Yehezkiel 1:1-3, 2:8-3:3; Jabur 130; Wahyu 10:1-11
JAMPINING GESANG
“Dhawuhe marang aku mangkene: He, anaking manungsa, gulungan
kang Sunparingake marang sira iki panganen, wetengira isenana iku.”
Iku banjur dakpangan, ana ing cangkemku rasane legi kaya madu.”
(Yehezkiel 3:3)
Kala rumiyin, nalikanipun wonten lare ingkang angel anggenipun nedha,
adhakanipun tiyang sepuh ngupadi jampi. Emanipun jampi ingkang wradin
kangge tamba punika raosipun pait nyethek. Memper menawi lare sami boten
purun ngombe. Murih jampi punika saged mlebet, tiyang sepuh ndamel cekok.
Inggih punika lawon ingkang isinipun parutan jampi lajeng diperes dipun
dublakaken ing cangkemipun lare. Klawan digujer lare mboten saged mberot
lan panggah ngolu sinartan panangis lan panggeroning lare. Sanes wegdal,
nalikanipun lare angel angenipun maem, tiyang sepuh namung ngandika:
“Pengin dicekoki piye?” lajeng purun maem. Amargi ajrih dipun cekoki malih.
Makaten ugi tumrap gesanging umat. Nalikanipun umat pinanggih
boten ‘sehat’, wosipun boten bangun turut ing dhawuh lan pangandikanipun
Gusti, wonten jejampi ingkang kedah katamaken, murih umat punika sehat
malih. Jampinipun punapa? Boten sanes pangaduh, pangesah, pasambat.
(Yehezkiel 2:10) Wosipun kasangsaran. Srana kasangsaran punika Gusti
Allah mbangun adeging umat ingkang sehat lan sembada wonten ing
ngarsanipun Gusti. Pramila, sanajan kasangsaran punika perangan ingkang
saged dipun wastani pait, ananging ing tutukipun nabi Yehezkiel punika
dados perangan ingkang manis kados dene puwan. Awit saestu kalawan
kasangsara punika, umat saged sami mratobat; nggetuni saha nelangsani
dosa-dosanipun lan nyuwun sih mirmanipun Gusti murih linuwaran saking
kasangsaran punika.
Sami kaliyan kasangsaranipun Gusti Yesus ingkang dados jampining
kawilujengan kawula. Sanajan pait, punika milujengaken. Pramila, sumangga
kawula ingkang sampun kasarasaken lan kawiujengaken, nggesangi kasarasan
lan kawilujengan punika klawan samesthinipun sinartan pamuji sokur. Satemah
Gusti Yesus boten perlu kasalibaken wongsal-wangsul kangge nebus dosaning
manungsa.|*AJ
