Yeremia 32:1-9; Jabur 143; Mateus 22:23-33 KITAB SUCI PITEDAHING GESANG“Kowe iku padha kesasar, jalaran kowe padha ora sumurupbab Kitab Suci lan panguwasaning Allah.”(Mateus 22: 29) Nalika pinuju kekesahan, mirungganipun wonten tlatah ingkang derengnate kita ambah, temtu kemawon kita mbetahaken pitedah. Badhea punikaenering lampah; mangetan, mangulon, mangiwa utawi manengen, lan radosanpundi kemawon ingkang piniji; punapa medal radosan tol, langkung njeronutawi njawi kitha, murih dumugi ing papan ingkang katuju. Sangsaya panaanggenipun njarwakaken pitedah, sangsaya gangsar lan lancar anggenipunkekesahan.Mekaten lampahaning gesang, pindha tiyang ingkang kekesahan.Sangsaya cetha anggenipun mangertosi purwa duksinaning gesang, ener lanpandoming gesang, sangsaya mantep anggenipun mlampah murih ancasinggesang saged kadumugen. Emanipun kathah tiyang ingkang klentu mastanibilih gesanging manungsa punika gadhahanipun piyambak. Awit sanyatanipungesanging kagunganipun Gusti, ingkang maringaken gesang. Gusti Allahpiyambak ingkang kagungan rancangan menggah gesanging manungsa.Satemah anggen kita kepareng nampeni pitedah, murih enering lampahingmanungsa punika laras kaliyan rancanganipun Gusti Allah, inggih nyadhongpitedahipun. Lan pitedahipun Gusti Allah punika sampun kaserat wonten ingkitab suci.Murih sampuna ngantos kesasar, nyumurupi pitedahipun ing salebetingKitab Suci, dados perangan ingkang saestu wigatos. Memper menawi GustiYesus mratelakaken pakaryanipun kangge manungsa minangka margi/radosan. Makaten pangandikanipun, “Aku iki dalane, sarta jatine kayektenlan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama,manawa ora metu ing Aku.” (Yokanan 14:6) sanyata nuladha Gusti Yesus,ateges sampun nampi pitedahing gesang. SarehneGusti Yesus sampun keparengsumengka lan nedakaken Sang Roh Suci, inggih Sang Roh Suci punika ingkangkepareng nganthi gesanging manungsa. Uger ngeneraken gesang ing osiking RohSuci, kita kepareng ngambah margining kawilujengan. Ing bumi dalah ingswarga. |*AJ
Slasa, 24 Maret 2026 Minggu Pra Paskah V
2 Raja-raja 4:18-37; Jabur 143; Efesus 2:1-10 MLIGI AWIT SIH RAHMAT“Sabab anggonmu padha kapitulungan rahayu iku saka sih-rahmatmarga pracaya; lan iku dudu wohing pambudidayamu,nanging peparinge Gusti Allah,”(Efesus 2:8) Nalika ngrembag bab kawilujengan, satunggaling pitakenan ingkangwigatos inggih punika, punapa manungsa; awit saking daya kekiyatanipunpiyambak saged nggayuh kawilujengan? Wangsulanipun boten saged. Jalaranipun,“Marga kabeh wong wis padha gawe dosa sarta koncatan ing kamulyaningAllah,”(Rum 3:23).Larah-larahipun makaten. Wiwit Gusti Allah yasa langit bumi saisinipun,miturut Purwaning Dumadi 1-11 ingkang kawentar minangka “Narasi Penciptaan”,saged dipun bundheli bilih prasasat meh sedayanipun nggambaraken dosalan pambalelaning manungsa. Purwaning Dumadi 3 ngewrat bab manungsaingkang dhumawah ing dosa. Purwaning Dumadi 4 ngewrat bab Kain ingkangmejahi Abel. Purwaning Dumadi 6 ngewrat pialaning manungsa ingkangsaobah-osiking manahipun namung awon kewala. Purwaning Dumadi 7-8ngewrat bab bena ageng ingkang minangka bebendhunipun gusti Allah.Purwaning Dumadi 11 ngewrat menara Babil, ingkang minangka wujudpambalelaning manungsa.Sanyata Gusti Allah boten negakaken manungsa anggenipun kadlarungwonten ing dosa lan panerakipun. Gusti Allah maringi pepakening toret murihmanungsa sageda bangun turut Gusti. Gusti Allah ugi ngutus utusanipun,inggih para Nabi, para hakim, malah imam lan ratu punapa kersanipun gesangipuntumata becik. Émanipun sedaya kesaenaning Gusti Allah punika boten kodalnuntun manungsa ing kawilujenganipun. Awit punapa? Boten sanes inggihamarga dosa lan panerakipun manungsa.Satemah ingkang saged katindakaken Gusti Allah anggenipun milujengakenmanungsa inggih punika nebus dosa-dosaning manungsa lumantar pakaryankawilujengan salib. Inggih awit saking punika kawilujengan punika mligi awitsaking rahmatipun Gusti, boten wonten pamrihipun manungsa babar pisan.Puji sokur konjuk Gusti! |*AJ
Senen, 23 Maret 2026 Minggu Pra Paskah V
1 Raja-raja 17:17-24; Jabur 143; Lelakone Rasul-rasul 20:7-12 ETUKING GESANG“Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka gesangaken margi sakingasma Paduka, nyawa kawula mugi Paduka entas saking karibedandemi kaadilan Paduka.”(Jabur 143:11) Ing lelampahaning gesang, kalamangsanipun kita mrangguli peranganinggesang ingkang saestu awrat. Tuladhanipun nalikanipun jagad tinempuh ingcovid-19, sedaya sami ngraosaken kasangsaran lan kaprihatosan. Kathah usahaingkang tutup punapa dene bangkrut awit wontenipun PSBB (PembatasanSosial Bersekala Besar). Kathah karyawan ingkang kapeksa dirumahkanbadhea krana PHK (Pemutusan Hubungan Kerja) punapa dene nyambutdamel wonten griya kemawon. (work from home). Dereng malih kadhuhkitaningkang sinanggi awit wontenipun brayat, sanak kadang tangga tepalih lanugi rencang peladosan ingkang sami kapundhut margi ketaman covid. Saestudadosaken giris lan semplah.Mekaten ugi ingkang karaosaken Juru Masmur nalikanipun gesangipuntinempuh ing mawerni-werni karibedan. Jer putranipun kinasih, inggih punikaAbsalom, ingkang dipun gadhang-gadhang saged nyengkuyung ing karaharjaningbangsa, malah sami mbalela lan ngancam kepareng badhe merjaya lannglengseraken Dawud saking kalenggahaning minangka ratuning Israel.Panyuwunipun Dawud dhumateng Gusti Allahipun murih saged lestarigesangipun dalasan enggala Gusti Allah ngluwari gesangipun saking sedayakaribedanipun.Sanyata panjurung pitulunganipun Gusti Allah nyata tumrap sintenkemawon abdinipun ingkang kepareng pasrah lan nyadhong panjurungpitulunganipun Gusti murih lestantun gesangipun. Sami kaliyan lelampahaningNabi Elia nalikanipun mrangguli pepes lan semplahipun mbok randa ingkanglarenipun estri ketaman sakit lan pejah. Makaten ugi Paulus ingkang mranggulisawijing muda taruna ingkang nama Euthikus ingkang awit mirengakenpangandikanipun, karaos ngantuk lan dhawah saking tingkat wusana nemahiseda. Sedaya sami nyadhong gesang murih ingkang pejah sageda gesangmalih. Sanyata Gusti Allah, ingkang minangka etuking gesang myarsaken lannjurungi pandonganipun satemah ingkang pejah saged gesang malih. Jersaestu etuking gesang amung Gusti. |*AJ
Ahad, 22 Maret 2026 Minggu Pra Paskah V
Yehezkiel 37:1-14; Jabur 130; Rum 8:6-11; Yokanan 11:1-45 PATANGEN LAN KAURIPAN“Iya Aku iki patangen lan kauripan. Sing sapa pracaya marang Akubakal urip, sanadyan wus mati.”(Yokanan 11:25) Nalikanipun ngladosi sripah, mirunggan nalikanipun upacara pamethakingsarira laya wonten ing papan pasarean ingkang pungkasan, sadherengipunluweng kaurug, palados sripah, mratelakaken pangandika:“Iya Aku iki patangenlan kauripan. Sing sapa pracaya marang Aku bakal urip, sanadyan wus mati.Lan sok wonga kang urip sarta pracaya marang Aku, iku ora bakal mati ingsalawas-lawase.” (Yokanan 11:25-26). Sanajan cekak aos, pratelaningpangandika punika saestu nuwuhaken kekiyatan, panglipur tuwin pangajeng-ajeng mirungganipun tumrap brayat duhkita.Sinaosa pratelaning pangandikanipun Gusti Yesus punika kebabarnalikanipun Gusti Yesus kepareng nangekaken Lazarus ingkang sampunsekawan dinten kapethak. Boten namung kelampahan nangekaken Lazaruskemawon. Ananging ugi nangekaken kapitadosaning para-para ingkangngraosaken duhkita awit tilaripun Lazarus. Mirungganipun Maria lan Marta,dalasan masyarakat ing Betania, ingkang ugi ngraosaken kecalan. Malah-malah, awit saking tanginipun Lazarus, para palayad lajeng manjing pitadosing Panjenenganipun Gusti Yesus Kristus.Makaten ugi ingkang kelampahan ing paladosaning sripah samangke.Sanajan tangeh lamun anggenipun ingkang pejah tangi malih, nangingpratelaning pangandika punika saestu nyawabi kekiyatan panglipur lanpangajeng-ajeng. Nuwuhaken kekiyatan awit anggenipun nandhang sisahboten tinegakaken. Gusti Yesus rawuh lan pidalem ing kadhuhkitaning brayat.Nuwuhaken panglipur, awit Gusti Yesus piyambak ingkang kepareng mengkupejah gesanging umatipun. Laras kaliyan pangandika Paulus, “Awit mungguhing aku urip iku Sang Kristus, dene mati iku kabegjan” (Filipi 1:21). Punikanuwuhaken pangajeng-ajeng, bilih kawula; badhea ingkang sampun pejahpunapa dene ingkang taksih gesang, mangkenipun kepareng nampeni gesanglanggeng, sauger tansah setya tuhu kumandel ing Gusti Yesus; Sang Patangenlan Kauripan.|* AJ
Setu, 21 Maret 2026 Minggu Pra Paskah IV
Yehezkiel 36:8-15; Jabur 130; Lukas 24:44-53 SAWABING PANDONGA“Panjenengane banjur mbuka pikirane wong-wong mausupaya padha ngreti marang Kitab Suci.”(Lukas 24:45) Nalikanipun nampi bebahan kapurih nyerat renungan Sabda WinedharSinode GKJ. Para penulis punika kalawan mantep, nyanggemi pamudhutanpunika. Awit boten namung taun punika kemawon anggenipun nyerat. Sampunwongsal-wangsul. Satemah ing salebeting pamuji, mesthi saged netepijejibahan punika ing wegdalipun.Kanyatanipun, wonten kemawon pambenganipun anggenipun samimbudidaya ngrampungaken seratan punika. Badhea punika ewetipun peladosaning pasamuwan, sripah punapa dene perkawis-perkawis sanesipun ingkangkedah karampungaken langkung rumiyin.Pinuju longgar wonten wekdal, nyatanipun anggenipun kepareng nyeratrenungan punika inggih boten mesthi lancar. Ngantos kelampahan satunggalseratan kemawon, wongsal-wangsul anggenipun ngewahi. Satemah badhepasrah lan menyerah. Wujuding pasrah punika lajeng mijikaken wegdalkangge dedonga langkung rumiyin saderengipun nyerat. Sanyata ngraosakenlangkung lancar anggenipun nyerat. Sanyata nas ing ngginggil nyawabi inggesang kawula, bilih Gusti Yesus piyambak ingkang kepareng mbukalantiping pemanggih satemah saged mangertosi werdinipun pangandikanipun.Boten ngemungaken punika kemawon, jer sawabing Sang Roh suci ingkangkaprasetyakaken ndayani para sakabat klawan kasekten, mangertosi lanmbabaraken pangandikanipun Gusti. Satemah pratela bab pamratobat lanpanguparing dosa punika, pindha kori ingkang winenga saben wedgal. Botenwonten perangan ingkang telat, sauger sami kepareng mijekaken wegdalpidalem ing Yerusalem, inggih pedalemaning Allah. Inggih punika wegdalkangge sidhem, wegdal kangge ndedonga. Pramila makaten, nalikanipunlampahing gesang kita bebebasan ngadhepi tembok ingkang kandel sahainggil, boten wonten perangan sanes ingkang saged katindakaken kejawindedonga. Murih Sang Roh Suci nganthi lan jurungi, tinalesan pamratobatingkang dhatan kendat, berkahipun tumrah. Sumangga miwiti sedayanipunkalawan pandonga!|*AJ
Jemuwah, 20 Maret 2026 Minggu Pra Paskah IV
Yehezkiel 33:10-16; Jabur 130; Wahyu 11:15-19 MANGGA SAMI MRATOBAT“… Ingsun ora ngarsakake patine wong duraka, nanging Ingsunngarsakake pamratobate wong duraka supaya urip. Padha mratobata,padha sumingkira saka ing lakunira kang ala iku! Yagene sirabakal padha mati, he para turune Israel?”(Yehezkiel 33:11) Dados kaprihatosan nalika wonten satunggaling Mahasiswi jurusankesehatan dan keselamatan kerja (K3) ing satunggaling Perguruan TinggiNegri, ingkang ngayut tuwuh. Piyambakipun njegur wonten ing bengawanSolo. Kalih dinten layonipun nembe kepanggih. Wonten ing wasiatipun,kenya punika nyerat makaten, “Aku pergi ya…, aku capek. Maaf karenatelah mengkhianati dan berjanji untuk bertahan. Tak masalah semua orangbilang yang lain bipolar juga bisa… aku engga. Aku capek bu maaf aku taksekuat ibu.”Pranyata menawi kenya punika tinempuh penyakit psikologis ingkangdipun wastani bipolar. Bipolar inggih punika pangraosing manah ingkangmolah-malih, kala mangsa bungah kala mangsa ngraosaken sisah ingkangnggrantes. Pinuju kimat saged nindakaken perangan ingkang kaladuk, botenpantes malah kepara dursila.Raosing manah ingkang kaladuk, boten pantes lan dursila ugi karaosakenbangsa Israel. Kaladuk anggenipun nyenyamah Gusti srana manembah allahsanes. Nampik lan nginaniaya para nabi ingkang dados utusanipun Gusti,lan mratelakakaken perangan ingkan boten adil. Ing kawontenan dosapunika Gusti Allah saged nampeni, sauger bangsa Israel purun mratobat.Awit sanyatanipun boten wonten manungsa ing jagad punika ingkang sucisaha mursid, ingkang sinung kawilujengan. Marga kabeh wong wis padhagawe dosa sarta koncatan ing kamulyaning Allah.Boten wonten tembung telat tumrap sinten kemawon ingkang keparengmratobat. Inggih punika nilar sedaya pandamel ingkang ala lan ngupadi gesangbangun turut ing kersanipun. Saiba begja umatipun Gusti Yesus Kristus, witsanyatanipun Panjenenganipun piyambak ingkang sampun kepareng nebusdosa-dosaning manungsa. Mbok menawi kenya punika kumandel ing GustiYesus, boten perlu ngayut tuwuh. Jer “sakathahing prakara bisa daksangga anaing Panjenengane kang paring kakuwatan marang aku” (Filipi 4:13).|*AJ
Kemis, 19 Maret 2026 Minggu Pra Paskah IV
Yehezkiel 1:1-3, 2:8-3:3; Jabur 130; Wahyu 10:1-11 JAMPINING GESANG“Dhawuhe marang aku mangkene: He, anaking manungsa, gulungankang Sunparingake marang sira iki panganen, wetengira isenana iku.”Iku banjur dakpangan, ana ing cangkemku rasane legi kaya madu.”(Yehezkiel 3:3) Kala rumiyin, nalikanipun wonten lare ingkang angel anggenipun nedha,adhakanipun tiyang sepuh ngupadi jampi. Emanipun jampi ingkang wradinkangge tamba punika raosipun pait nyethek. Memper menawi lare sami botenpurun ngombe. Murih jampi punika saged mlebet, tiyang sepuh ndamel cekok.Inggih punika lawon ingkang isinipun parutan jampi lajeng diperes dipundublakaken ing cangkemipun lare. Klawan digujer lare mboten saged mberotlan panggah ngolu sinartan panangis lan panggeroning lare. Sanes wegdal,nalikanipun lare angel angenipun maem, tiyang sepuh namung ngandika:“Pengin dicekoki piye?” lajeng purun maem. Amargi ajrih dipun cekoki malih.Makaten ugi tumrap gesanging umat. Nalikanipun umat pinanggihboten ‘sehat’, wosipun boten bangun turut ing dhawuh lan pangandikanipunGusti, wonten jejampi ingkang kedah katamaken, murih umat punika sehatmalih. Jampinipun punapa? Boten sanes pangaduh, pangesah, pasambat.(Yehezkiel 2:10) Wosipun kasangsaran. Srana kasangsaran punika GustiAllah mbangun adeging umat ingkang sehat lan sembada wonten ingngarsanipun Gusti. Pramila, sanajan kasangsaran punika perangan ingkangsaged dipun wastani pait, ananging ing tutukipun nabi Yehezkiel punikadados perangan ingkang manis kados dene puwan. Awit saestu kalawankasangsara punika, umat saged sami mratobat; nggetuni saha nelangsanidosa-dosanipun lan nyuwun sih mirmanipun Gusti murih linuwaran sakingkasangsaran punika.Sami kaliyan kasangsaranipun Gusti Yesus ingkang dados jampiningkawilujengan kawula. Sanajan pait, punika milujengaken. Pramila, sumanggakawula ingkang sampun kasarasaken lan kawiujengaken, nggesangi kasarasanlan kawilujengan punika klawan samesthinipun sinartan pamuji sokur. SatemahGusti Yesus boten perlu kasalibaken wongsal-wangsul kangge nebus dosaningmanungsa.|*AJ
Rebo, 18 Maret 2026 Minggu Pra Paskah IV
Yesaya 60:17-22; Jabur 146; Mateus 9:27-34 WATON SULAYA“Anggone nundhungi dhemit iku kanthi panguwasanepanggedhening para dhemit.”(Mateus 9:34) Ing satengahing gesang, kita asring mrangguli wontenipun tiyangingkang ‘angel’ sarta ‘ngewuhke”. Tiyang punika adhakanipun nggresulanipunapa kemawon ingkang kelampahan. Nalikanipun mangsa rendheng, alokmenawi “pemeanku ora garing-garing”. Nalika mangsa ketiga, ujar “panase kayaning nraka”. Sedaya ingkang karaosaken sarwa boten kaleresan. Wontenkemawon jalaranipun.Makaten ugi nalikanipun mrangguli perangan becik ingkang tinampitiyang sanes,piyambakipun mboten ndherek bingah. Badhea punika sarassaking sesakitipun punapa dene pikantuk bansos saking pamarintah.Panyaruwenipun “coba nggugu aku, ora bakalan lara”, “Yen dudu aku singdaftarke, tangeh lamun olehe antuk bansos.” Kamangka menawi dipuntlesih, saestunipun tiyang punika boten nindakaken punapa-punapa kejawipansos (panjat sosial) kemawon.Punika ugi ingkang kebabar ing gesanging tiyang Farisi. Miturutkalenggahanipun, tiyang Farisi punika langkung unggul, langkung mursid,langkung limpad lan langkung wicaksana. Kawruhipun bab toret, pinitadosmurugaken lampahing gesang tumuju ing kawilujengan. Nanging kadospundi kasunyatanipun?Nalikanipun wonten tiyang ingkang wuta lan tiyang bisu ingkangkapanjingan dhemit, ingkang sami nguwuh-nguwuh nyadhong pitulungan,tiyang Farisi punika kendel kemawon. Reka-reka boten mangertos. Begjanipunwonten Gusti Yesus ingkang pinuju tindak ing papan punika. Kalawan panguwaose,tiyang ingkang wuta punapa dene ingkang bisu lan kapanjingan dhemitpunika sami dipun sarasaken. Samesthinpun tiyang Farisi sami keparengngaturaken panuwun dhumateng Gusti Yesus. Ananging timbangipunnelakaken pamatur nuwun, para tiyang Farisi malah nelakaken panyaruwe.“Anggone nundhungi dhemit iku kanthi panguwasane panggedhening paradhemit.” Saestu panyaruwe ingkang boten pantes sinuba sinudharsonomiturut kalenggahan ingkang utama jer namung waton sulaya! |*AJ
Slasa, 17 Maret 2026 Minggu Pra Paskah IV
Yesaya 42:14-21; Jabur 146; Kolose 1:9-14 DADOS KALUHURANING GUSTI“Aku bakal ngluhurake Sang Yehuwah sajegku urip,Allahku bakal dakpuji kalawan masmur sajrone aku isih ana”(Jabur 146:2) Pamujining tiyang sepuh menggah para putra sageda ing tembe dadosatiyang ingkang luhur; kasinungan drajat lan kasugihan. Pramila anggenipunparing tenger utawi nami inggih punika ingkang nyondhongi ing pangajeng-ajengipun, kadosta Mulyono, Mulyadi Raharja, Suharto, lsp.Kaatag dening pangajeng-ajeng ingkang saklangkung, murih kadumugensedyanipun, wiwit taksih alit; para lare sampun dipun gulawenthah kalawandisiplin lan dipun sangoni kaliyan mawerni-werni ilmu lan keterampilan.Dipun ndherekaken bimbingan belajar, ngaturi guru les lan sanes-sanesipun.Wusananipun lare boten nggandahi wekdal kangge dolan lan ngraosakenbingah. Nalikanipun lulus, murih sagedipun nyambut damel ugi sinengkuyungtiyang sepuh. Badhea relasi lan nepotisme kongsi besel lan bebingahsanesipun. Memper nalika sampun nampi kalenggahan, korupsi dados kalajiret, awit sedayanipun tinampi kanthi bayaran.Ancasing gesang Juru Masmur sanyata beda kaliyan ancasing jagad.Timbangipun dados tiyang ingkang sukses, Juru Masmur miji sageda dadostiyang ingkang saged ngluhuraken asmanipun Gusti. Boten ateges kadosjuru kidung/sindhen lsp, ananging gesang ingkang saetu dados puji lankamulyaning Gusti, laras kaliyan ancasing Gusti Allah anggenipun yasamanungsa. Resepipun prasaja kemawon, inggih punika kumandel ing GustiAllah ingkang nitahaken bumi lan langit, segara saisinipun sedaya, ingkangprasetyanipun langgeng ing salami-laminipun. (Jbr 146:6)Sarehne kumandel ing panggulowenthahipun Gusti, Juru Masmur saestukasagedaken nampi sedaya lelampahaning gesang kanthi suka bingah lankebaking atur panuwun sokur. Atur panuwun sokur punika ingkang dadostuking kaluhuraning asmanipun Gusti ingkang kebabar ing pandamel sae.Njejegaken ingkang tumungkul, ngluwari ingkang kinunjara, jampeni lannyarasaken ingkang sakit, ngelekaken ingkang wuta, maringi tedha ingkangkerapan, ngayomi bocah lola lan para randha ing karingkihanipun. Sanyatadados kaluhuraning asmanipun Gusti. |*AJ
Senen, 16 Maret 2026 Minggu Pra Paskah IV
Yesaya 59:9-19; Jabur 146; Lelakone Para Rasul 9:1-20 GETHING NYANDING“Jalaran wong iki piranti pilihaningSun kanggo martakake asmaningSunmarang bangsa-bangsa liya sarta para raja lan wong-wong Israel.”(Lelakone Para Rasul 9:15) Ing kabudayan Jawi wonten pitutur ingkang luhur inggih punika “gethingnyandhing”. Secara wanthah ngemu pangertosan menawi nggethingmangkenipun bakalan nyandhing. Perangan punika kaetrapaken ing manekawerni prekawis ing gesang. Badhea punika jodho, pedamelan punapa denepapan. Contonipun satunggaling pandhita GKJ. Nalika taksih lare, piyambakipunpunika ing wancinipun ngibadah mesthi kesed lan kemba. Wonten mawoningkang dados pawadanipun menawi dipun kengken ngibadah. Duka punikataksih ngantuk, ngleresi wonten kencanan punapa dene tayangan ingkangsae ing televisi. Ananging samangke saben Minggu prasasat panjenenganipunmalah mimpin pangibadah.Mekaten ugi ingkang kalampahan ing gesangipun Saulus. Sewau manahipunSaulus kebak pangancam lan pangigit-igit arsa nguya-uya lan mejahipandherekipun Gusti Yesus. Ndilalah, pinuju lumampah badhe nganiayapandherekipun Gusti Yesus, piyambakipun malah dipun panggihi Gusti YesusKristus ingkang nguwuh: “Saulus, Saulus ya gene sira kok nganiaya marangIngsun?” Tumunten, nalikanipun Ananias kepareng numpangi asta lannyarasaken Saulus, Saulus banjur mratobat lan kepareng dados utusaningGusti.Pramila makaten, nalikanipun wonten sedherek ingkang sami denenguya-nguya pasamuwanipun, sampuna ngantos gething lan mengsahi,napa malih nelakaken piwales. Jer Gusti Yesus sampun paring tuladhanalikanipun kinaniaya bangsanipun piyambak, Panjenenganipun keparengndongakaken lan kepareng paring pangapunten. “Dhuh Rama, tiyang-tiyang punika mugi Paduka apunten, amargi sami boten mangretos punapaingkang dipun tindakaken.” (Lukas 23:34) Srana pandonga lan pangapunten,boten nama mokal menawi kathah tiyang ingkang sewaunipun gethingiumatipun, ing tembe malah dados abdinipun kinasih. Kados lelampahaningYusuf Roni ingkang gethingi gereja malah kepareng dados Pandhita. GethingNyanding!|*AJ
