulan punika limrahipun kapireng nalika ing gereja nembengawontenaken timbalan lelados ing kapradatan.Nalika Gusti Allah nimbali Yeremia dados nabi, Yeremia ugi lajeng aturwangsulan “Dhuh Pangeran Yehuwah! Sajatosipun kawula punika botensaged wicanten, awit kawula taksih nem.” (Yer. 1:6) Nanging Gusti Allahnandhesaken bilih boten daya utawi umuripun manungsa ingkangdipunpirsani dening Panjenenganipun. Ingkang dipunpirsani inggih punikakesagahanipun nindakaken dhawuhipun Gusti. Awit nalika Panjenenganipunparing dhawuh, Panjenenganipun boten badhe nilar ananging mesthi badhenganthi lan mitulungi malah kepara muwuhi trep kaliyan kabetahanipun.Panjenenganipun sampun pirsa kita punika sinten “Sadurunge Ingsun nggatrasira ana ing guwa garbane biyungira, Ingsun wus nguningani sira, lan sadurungesira metu saka ing wetengan, Ingsun wus nyengker sira….” (Yer. 1:8).Perkawis punika temtu endah lan ngiyataken kita setunggal lan setunggalipun,menawi saged karaosaken kanthi lebet. Menawi Gusti ngandika kudu mangkat,kita kedah purun bidhal, awit Panjenenganipun mesthi badhe tansah nganthilan mitulungi. Asring, kita rumaos boten pantes utawi rumaos boten sagednalika Gusti nimbali leladi. Kita namung njinggleng ing raos ajrih, ringkih lancubluking nalar budi kita. Kamangka nalika kita purun nampi timbalanipunGusti, Panjenenganipun sampun nyawisaken punapa kemawon ingkang kitabetahaken. Gusti Allah boten nimbali tiyang pinter, tiyang lantip, tiyang sugihlan tiyang sampurna. Ananging Panjenenganipun nimbali saben tiyangingkang purun ngrumaosi diri bilih piyambakipun winates lan sagah netepidhawuhipun kanthi pitados bilih Gusti badhe tansah mitulungi. |*IAS
Senen, 12 Januari 2026 Minggu Limrah
Purwaning Dumadi 35:1-15; Jabur 89:5-37; Lelakone Pr. Rasul 10:44-48 KASETYANIPUN GUSTI“Sih-susetyaning Yehuwah badhe kawula kidungaken ing selaminipun,kasetyan Paduka badhe kawula suwuraken kaliyan cangkem kawulaturun tumurun.”(Jabur 89:2) Kitab Jabur 89 kawiwitan kanthi panguwuh lan pepujen ingkang tulussaking Etan tiyang Ezrahi tumrap sih susetya lan kasetyanipun Gusti Allah.Awit saking punika dados adrenging Juru Masmur anggenipun badhe ngidunging salaminipun minangka atur panuwunipun dhumateng Gusti. Semantenugi dados pamberegipun ing salebeting nepangaken sih lan kasetyanipunGusti turun tumurun. Pitakenanipun kenging punapa Juru Masmur badhengidung lan misuwuraken sih kasetyanipun Gusti?Kados ingkang kaserat ing ayat 3 bilih sih-susetyanipun Gusti binanguning salami-laminipun, kasetyanipun Gusti jejeg kados langit. Wiwit GustiAllah netepaken Israel dados umatipun, Panjenenganipun tan ewah anggenipunnetepi prasetyanipun lan ing kawontenan punapa kemawon, Gusti Allahtansah mbabaraken kasetyanipun dhateng bangsa punika. Ing saksisih,kados ingkang sinerat ing ayat 3 “Ingsun wus karya prajanjian kawalanpilihaningSun, ingsun wus supaos marang Dawud, abdiningsun.” Punikanelakaken langgenging prasetyanipun Gusti wiwit Dawud ngantos turun-tumurun. Awit sih susetyanpun Gusti ingkang langgeng, kasetyanipun ingkangkukuh ing salaminipun lan prasetyanipun dhateng umat ingkang boten ewahgingsir punika, milanipun sampun sakmesthinipun Juru Masmur mratelakakenpangucap sokuripun lan pangidungipun dhumateng Gusti Allah ing salamininggesang.Lajeng kadospundi tumrap kula lan panjenengan? Ingkang sampunpinilih dados umat kagunganipun Gusti. Dadosa ing bingah punapa dene sisah,punapa kita ugi tansah nggadhahi raos adreng ngluhuraken asmanipun lan kaberegnyariosaken pakaryaning astanipun Gusti dhateng turun kita sami. Minangkaumatipun Gusti, kita sami tinimbalan nekseni sih susetya lan kasetyanipunGusti dados ing gesang pribadi punapa dene ngantos turun-tumurun.Supados pakaryan kawilujenganipun Gusti tansah lestantun ing gesangipunumat, kadosdene langgengipun prasetyanipun Gusti dhateng kita. |*IAS
Ahad, 11 Januari 2026 Minggu Gusti Yesus Kabaptis
Yesaya 42:1-9; Jabur 29; Lelakone Para Rasul 10:34-43; Mateus 3:13-17 NETEPI KAYEKTEN“Nanging Gusti Yesus paring wangsulan, pangandikane: Wis ta,cikben, amarga iya mangkono iku patute Aku lan kowe padhanetepi sakehe kabeneran. Nabi Yokanan tumuli sumarah.”(Mateus 3:15) Billy Graham punika kawentar minangka satunggaling penginjil ingkangngedab-edabi ing sauruting sejarah Pekabaran Injil. Namung, sakderengipunkawentar, Billy Graham kedah ngudi gesang ingkang alandhesan pangajeng-ajeng lan pambangun turut dhumateng Gusti. Kawigatosanipun dhumatengpara kaneman ingkang sampun boten preduli dhateng gereja punika ingkangkatindakaken. Piyambakipun nggadhahi semangat penginjilan ingkangageng. Sedaya kalawau saged katindakaken awit tumungkul namung ingngarsanipun lan gesang manut ing pangrehipun. Billy nate atur paseksi“Menawi kita wanuh dhumateng Gusti, Panjenenganipun mesthi badhembikak margi lan maringi kekiyatan kangge nindakaken timbalanipun.”Ing Injil Matius 3:15, Gusti Yesus nedahaken pambangun turutipundhumateng Sang Rama. Nalika Yokanan Pambaptis tuwuh pamangu nalikabadhe mbaptis Gusti Yesus, Panjenenganipun ngandika, “Wis ta, cikben,amarga iya mangkono iku patute Aku lan kowe padha netepi sakehekabeneran.” Sejatosipun Gusti Yesus boten perlu kabaptis awit Panjenenganipunboten tumindak dosa lan kawengku ing dosa, ananging Gusti Yesus ingkangmilih minangka wujuding pambangunturutipun dhumateng kersanipunSang Rama lan patuladhan tumrap kita sedaya. Pangandika punikamratelakaken kadospundi Gusti Yesus pirsa punapa ingkang kedah dipunlampahi minangka utusanipun Gusti.Pambangunturutipun Gusti Yesus ing salebeting nampi baptis punikaugi dados gambaran tumrap kita sedaya, anggen kita tinimbalan bangun turutdhumateng Gusti Allah. Sanadyan kalamangsanipun kita angel mangertosikanthi gamblang punapa ingkang kinersakaken dening Gusti. Nangingpunika dados pambereg, supados tansah netepi kayekten ingkang sampunkebabar ing Gusti Yesus. Pramila, sumangga kebaka ing pambangun turutdhumateng Gusti, awit kanthi mekaten badhe dhatengaken kamulyanipunAllah lan dados berkah tumrap sesami. |*IAS
Setu, 10 Januari 2026 Minggu II Saksampunipun Natal
I Samuel 7:3-17; Jabur 29; Lelakone Para Rasul 9:19b-31 GUSTI INGKANG NGAGEM“Nanging Saulus saya mundhak gedhe daya-prabawane lan gawejudheging wong-wong Yahudi kang manggon ing Damsyik,…”(Lelakone Para Rasul 9:22) John Newton, ingkang nyerat himne “Amazing Grace,” (KJ 40 Ajaib BenarAnugerah) punika minangka conto nyata, kadospundi Gusti Allah ngewahigesangipun tiyang. Saking tiyang mursal dados abdinipun Gusti. Sakderengipunmratobat, John Newton punika satunggaling kapten kapal ingkang adoltinuku batur. Gesangipun kebak ing raos sengit, tindak kekerasan lan botenpurun nggatosaken tiyang sanes. Ananging Gusti ngewahi, nalika kapalipunkatempuh ombyak seganten ingkang ageng lan njalari bocor. Piyambakipunajrih sanget, lajeng bengok nyuwun tulung dhumateng Gusti lan mratobat.Saksampunipun lelampahan punika, Newton, nilar gesang lami, mratobatmalah dados pandhita. Amazing Grace punika, satunggaling pepujen minangkapangakenipun tumrap agenging sih rahmatipun Gusti ingkang dipuntampi.Gesangipun Newton punika, ngengetaken dhateng gesangipun Saulusing Lelakone Para Rasul 9:22. Saulus kawentar tiyang ingkang remennganiaya lan mejahi para muridipun Gusti Yesus. Ananging saksampunipunGusti Yesus rawuh ing gesangipun, piyambakipun mratobat lan dadospendhehrekipun Gusti Yesus ingkang setya. Sewau dadosaken ajrihipunpara murid, nanging saksampunipun pinilih dening Gusti njalari “judhegingwong-wong Yahudi kang manggon ing Damsyik”. Paulus pinilih lankaparingan panguwaosipun Gusti Yesus kangge martosaken Injil dhatengtiyang-tiyang Yahudi dalah bangsa-bangsa sanes. Piyambakipun sampunmbuktekaken bilih Gusti Yesus punika Sang Mesih. Ing pundi kemawonnalika martosaken Injil, rasul Paulus winengku ing panguwaosipun Gusti Yesus.Ewahaning gesangipun Paulus dados bukti bilih sih kanugrahanipunGusti punika linangkung ageng katimbang dayaning manungsa. Menawi Gustisampun ngersakaken tiyang dados umat kagunganipun, boten wonteningkang saged malangi. Menawi tiyang punika sampun kaagem dening Gusti,Panjenenganipun ugi badhe paring panguwaos supados saged martosakenkabar kabingahan dhateng sinten kemawon. |*IAS
Jemuwah, 9 Januari 2026 Minggu II Saksampunipun Natal
I Samuel 3:10-4:1a; Jabur 29; Lelakone Para Rasul 9:10-19a PIRANTINIPUN GUSTI“Wis, sira mangkata, jalaran wong iki piranti pilihaningSunkanggo martakake asmaningSun marang bangsa-bangsa …”(Lelakone Pr. Rasul 9:15) William Carey kawentar minangka “Bapak Misi Modern.” Nangingsakderengipun dados misionaris, William Carey nate dados tukang sepatuing Inggris. Piyambakipun nglampahi gesang ingkang sarwa winates lan kathahingkang ngremehaken kabisanipun. Sedaya punika boten kaanggep awrat,ananging ingkang kaanggep awrat inggih punika kepingin saged martosakenInjil dhateng sedaya bangsa ing salumahing bumi. Nalika piyambakipunparing usulan ngutus misionaris dhateng ing India, kathah tiyang inggrejanipun ingkang matur: “Menawi Gusti badhe nylametaken tiyang India,kajengipun nindakaken piyambak tanpa bantuan saking kita.” Sanadyanwangsulan punika nguciwani, nanging William Carey mboten semplah,piyambakipun pitados dhateng Gusti. Satemah Wiliam Carey bidhal tumujudhateng India martosaken Injil.Cariyos punika ngengetaken dhateng kita gesangipun murid Yesusingkang nami Paulus. Sewau dados panganiaya muridipun Gusti. Ananginging Lelakone Pr. Rasul 9:15, Gusti paring pangandika dhateng Ananias bilihSaulus punika piranti pilihanipun Gusti, kangge martosaken Injil. Gusti Yesusmilih Paulus kangge martosaken kabar kabingahan dhateng sedaya tiyang.Paulus nindakaken timbalan punika satemah dados satunggaling rasulipunGusti Yesus ingkang kawentar. Piyambakipun wantun nglampahi ngantosing pundi-pundi papan, wantun nrajang bebaya lan wantun ngadhepitiyang-tiyang ingkang badhe mejahi piyambakipun.Perkawis punika ngengetaken dhateng kita sedaya, menawi Gusti Allahmilih tiyang dados utusanipun, Panjenenganipun boten mawang sepintenkathahipun raja brananipun, sepinten agenging panguwaos lan kalenggahanipun.Ananging Panjenenganipun milih pirantosipun adhedhasar sih rahmatipuningkang kaparingaken dhateng sinten kemawon. Pramila kita kedah ngaturakenpanuwun dene sampun pinilih dening Gusti dados pirantosipun, langkungsaking punika tansah sregep nindakaken timbalanipun martosaken Injil. |*IAS
Kemis, 8 Januari 2026 Minggu II Saksampunipun Natal
1 Samuel 3:1-9; Jabur 29; Lelakone Para Rasul 9:1-9 ABDI PADUKA MIRENGAKEN“… Lan Samuel matur: “Paduka mugi karsaa ngandika,amargi abdi Paduka mirengaken.”(1 Samuel 3:10) Albert Einstein kawentar minangka ilmuwan ingkang jenius ing sajarahingmanungsa. Namung, nalikanipun taksih alit, lare punika kaanggep lelet ingsalebeting wicanten lan ngginakaken pikiranipun. Gurunipun ugi natengandika bilih Einsten boten badhe dados tiyang ingkang kasil. AnangingEinstein boten semplah, piyambakipun tansah sinau kepingin mangertos lantansah nggatosaken bab punapa kemawon ingkang kelampahan inggesangipun. Nuju ing sakwijining dinten, piyambakipun tuwuh raos adrengnalika piyambakipun nggatosaken dom kompas ingkang obah karanawonten medan magnet ingkang boten ketingal. Piyambakipun mbudidayapados jawabanipun satemah manggihaken teori relativitas. Pambudidayanipunkasembadan kawiwitan saking anggenipun mirengaken lan nggatosakenpunapa kemawon ing kiwa tengenipun.Samuel nalika dipuntimbali Gusti ugi taksih alit, dereng tepang landereng tepang dhateng suwantenipun Gusti Allah. Piyambakipun katuntundening imam Eli, satemah nindakaken kados ingkang dipundhawuhi. NalikaGusti ndangu malih ingkang kaping tiganipun; Samuel atur wangsulan“Paduka mugi karsaa ngandika, amargi abdi Paduka mirengaken.”Ing gesang punika, Gusti Allah sejatosipun ugi tansah paring pangandikadhumateng kita. Lumantar Sabdanipun ingkang kita sinau lan pirengaken,lumantar perkawis ing gesang padintenan, ugi lumantar tiyang-tiyang ingsakiwa tengen kita. Ananging asring kita boten saged mirengaken swantenipun,amargi mbokbilih kita namung jinggleng kabetahan, perkawising gesang,taksih remen nengenaken kekarepaning daging. Menawi kita kepengindados Samuel ingkang wicaksana, kita perlu nggadhahi sikeping manahingkang purun mijekaken wekdal mirengaken swantenipun Gusti lan mbangunturut dhateng Panjenenganipun. Sedaya ingkang njalari kita gesang ingkarahayon kawiwitan nalika kita purun mirengaken pangandikanipun Gusti I IAS
Rebo, 7 Januari 2026 Minggu II Saksampunipun Natal
I Para Raja 10:1-13; Jabur 72; Efesus 3:14-21 PANJENENGANE KUWAOS“Iya Panjenengane kang kuwaos nindakake luwih dening akehtinimbang apa kang kita dongakake utawa kita pikir, kaya kangkacetha ana ing daya-kekuwatan kang tumindak ana ing kita”(Efesus 3:20) Thomas Alva Edison kawentar minangka satunggaling penemu bolalampu. Sakderengipun bola lampu punika kacipta, Thomas Edison ngalamilangkung saking 1000 uji coba lan mesthi boten kasil. Kawontenan punikanjalari tiyang-tiyang ing sakiwa tengenipun lajeng sami boten pitados dhatengpiyambakipun, ananging, Edison tetep pitados bilih ing tembenipun badhemanggihaken marginipun kados ingkang dipunangen-angen. Edison natengandika: “Aku iki dudu ora iso. Aku mung nemu 10.000 cara sing durungkasil”. Tanggon lan pitadosipun punika nedahaken bilih Gusti maringakenkawasisan lan pangertosan ingkang nglangkungi nalaring manungsa.Samangke, kula lan panjenengan mbokbilih ugi ngadhepi perkawisingkang sami kadosdene Edison, ananging menawi kita tansah tegen lanpitados dhateng Gusti mesthi Gusti badhe nedahaken marginipun. Panjenenganipunmesthi badhe saged maringaken bab ingkang langkung ageng tinimbangnalar budi kita ingkang winates.Perkawis punika dados pangakenipun Rasul Paul ingkang ngengetekandhateng pasamuwanipun Gusti bilih “Panjenengane kang kuwaos nindakakeluwih dening akeh tinimbang apa kang kita dongakake utawa kita pikir,kaya kang kacetha ana ing daya-kekuwatan kang tumindak ana ing kita.”Gusti Allah Mahakuwaos, panguwaos lan kersanipun tan saged jinajagakandening sinten kemawon ing gesang punika. Pangakenipun Rasul Paul ingkangmekaten sampun kabuktekaken ing saklebeting peladosanipun. Piyambakipunsami kadosdene rasul sanesipun, ngadhepi panguya-uya, ngadhepi bebaya;nanging Gusti Yesus kersa mitulungi gesangipun. Para sedherek, asring kitamangu-mangu, boten pitados rancanganipun Gusti, gampil nggresula lanngundhamana tumrap saben perkawis ingkang dipun adhepi. Kamangkapanjangkungipun Gusti nglangkungi winatesing nalar lan budi kita. Tansahapitados, awit panguwaosipun Gusti tanpa wangenan. |*IAS
Slasa, 6 Januari 2026 Epifani
Yesaya 60:1-6; Jabur 72:1-7, 10-14; Efesus 3:1-12; Mateus 2:1-12 BUNGAH BANGET“Bareng weruh lintang mau, padha banget bungahe”(Mateus 2:10) Ing satungaling dalu, wonten lare ingkang nami Riko nembe mlampahing pinggir seganten kaliyan bapakipun. Dalu punika ketingal peteng awitrembulan lan lintang boten jumedul, manahipun Riko lajeng ajrih.Bapakipun ingkang nggatosaken mangertos bilih Riko ajrih, lajeng paringpangandikan “Riko, aja wedi, ana bapak lan maneh sedhelok engkas bakalana cahya saka Mercusuar kang bakal menehi padhang.” Sekedhap netra,padhanging lampu Mercusuar madhangi margi ingkang katempuh kekalihipun.Riko ngraosaken ayem awit nampi padhanging cahya saking lampu punika.Semanten ugi ingkang karaosaken dening para Majus ing Injil Mateus2:10. Para Majus punika sampun mlampah tebih, nglangkungi ara-arasamun lan ngadhepi bebaya kangge madosi Raja ingkang nembe lair. Ingsalebeting mlampah ingkang tebih punika, tetiganipun ngetutaken tandhalintang ing langit ingkang sumunar terang. Saksampunipun punika,manggihaken lintang punika mandheg ing sakinggiling papan ing pundhiGusti Yesus kalairaken. Nalika Para Majus manggihaken pitedah babbrayatipun Yusuf lan bayi Yesus, raosing manahipun sami bingah sanget.Kados kasebataken ing ayat 20 “Bareng weruh lintang mau, padha bangetbungahe.” Bingah, awit anggenipun mlampah tebih saged manggihakeningkang dipunpitadosi. Bingah awit sampun manggihaken Sang JuruWilujeng lan bingah sanget awit nugraha ingkang kaprasetyakaken deningGusti Allah sampun kebabar tumraping para tiyang ingkang pitados dhatengPanjenenganipun.Asring ing salebeting gesang punika, kita ugi nempuh lampahing gesangingkang boten gampil lan nrajang bebaya. Mbokbilih ugi kita ginubel ingpepeteng lan boten mangertos margi ingkang pundhi ingkang kita pilihsupados tentrem malih. Namung, kadosdene para Majus ingkang mitadosilintang punika tandha tumuju dhateng Juru wilujeng semanten ugi tumrapkita. Kedah pitados bilih Gusti mesthi paring tandha kangge mitulungi kitangantos kita saged manggihaken kawijungen lan tentrem rahayu. |*IAS
Senen, 5 Januari 2026 Minggu II Saksampunipun Natal
Yusak 1:1-9; Jabur 72; Ibrani 11:32-12:2 DISANTOSA LAN DITEGUH“Sira disantosa lan diteguh atinira, amarga sira kang bakal nuntunbangsa iki supaya bisa ndarbeni nagara kang Sunjanjekakekalawan supaos marang para leluhure”(Yusak 1:6) Nelson Mandela kinunjara watawis 27 taun awit anggenipun nglawanapartheid ing negarinipun piyambak, Afrika Selatan. Ing satengahingkinunjara punika, Mandela ngraosaken kapeteg manahipun, sangsara lanboten mangertos saged luwar saking pakunjaran benjang punapa. Nangingpiyambakipun pitados bilih kaadilan lan kamardhikan badhe maujud ingnegarinipun. Saksampunipun luwar saking pakunjaran, Mandela pinilihdados presiden Afrika Selatan mawi pilihan demokratis, lajeng nunggilakenbangsanipun ingkang kasingget-singet awit diskriminasi rasial. Mandelanate ngandika: “Saya telah belajar bahwa keberanian bukanlah ketiadaanrasa takut, tetapi kemenangan atasnya.”Cariyosipun Mandela nggambaraken pepenget ingkang kaserat ingkitab Yusak 1:6. Saksampunipun Nabi Musa seda, Yusak katimbalan mimpinbangsa Israel mlebet ing tanah prasetyan. Tanggel jawab punika awrat, awitsaksisih mimpin bangsa ingkang asring mbalela ugi ngadhepi bangsa Kanaaningkang boten gampil katelukaken. Sanadyan Gusti Allah mbotennedahaken margi ingkang gampil ananging paring prasetyan badhe nuntunlan nunggil dhateng Yusak. Pramila Gusti Allah ngandika: “Sira disantosa landiteguh atinira” Kenging punapa? Awit manah ingkang santosa lan teguhpunika dados dhasar anggenipun nglampahi timbalan ingkang botengampil. Kadosdene nalika kita nglampahi lan nindakaken ayahan punapakemawon, menawi manah ingkang santosa lan teguh, kita badhe nampikekiyatan kangge ngrampungaken ayahan. Kosokwangsulipun, menawianggen kita kebak ing pamangu-mangu, boten badhe nampi woh kadosingkang kita angen-angen.Ing gesang punika, nalika nglampahi gesang lan nindakaken ayahan,kita asring nglampahi tantangan lan perkawis ingkang awrat. Mbokbilihtuwuh raos ajrih lan mangu-mangu ing manah. Ananging lumantarpangandika punika, kita mangertos bilih Gusti Yesus badhe tansah nganthiing sauruting gesang kita. Awit saking punika tansah “disantosa lan diteguhatinira…” sampun ngantos kebak ing pamangu-mangu. |*IAS
