+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 20 Maret 2026 Minggu Pra Paskah IV

Yehezkiel 33:10-16; Jabur 130; Wahyu 11:15-19

MANGGA SAMI MRATOBAT
“… Ingsun ora ngarsakake patine wong duraka, nanging Ingsun
ngarsakake pamratobate wong duraka supaya urip. Padha mratobata,
padha sumingkira saka ing lakunira kang ala iku! Yagene sira
bakal padha mati, he para turune Israel?”
(Yehezkiel 33:11)

Dados kaprihatosan nalika wonten satunggaling Mahasiswi jurusan
kesehatan dan keselamatan kerja (K3) ing satunggaling Perguruan Tinggi
Negri, ingkang ngayut tuwuh. Piyambakipun njegur wonten ing bengawan
Solo. Kalih dinten layonipun nembe kepanggih. Wonten ing wasiatipun,
kenya punika nyerat makaten, “Aku pergi ya…, aku capek. Maaf karena
telah mengkhianati dan berjanji untuk bertahan. Tak masalah semua orang
bilang yang lain bipolar juga bisa… aku engga. Aku capek bu maaf aku tak
sekuat ibu.”
Pranyata menawi kenya punika tinempuh penyakit psikologis ingkang
dipun wastani bipolar. Bipolar inggih punika pangraosing manah ingkang
molah-malih, kala mangsa bungah kala mangsa ngraosaken sisah ingkang
nggrantes. Pinuju kimat saged nindakaken perangan ingkang kaladuk, boten
pantes malah kepara dursila.
Raosing manah ingkang kaladuk, boten pantes lan dursila ugi karaosaken
bangsa Israel. Kaladuk anggenipun nyenyamah Gusti srana manembah allah
sanes. Nampik lan nginaniaya para nabi ingkang dados utusanipun Gusti,
lan mratelakakaken perangan ingkan boten adil. Ing kawontenan dosa
punika Gusti Allah saged nampeni, sauger bangsa Israel purun mratobat.
Awit sanyatanipun boten wonten manungsa ing jagad punika ingkang suci
saha mursid, ingkang sinung kawilujengan. Marga kabeh wong wis padha
gawe dosa sarta koncatan ing kamulyaning Allah.
Boten wonten tembung telat tumrap sinten kemawon ingkang kepareng
mratobat. Inggih punika nilar sedaya pandamel ingkang ala lan ngupadi gesang
bangun turut ing kersanipun. Saiba begja umatipun Gusti Yesus Kristus, wit
sanyatanipun Panjenenganipun piyambak ingkang sampun kepareng nebus
dosa-dosaning manungsa. Mbok menawi kenya punika kumandel ing Gusti
Yesus, boten perlu ngayut tuwuh. Jer “sakathahing prakara bisa daksangga ana
ing Panjenengane kang paring kakuwatan marang aku” (Filipi 4:13).|*AJ

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *