1 Samuel 15:22-31; Jabur 23; Efesus 5:1-9
DADOSA PEPADHANG
“Pancen, biyen kowe iku dadi pepeteng, nanging saiki kowe
dadi pepadhang ana ing Gusti. Mulane lakumu
dikaya putra-putraning pepadhang,”
(Efesus 5:8)
Salah satunggalipun gegambaraning tiyang pitados inggih punika dados
pepadhang. Minangka pepadhang, gesanging umat sageda dados tuladha.
Malah kepara dados pandom. Satemah sinten kemawon ingkang ndeleng,
sageda ningali perangan ingkang sae lan leres ingkang ngener ing kayekten,
kaadilan lan tentrem rahayu. Wosipun peranganing gesang ingkang sinubo
sinudharsono (peni lan pantes ditiru).
Tinalesan waosan 1 Samuel 15:22-31, sinten ingkang kepareng dados
pepadhang? Punapa Prabu Saul? Ingkang kepareng nelakaken raos keduwung
lan linsemipun, awit langkung bangun turut awakipun piyambak lan damel
remenipun tiyang sak nagari anggenipun jarah rayah raja kayanipun tiyang
Amalek kangge pirantining kurban? Utawi Samuel ingkang kepareng netepi
kalenggahanipun minangka imam lan nabi anggenipun melehaken dosanipun
Prabu Saul klawan blaka suta lan ngaturi uninga kersanipun Gusti anggenipun
kepareng nglorod kalenggahanipun Saul minangka ratuning Israel?
Temtu kemawon Samuel. Awit nelakaken pameleh lan bebendhunipun
Gusti Allah dhateng priyagung nagari ingkang langkung utama punika perangan
ingkang boten gampil lan mbebayani. Menawi wonten tan trimanipun Prabu
Saul, saged kemawon Saul, ingkang nalika semanten taksih nglenggahi kalenggahan
minangka ratuning Israel saged utusan prajuritipun kangge nyirnakaken Samuel
temah lestari anggenipun nyepeng kalenggahan minangka ratuning Israel.
Sanesipun ingkang saged kita tuladha saking Samuel inggih punika njagi
kaprabawan lan kaprawiranipun Prabu Saul sanajan sampun dipun tampik
dening Gusti Allah. Samuel tetep kemawon nyarengi tindakipun Prabu Saul.
Wusana awit saking kamirahanipun Samuel, Prabu Saul wusananipun sujud
ngabekti wonten ing ngarsanipun Yehuwah. Srana makaten suksesi
kepemimpinan ingkang badhe kalampahan ing tembe, katindakna klawan
tentrem tan wonten wutahipun rah. Dadosa pepandhang! |*AJ
