1 Samuel 16:11-13; Jabur 31:9-16; Filipi 1:1-11
PANDAMEL INGKANG SAE
“Muga-muga katresnanmu saya mundhak-mundhaka ing pangawruh
kang bener lan ing sarupaning pangreten, satemah kowe
padha bisa milih apa kang becik”
(Filipi 1:9-10)
Ing sawijining dinten, wonten priyanyi ingkang rawuh wonten pastori.
Tiyang punika matur dhateng bapa pandhita, bilih piyambakipun punika
sedherek patunggilan, sapunika saweg kekesahan saking Semarang dhateng
Surabaya. Dilalah ing margi punika kecopetan. Wekdal kondektur bis narik
karcis, piyambakipun boten saged mbayar lan kapeksa mandhap wonten
sacelaking pastori punika. Piyambakipun nyadhong piwelas ngampil arta
kangge mbacutaken lampahipun. Awit raos welasipun, bapa pandhita
tumunten njurungi ingkang dados panyuwunanipun.
Ing sanes wekdal, wonten satunggaling warga pasamuwan ingkang
nguningani babagan punika lajeng matur bilih bapa pandhita sampun kapusan,
jer tiyang punika sampun wongsal-wangsul anggenipun apus-apus. Mireng
bab punika bapa pandhita rumaos getun, lan osiking manah ngunandika, bilih
pandamel becik punika dereng temtu pinanggih becik. Prayata nindakaken
perangan ingkang sae punika dereng temtu pinanggih sae wekasanipun.
Mbetahaken kawruh lan pangreten satemah pandamel sae ing sakawit,
pungkasanipun inggih pinanggih sae. Laras kaliyan nas “satemah kowe bisa
milih apa kang becik”.
Sanajan sewaunipun wonten raos gela lan ugi kuciwa awit sampun kapusan,
ananging ing salebeting manahipun bapa pandhita inggih ngraosaken plong
lan tentrem. Wondene pambereg ingkang nuwuhaken pandamel sae punika
awit saking katresnan ingkang tuwuh ing raos welas. Sanajan asring ngapusi,
mbok menawi nalika semanten, saestu kecopetan. Sinten ingkang saged
mesthekaken kejawi tiyang punika lan Gusti Allah piyambak. Sawatawis ugi
panjenenganipun ngraosaken panuwun bilih sampun kepareng kapusan lan
sanes piyambakipun ingkang nedya ngapusi.
Pangrimating Gusti Allah tumraping para kagunganipun punika tansah
kebabar ing sadaya kawonten. Mugi kita sangsaya mundhak-mundhak ing
katresnan lan kawruh kang leres. Dimen kepareng miji pandamel ingkang
sae ingkang nyondhongi kersanipun Gusti. Gusti tansah mitulungi. |*AJ
