Yesaya 60:17-22; Jabur 146; Mateus 9:27-34
WATON SULAYA
“Anggone nundhungi dhemit iku kanthi panguwasane
panggedhening para dhemit.”
(Mateus 9:34)
Ing satengahing gesang, kita asring mrangguli wontenipun tiyang
ingkang ‘angel’ sarta ‘ngewuhke”. Tiyang punika adhakanipun nggresulani
punapa kemawon ingkang kelampahan. Nalikanipun mangsa rendheng, alok
menawi “pemeanku ora garing-garing”. Nalika mangsa ketiga, ujar “panase kaya
ning nraka”. Sedaya ingkang karaosaken sarwa boten kaleresan. Wonten
kemawon jalaranipun.
Makaten ugi nalikanipun mrangguli perangan becik ingkang tinampi
tiyang sanes,piyambakipun mboten ndherek bingah. Badhea punika saras
saking sesakitipun punapa dene pikantuk bansos saking pamarintah.
Panyaruwenipun “coba nggugu aku, ora bakalan lara”, “Yen dudu aku sing
daftarke, tangeh lamun olehe antuk bansos.” Kamangka menawi dipun
tlesih, saestunipun tiyang punika boten nindakaken punapa-punapa kejawi
pansos (panjat sosial) kemawon.
Punika ugi ingkang kebabar ing gesanging tiyang Farisi. Miturut
kalenggahanipun, tiyang Farisi punika langkung unggul, langkung mursid,
langkung limpad lan langkung wicaksana. Kawruhipun bab toret, pinitados
murugaken lampahing gesang tumuju ing kawilujengan. Nanging kados
pundi kasunyatanipun?
Nalikanipun wonten tiyang ingkang wuta lan tiyang bisu ingkang
kapanjingan dhemit, ingkang sami nguwuh-nguwuh nyadhong pitulungan,
tiyang Farisi punika kendel kemawon. Reka-reka boten mangertos. Begjanipun
wonten Gusti Yesus ingkang pinuju tindak ing papan punika. Kalawan panguwaose,
tiyang ingkang wuta punapa dene ingkang bisu lan kapanjingan dhemit
punika sami dipun sarasaken. Samesthinpun tiyang Farisi sami kepareng
ngaturaken panuwun dhumateng Gusti Yesus. Ananging timbangipun
nelakaken pamatur nuwun, para tiyang Farisi malah nelakaken panyaruwe.
“Anggone nundhungi dhemit iku kanthi panguwasane panggedhening para
dhemit.” Saestu panyaruwe ingkang boten pantes sinuba sinudharsono
miturut kalenggahan ingkang utama jer namung waton sulaya! |*AJ
