2 Raja-raja 4:18-37; Jabur 143; Efesus 2:1-10
MLIGI AWIT SIH RAHMAT
“Sabab anggonmu padha kapitulungan rahayu iku saka sih-rahmat
marga pracaya; lan iku dudu wohing pambudidayamu,
nanging peparinge Gusti Allah,”
(Efesus 2:8)
Nalika ngrembag bab kawilujengan, satunggaling pitakenan ingkang
wigatos inggih punika, punapa manungsa; awit saking daya kekiyatanipun
piyambak saged nggayuh kawilujengan? Wangsulanipun boten saged. Jalaranipun,
“Marga kabeh wong wis padha gawe dosa sarta koncatan ing kamulyaning
Allah,”(Rum 3:23).
Larah-larahipun makaten. Wiwit Gusti Allah yasa langit bumi saisinipun,
miturut Purwaning Dumadi 1-11 ingkang kawentar minangka “Narasi Penciptaan”,
saged dipun bundheli bilih prasasat meh sedayanipun nggambaraken dosa
lan pambalelaning manungsa. Purwaning Dumadi 3 ngewrat bab manungsa
ingkang dhumawah ing dosa. Purwaning Dumadi 4 ngewrat bab Kain ingkang
mejahi Abel. Purwaning Dumadi 6 ngewrat pialaning manungsa ingkang
saobah-osiking manahipun namung awon kewala. Purwaning Dumadi 7-8
ngewrat bab bena ageng ingkang minangka bebendhunipun gusti Allah.
Purwaning Dumadi 11 ngewrat menara Babil, ingkang minangka wujud
pambalelaning manungsa.
Sanyata Gusti Allah boten negakaken manungsa anggenipun kadlarung
wonten ing dosa lan panerakipun. Gusti Allah maringi pepakening toret murih
manungsa sageda bangun turut Gusti. Gusti Allah ugi ngutus utusanipun,
inggih para Nabi, para hakim, malah imam lan ratu punapa kersanipun gesangipun
tumata becik. Émanipun sedaya kesaenaning Gusti Allah punika boten kodal
nuntun manungsa ing kawilujenganipun. Awit punapa? Boten sanes inggih
amarga dosa lan panerakipun manungsa.
Satemah ingkang saged katindakaken Gusti Allah anggenipun milujengaken
manungsa inggih punika nebus dosa-dosaning manungsa lumantar pakaryan
kawilujengan salib. Inggih awit saking punika kawilujengan punika mligi awit
saking rahmatipun Gusti, boten wonten pamrihipun manungsa babar pisan.
Puji sokur konjuk Gusti! |*AJ
