Yesaya 42:14-21; Jabur 146; Kolose 1:9-14
DADOS KALUHURANING GUSTI
“Aku bakal ngluhurake Sang Yehuwah sajegku urip,
Allahku bakal dakpuji kalawan masmur sajrone aku isih ana”
(Jabur 146:2)
Pamujining tiyang sepuh menggah para putra sageda ing tembe dadosa
tiyang ingkang luhur; kasinungan drajat lan kasugihan. Pramila anggenipun
paring tenger utawi nami inggih punika ingkang nyondhongi ing pangajeng-
ajengipun, kadosta Mulyono, Mulyadi Raharja, Suharto, lsp.
Kaatag dening pangajeng-ajeng ingkang saklangkung, murih kadumugen
sedyanipun, wiwit taksih alit; para lare sampun dipun gulawenthah kalawan
disiplin lan dipun sangoni kaliyan mawerni-werni ilmu lan keterampilan.
Dipun ndherekaken bimbingan belajar, ngaturi guru les lan sanes-sanesipun.
Wusananipun lare boten nggandahi wekdal kangge dolan lan ngraosaken
bingah. Nalikanipun lulus, murih sagedipun nyambut damel ugi sinengkuyung
tiyang sepuh. Badhea relasi lan nepotisme kongsi besel lan bebingah
sanesipun. Memper nalika sampun nampi kalenggahan, korupsi dados kala
jiret, awit sedayanipun tinampi kanthi bayaran.
Ancasing gesang Juru Masmur sanyata beda kaliyan ancasing jagad.
Timbangipun dados tiyang ingkang sukses, Juru Masmur miji sageda dados
tiyang ingkang saged ngluhuraken asmanipun Gusti. Boten ateges kados
juru kidung/sindhen lsp, ananging gesang ingkang saetu dados puji lan
kamulyaning Gusti, laras kaliyan ancasing Gusti Allah anggenipun yasa
manungsa. Resepipun prasaja kemawon, inggih punika kumandel ing Gusti
Allah ingkang nitahaken bumi lan langit, segara saisinipun sedaya, ingkang
prasetyanipun langgeng ing salami-laminipun. (Jbr 146:6)
Sarehne kumandel ing panggulowenthahipun Gusti, Juru Masmur saestu
kasagedaken nampi sedaya lelampahaning gesang kanthi suka bingah lan
kebaking atur panuwun sokur. Atur panuwun sokur punika ingkang dados
tuking kaluhuraning asmanipun Gusti ingkang kebabar ing pandamel sae.
Njejegaken ingkang tumungkul, ngluwari ingkang kinunjara, jampeni lan
nyarasaken ingkang sakit, ngelekaken ingkang wuta, maringi tedha ingkang
kerapan, ngayomi bocah lola lan para randha ing karingkihanipun. Sanyata
dados kaluhuraning asmanipun Gusti. |*AJ
