Yeremia 32:1-9; Jabur 143; Mateus 22:23-33
KITAB SUCI PITEDAHING GESANG
“Kowe iku padha kesasar, jalaran kowe padha ora sumurup
bab Kitab Suci lan panguwasaning Allah.”
(Mateus 22: 29)
Nalika pinuju kekesahan, mirungganipun wonten tlatah ingkang dereng
nate kita ambah, temtu kemawon kita mbetahaken pitedah. Badhea punika
enering lampah; mangetan, mangulon, mangiwa utawi manengen, lan radosan
pundi kemawon ingkang piniji; punapa medal radosan tol, langkung njeron
utawi njawi kitha, murih dumugi ing papan ingkang katuju. Sangsaya pana
anggenipun njarwakaken pitedah, sangsaya gangsar lan lancar anggenipun
kekesahan.
Mekaten lampahaning gesang, pindha tiyang ingkang kekesahan.
Sangsaya cetha anggenipun mangertosi purwa duksinaning gesang, ener lan
pandoming gesang, sangsaya mantep anggenipun mlampah murih ancasing
gesang saged kadumugen. Emanipun kathah tiyang ingkang klentu mastani
bilih gesanging manungsa punika gadhahanipun piyambak. Awit sanyatanipun
gesanging kagunganipun Gusti, ingkang maringaken gesang. Gusti Allah
piyambak ingkang kagungan rancangan menggah gesanging manungsa.
Satemah anggen kita kepareng nampeni pitedah, murih enering lampahing
manungsa punika laras kaliyan rancanganipun Gusti Allah, inggih nyadhong
pitedahipun. Lan pitedahipun Gusti Allah punika sampun kaserat wonten ing
kitab suci.
Murih sampuna ngantos kesasar, nyumurupi pitedahipun ing salebeting
Kitab Suci, dados perangan ingkang saestu wigatos. Memper menawi Gusti
Yesus mratelakaken pakaryanipun kangge manungsa minangka margi/
radosan. Makaten pangandikanipun, “Aku iki dalane, sarta jatine kayekten
lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama,
manawa ora metu ing Aku.” (Yokanan 14:6) sanyata nuladha Gusti Yesus,
ateges sampun nampi pitedahing gesang. SarehneGusti Yesus sampun kepareng
sumengka lan nedakaken Sang Roh Suci, inggih Sang Roh Suci punika ingkang
kepareng nganthi gesanging manungsa. Uger ngeneraken gesang ing osiking Roh
Suci, kita kepareng ngambah margining kawilujengan. Ing bumi dalah ing
swarga. |*AJ
