+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 23 Maret 2026 Minggu Pra Paskah V

1 Raja-raja 17:17-24; Jabur 143; Lelakone Rasul-rasul 20:7-12

ETUKING GESANG
“Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka gesangaken margi saking
asma Paduka, nyawa kawula mugi Paduka entas saking karibedan
demi kaadilan Paduka.”
(Jabur 143:11)

Ing lelampahaning gesang, kalamangsanipun kita mrangguli peranganing
gesang ingkang saestu awrat. Tuladhanipun nalikanipun jagad tinempuh ing
covid-19, sedaya sami ngraosaken kasangsaran lan kaprihatosan. Kathah usaha
ingkang tutup punapa dene bangkrut awit wontenipun PSBB (Pembatasan
Sosial Bersekala Besar). Kathah karyawan ingkang kapeksa dirumahkan
badhea krana PHK (Pemutusan Hubungan Kerja) punapa dene nyambut
damel wonten griya kemawon. (work from home). Dereng malih kadhuhkitan
ingkang sinanggi awit wontenipun brayat, sanak kadang tangga tepalih lan
ugi rencang peladosan ingkang sami kapundhut margi ketaman covid. Saestu
dadosaken giris lan semplah.
Mekaten ugi ingkang karaosaken Juru Masmur nalikanipun gesangipun
tinempuh ing mawerni-werni karibedan. Jer putranipun kinasih, inggih punika
Absalom, ingkang dipun gadhang-gadhang saged nyengkuyung ing karaharjaning
bangsa, malah sami mbalela lan ngancam kepareng badhe merjaya lan
nglengseraken Dawud saking kalenggahaning minangka ratuning Israel.
Panyuwunipun Dawud dhumateng Gusti Allahipun murih saged lestari
gesangipun dalasan enggala Gusti Allah ngluwari gesangipun saking sedaya
karibedanipun.
Sanyata panjurung pitulunganipun Gusti Allah nyata tumrap sinten
kemawon abdinipun ingkang kepareng pasrah lan nyadhong panjurung
pitulunganipun Gusti murih lestantun gesangipun. Sami kaliyan lelampahaning
Nabi Elia nalikanipun mrangguli pepes lan semplahipun mbok randa ingkang
larenipun estri ketaman sakit lan pejah. Makaten ugi Paulus ingkang mrangguli
sawijing muda taruna ingkang nama Euthikus ingkang awit mirengaken
pangandikanipun, karaos ngantuk lan dhawah saking tingkat wusana nemahi
seda. Sedaya sami nyadhong gesang murih ingkang pejah sageda gesang
malih. Sanyata Gusti Allah, ingkang minangka etuking gesang myarsaken lan
njurungi pandonganipun satemah ingkang pejah saged gesang malih. Jer
saestu etuking gesang amung Gusti. |*AJ

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *