Ayub 14:1-14; Kaimaman 3:1-9, 19-24; Jabur 31:1-4, 15-16;I Petrus 4:1-8; Mateus 27:57-66; Yokanan 19:38-42 PADHA DIGUMUNI“Marga saka iku kowe padha digumuni, dene koweora padha melu nyemplung ing blethokaning pamblasar iku …”(1 Petrus 4:4a) Kenging punapa tiyang rumaos gumun dhateng tiyang sanes?Wangsulanipun wonten kalih prekawis, inggih punika karana lampahipuningkang sae utawi amargi lampahipun ingkang awon. Lampahipun ingkangsae dados remenipun tiyang sanes, dene lampahipun ingkang awon dadoskaprihatosanipun tiyang sanes. Menawi kita ningali tumindak ingkang sae,kita bingah lan nyengkuyung supados sedherek punika saged tetep saemalah sangsaya sae. Dene menawi kita ningali tumindak ingkang awon kitadados sedhih lan gadhah pangajab sedherek punika enggal nilartumindakipun ingkang awon. Punapa kita saged migatosaken kalih-kalihipun? Punapa kita purun ngengetaken sedherek ingkang samitumindak awon?Serat 1 Petrus 4 punika nyariyosaken kawontenaning pasamuwan ingPontus, Galati, Kapadhokia, Asia-Kecil lan Bitinia sakderengipun lansaksampunipun pitados lan nampi pakaryanipun Gusti Yesus. Gegelitaningpasamuwan punika sampun nilaraken kekaremananing kadagingan(mendem, jabar-jibur, nyembah brahala). Masyarakat ingkang sami nyipatibab punika sami gumun: kok bisa wong-wong iku ninggal utawa ngedohikuwi kabeh. Gumunipun masyarakat awit ningali pasamuwan ingkang saegesangipun, ingkang mbangun-turut dhumateng Gusti. Emanipun,anggenipun rumaos gumun punika boten kalajengaken sami mratobat lannampeni Gusti Yesus, ananging malah sami mitenah pasamuwanipun Gusti.Rasul Petrus ngiyataken manahipun para pitados lan kaatag sami paringwangsulan dhateng tiyang-tiyang wau.Ing sakiwa tengen kita kathah tiyang ingkang tumindak sae punapadene ingkang awon. Kapitadosan kita kateter, kita badhe ngetut ingkang saepunapa ingkang awon, badhe ngetut wingking Gusti Yesus ingkang sampunmilujengaken kita punapa nyingkur Panjenenganipun? Kita remen dipungumuni awit pambangun-turut kita punapa awit pamblasar kita? Amin.|*WSMS
Jemuwah, 3 April 2026 Jemuwah Adi
Yesaya 52:13-53:12; Jabur 22; Ibrani 10:16-25/Ibrani 4:14-16; 5:7-9; Yokanan 18:1-19:42 ENGON-INGENGON“Sarta mara padha ngengon-ingengon, supaya padha atag-ingataging katresnan lan ing panggawe utama”(Ibrani 10:24) Tembung “engon-ingengon” ing ijeman basa Jawi padintenan dipunserat “padha nggatekna kabutuhane wong siji lan sijine sarta padha tulung-tinulung.” Sami-dene nggatosaken punika bab ingkang wigati. Anangingwekdal sapunika tumindak ingkang kados mekaten punika sajak sangsayalangka. Mekaten pangudarosipun sawetawis tiyang. Kathah tiyang ingkangnamung mikiraken kabetahaning dhirinipun piyambak, boten purunnggatosaken tiyang sanes. Tumraping gesang sesarengan bab punika temtumrihatosaken, saged damel gesang sesarengan keganggu, malah ngrisakgesang sesarengan punika.Ingkang mekaten punika ugi saged kedadosan ing gesangingpasamuwan. Warganing pasamuwan sami-dene boten preduli dhatengkabetahaning sesaminipun, boten wonten krenteg kangge tulung-tinulung.Kosokwangsulipun, namung sami nggatosaken dhiri pribadi lankapentinganipun piyambak-piyambak. Kados pundi menawi bab punikakedadosan ing pasamuwan ing pundi panjenengan dados warganipun?Temtu pasamuwan badhe kisruh, boten wonten katentreman awit gesaningpasamuwan boten linandhesan katresnan. Pasamuwan boten saged dadosseksi tumrap masyarakat ing sakiwa-tengenipun. Kosokwangsulipun, malahdados sandhungan kangge masarakat. Sarana mekaten, asmanipun Gustiboten kaluhuraken, ananging dipun wewada dening tiyang sanes.Waosan Kitab Suci dinten punika mbereg supados kita tansah engon-ingengon, supados kita tansah nggatos-ginatosaken, jer punika ingkangdipun kersakaken dening Gusti. Srana mekaten, kita nelakakenkatresnanipun Gusti dhateng pasamuwanipun ingkang sampun dipun tebusdening Gusti, ingkang sampun dipun resiki saking manah ingkang awon.Gusti Yesus sampun nucekaken gesang kita srana rahipun ingkang suci lanRoh Suci tansah madhangi lampah kita, satemah kita saged mujudakengesang ingkang utami. Amin. |*WSMS
Kemis, 2 April 2026 Kemis Pethak
Pangentasan 12:1-4, (5-10), 11-14; Jabur 116:1-2, 12-19;I Korinta 11:23-26; Yokanan 13:1-17, 31b-35 KEDAHIPUN TAMBAH BECIK“Awit saben-saben kowe padha mangan lan ngombe ing tuwung iki,iku ateges kowe padha martakake sedane Gustinganti tumeka ing rawuhe” (I Korinta 11:-26) Ing gesang kita padintenan, nedha roti punika kalebet bab ingkangkaanggep limrah. Ananging ngombe anggur punika boten limrah. Kanggekita tiyang Kristen, nedha roti lan ngombe anggur punika kita alami nalikakembul ing Bujana Suci. Anggen kita nedha roti namung sairis lan ngombeanggur namung sasloki, awit punika minangka simbol kangge pangenget-enget tumrap sangsara lan sedanipun Gusti Yesus Kristus kangge nebusdosa kita. Limrahipun ing wekdal bujana suci ingkang ngibadah langkungkathah katimbang adatipun, malah kepara luber. Wonten greja ingkangngantos pasang tendha lan nambah kursi nalika paladosan Bujana Suci.Pangagemipun warga pasamuwan ugi beda kaliyan adatipun, ketingallangkung rapi lan langkung sae.Rasul Paulus rumaos prihatos awit ing pambujanan punika wontenkadadosan ingkang kirang prayogi. Wonten tiyang-tiyang ingkang namungmikiraken dhirinipun piyambak, nedha lan ngombe sakathah-katahipunngantos wonten sadherekipun ingkang boten uman. Warganingpasamuwan sami-dene boten nggatosaken sesaminipun lan boten ngudiwontenipun patunggilan ingkang sae. Gesanging patunggilan botensangsaya sae, nanging sangsaya awon. Anggenipun neda lan ngombe botenkangge pangenget-enget sangsara lan sedanipun Gusti Yesus, nangingnamung nengenaken kabetahanipun piyambak. Anggenipun masamuwanboten nedya nedha bujananipun Gusti. Awit nalika kembul ing bujanapunika sami tumindak ingkang boten prayogi.Gegelitaning pasamuwan punika kabangun linandhesan pakaryanipunGusti Yesus Kristus ingkang nandhang sangsara, seda lan wungu awitkatresnanipun dhateng manungsa. Pramila para pitados katimbalanmujudaken gesang ingkang prayogi, boten sembrana. Ananging tansahlados-linadosan lan nelakaken ajrih asih dhumateng Gusti satemah sagedsesarengan ngluhuraken asmanipun Gusti. Amin. |*WSMS
Rebo, 1 April 2026 Minggu Pra-Paskah VI
Yesaya 50:4-9a; Jabur 70; Ibrani 12:1-3; Yokanan 13:21-32 MANDENG DHUMATENG GUSTI YESUS“… mulane payo padha mbuwang sakabehing momotan sarta dosa kangtansah ngganggu gawe kita, sarta kalawan mantep padha lumayu ing pabalapan kang kawajibake marang kita”(Ibrani 12:1) Saben tiyang gadhah momotan ing gesangipun. Momotan punika sagedarupi sesakit, kabetahan ing bab ekonomi, prekawis ing gesang bebrayatan,ing padamelan lan sapiturutipun. Wonten tiyang ingkang momotanipunketingal kathah lan awrat sanget, wonten ugi ingkang ketingalipun namungsakhedik lan entheng. Saben tiyang ugi beda-beda anggenipun ngraosakenlan nanggapi momotanipun.Serat Ibrani bab 12 ayat 1-3 punika ngrembag bab momotan, anangingmomotan ing ngriki beda kaliyan momotan ingkang limrahipun karaosakening gesang padintenan. Perikop punika nyariyosaken momotan ingkanggegayutan kaliyan dosa. Dosa punika dados momotan ingkang awrat.Kejawi punika, momotan karana dosa ngganggu gesang kita. kita botensaged mlampah rikat punapa malih mlajeng. Jangkah kita keganggu temahmboten saged jumangkah kanthi bebas. Dosa punika ngrendheti lampahkita lan ngreridhu gesang kita.Punapa bab punika saged kita atasi? Kados pundi anggen kita badhengatasi? Mboten wonten cara sanes kejawi kita mbucal dosa kita. Kitanilaraken sedaya pandamel dosa. Kita bucal sedaya pandamel kita ingkangnerak pepakenipun Gusti, imgkang boten cundhuk kaliyan kersanipun Gusti.Kadosdene tiyang ingkang tumut ing pabalapan, dosa punika nggandhulilampah kita, mila kita mboten saged mlajar. Kita saged mlajar menawisedaya pandamel kita amargi dosa kita tilar, kita bucal. Punapa punikagampil? Temtu boten, awit gesang ing salebeting pandamel dosa punikaketingalipun ngremenaken lan sekeca.Pramila serat Ibrani punika ngajak kita mandeng dhumateng GustiYesus ingkang sampun nemahi sangsara lan seda, sampun ngawonakendosa. Panjenenganipun nandhang sangsara lan seda kangge kita supadoskita kuwawi nindakaken kersanipun. Supados kita saged mlajar rikatanggenipun ndherekaken Sang Kristus. Amin. |*WSMS
Slasa, 31 Maret 2026 Minggu Palem/Minggu Sangsara
Yesaya 49:1-7; Jabur 71:1-14; 1 Korinta 1:18-31; Yokanan 12:20-36 SAWABING SALIB“Awit pawarta bab salib iku pancen dadi kabodhoan tumrape wongkang bakal padha tiwas, nanging kanggo kita kang padha kapitulunganrahayu, dadi sawab kang saka Gusti Allah.”(1 Korinta 1:18) Nalikanipun bandhul salib ing kalung jangga saoncen dilalah ical,satunggaling pawestri sajak getun lan gela sanget. Getun amargi kirangsetiti lan ngatos-atos anggenipun mangangge kalung. Gela, sanajan sampundipadosi, dhatan pinanggih. Napa malih menawi ngengingi punika tandhatresna lan reginipun inggih pangaji sanget, jer punika emas 24 karat. Mbokmenawi bandhul punika wujudipun boten salib, anggenipun getun lan gelabobotipun timbang. Jer ingkang digetuni lan digelani sanes salibipun nangingpinangka lan bahanipun.Saumpami salib namung dados rerenggan kemawon, lan boten nyawabipunapa-punapa, punika ingkang dipun wastani kabodhoan. Awit saestunipunsalib punika pratandhaning kasangsaran/bebendu. Sinten tiyang ingkangkasalib; miturut paugeraning pidana cara Yunani, punika saged dipun wastanitiyang ingkang kesrakat, kebak dosa lan panerak. Kados para durjana ingkangsinalib ing sakiwa tengenipun Gusti Yesus. Sinaosa makaten, salib ingkangminangka pratandhaning kasangsaran lan pejah, wonten ing Sang Kristusdipun ewahi minangka pirantining sih rahmat lan kawilujengan tumrapkawula ingkang kapitulungan rahayu.Awit saking makaten, nalikanipun salib dipun pasang wonten ing grejapunapa dene ing dalemipun tiyang pitados, punika boten ngemungaken jatidiri kemawon ananging pratandhaning raos sumanggem dherek Gusti Yesussanajan nglampahi sangsara. Laras kaliyan kidungipun KPJ 275 ingkang nelakaken“Srana mandeng ing Salib tyang dosa gesang, tinebus sagung dosanira. Decempene Allah kang sinalib ngrembat, ngesahaken duraka kita”Satemah nalikanipun gesang kita ngraosaken kasangsaran, sumanggamandeng salib punika. Jer kasangsaran ingkang karaosaken punika derengpaja-paja kaliyan kasangsaranipun Gusti ingkang cinampah, kinaniaya laningewan-ewan jalaran sih piwlas lan katresnanipun dhumateng manungsadosa. Sanyata, salib nyawabi kawilujengan. |*AJ
Senen, 30 Maret 2026 Minggu Palem/Minggu Sangsara
Yesaya 42:1-9; Jabur 36:5-11; Ibrani 9:11-15; Yokanan 12:1-11 PANEBUS INGKANG SEJATI“Sarta Panjenengane wus lumebet ing pasucen sapisan kanggosalawas-lawase, ora ngasta getihing wedhus lanang sarta getihing pedhet,nanging ngasta rahe piyambak. Lan marga saka iku Panjenenganewus ngangsalake panebus kang langgeng.”(Ibrani 9:12) Nalika ngrembag bab kawilujengan, tuwuh pitakenan: “Menawi GustiYesus punika saestu nebus dosa-dosaning jagad, kados pundi kok jagadipunsangsaya ndlarung ing dosa? Punapa panebusing dosa punika botennyawabi kawilujenganing jagad? Punapa Gusti Yesus kedah kasalibakenwongsal-wangsul murih jagad kawilujenganing jagad tansah kebabar?”Temtu kemawon pitakenan punika limrah, jer kanyatanipun kawulasedaya punika taksih wonten ing salebeting lampah tumuju ing kasampurnaningkawilujengan. Wondene panggiri godha ing margi punika mawerni-werni.Saged kemawon radosanipun rusak; pating gronjal, punapa dene saweg dipundandosi. Samangsa sae lan lancar, dumadakan kendaraanipun mogok. Badheaonderdilipun rusak punapa dene katelasan bengsin. Sinaosa makaten sampunangantos kemba lan mandeg anggenipun lumampah, satemah mbegegekkemawon boten dumugi ing papan. Awit saestunipun Gusti Yesus piyambakingkang kepareng dados margi tumuju ing kasampurnaning kawilujengan.Punapa malih kalenggahanipun minangka Imam Agung punika nyawabimanungsa dosa anggenipun manggihaken kawilujengan sih rahmatipunGusti. Awit anggenipun nindakaken kurban, boten mawi getihing kewanbadhe menda punapa dene lembu, ananging kalayan rahipun Piyambak.Satemah sinten kemawon ingkang kumandel ing Panjenenganipun, ategessampun kepareng manunggal ing sarira tuwin rahipun Gusti Yesus kadoskapratelakaken ing wigatosing sakramen bujana. Sauger gesang kita tansahtinunggil ing Sang Roh Suci, inggih Rohipun Gusti Yesus Piyambak, sawabingkawilujengan punapa dene panebusing dosa punika saestu ndayani. Kejawitiyang punika sampun nampik panuntuning Sang Roh Suci, temah botenbakalan wilujeng. Amarga “panyenyamah marang Roh Suci iku bakal oradiapura” (Mateus 12:31).|*AJ
Ahad, 29 Maret 2026 Minggu Palem/Minggu Sangsara
Yesaya 50:4-9a; Jabur 31:9-16; Filipi 2:5-11; Mateus 26:14-27utawi Mateus 27:11-54 SANGSARA ING GUSTI (3)“Putraning Manungsa pancen bakal linggar, cocok karo kang katulistumrap Panjenengane, nanging bilai wong kang dadi marganePutraning Manungsa kaulungake. Luwih becik upama wong iku ora lair.”(Mateus 26:24) Kangge netepi pakaryaning kawilujenganipun Gusti Allah punika GustiYesus Kristus pinesthi nglampahi sangsara; sinalib, seda lan mangkenipunwungu malih saking antawisipun tiyang pejah. Sinaosa makaten, nalikanipunGusti Yesus ngandika “Satemene pitutur-Ku marang kowe: Ana siji ing antaramukang bakal ngulungake Aku.” Sedaya sami pratela: “Rak sanes kawula taGusti?” Kalebet Yudas Iskhariot ingkang pradondi kaliyan pangarsaningimam anggenipun kepareng ngulungaken Gusti Yesus klawan bebungahdhuwit telung puluh sekel salaka.Menawi pandangunipun Gusti Yesus ing nginggil punika kaparingakendhateng kawula sedaya, mesthinipun kawula inggih matur: “Rak sanes kawula taGusti?” Punapa saestu sampun kayektosan? Mbok menawi dereng kantenan.Kados pundi anggen kita tansah setya tuhu lan boten cidra dhumateng Gusti?Murih anggenipun kepareng tansah setya tuhu lan boten cidra, botenwonten pandamel sanes ingkang kepareng katindakna kejawi puguh anggenipunnuladha Gusti Yesus. Inggih punika anggenipun mbabaraken katresnan dhatengsinten kemawon sanajan kongsi kasangsaran lan pangurbanan ngantos pecatingnyawa pisan.Mugi katebihaken saking kawula sedaya patrap ingkang kami tegannyangsaraken asanes. Sanajan punika tiyang ingkang ambeg siya lan nyatroniingkang pagesangan kita. Laras kaliyan piwucalipun Gusti Yesus: “Padhatresnaa marang mungsuhmu; wong kang nganiaya kowe padha dongaknaslamet.” (Mateus 5:44) Punapa malih kok bakulan kasangsaraning asanes,murih kesaenan lan kauntunganing pribadi. Contonipun Korupsi Bansosnalikanipun jagad tinempuh ing covid-19. Kepara pantes menawi dipidanapejah. Jumbuh kaliyan pratelaning Gusti Yesus. “Bilai wong kang dadi marganePutraning Manungsa kaulungake. Luwih becik upama wong iku ora lair.”Gusti Mitulungi! |*AJ
Setu, 28 Maret 2026 Minggu Pra Paskah V
Kidung Pangadhuh 3:55-66; Jabur 31:9-16; Markus 10:32-34 SANGSARA ING GUSTI (2)“Saiki aku kabeh menyang Yerusalem lan Putraning Manungsabakal kaulungake marang para pangareping imam lan para ahli Toret”(Markus 10:33) Saestu, pangandikanipun Gusti ing nginggil punika dados wasiatipunGusti Yesus Kristus. Ing sasisih punika dados pameca ingkang kaping tiga;utawi ingkang pungkasan, sanesipun minangka sesorah sadherengipunPanjenenganipun seda sinalib. Wonten ing pamecanipun Gusti ingkangkaping pisan lan kalih (Markus 8:31; Markus 9:31) Gusti Yesus matrapiawakipun piyambak klawan jejer ‘Putraning Manungsa’. Ananging ingkatrangan ingkang kaping tiga; kejawi jejer ‘Putraning Manungsa’ ugi GustiYesus ugi ngandika, “Saiki aku kabeh menyang Yerusalem.”Saking katrangan ingkang kados makaten saged kemawon kaparinganpemanggih bilih anggenipun Gusti Yesus nglampahi sangsara sinalib, sineksenanpara sakabatipun. Para sakabat sami dene ningali saking katebihan. Wondenepamanggih sanesipun, boten ngemungaken Gusti Yesus kemawon ingkangnglampahi sangsara sinalib seda, ananging sedaya sakabatipun ugi nampenikasangsaran ingkang sami. Sanajan punika sipatipun taksih pasemon lan ugipameca tumraping para sakabat.Elokipun, menawi kita naliti bab pungkasaning gesanging para sakabating tembe, pamanggih bilih para sakabat ugi nandhang sangsara sinalib, saestukayektenan. Setunggal, Petrus nglampahi sangsara sinalib kanthi kwalik, ingRum. Kalih, Zebedeus, ingkang kaprejaya kaliyan pedang nalika paprentahanipunHerodes. Tiga, Matius disuduk pedhang lan ditumbak. Sekawan, Andreas,dipun salib. Gangsal, Bartolomeus, dipun tigas jangganipun lan dipun keleti.Enem, Thomas, ditumbak ngantos kaprelaya ing India. Pitu, Rasul Filipusseda sinalib. Wolu, Simon kasalib ing Afrika. Sanga, Yakobus, karadjam.Sedasa, Matias, dibenturi sela lajeng dipun pantek. Sewelas, Rasul Tadeus,sinalib seda. Sanyata menawi ndherek Gusti Yesus punika kedhah wantunnandhang sangsara. Laras kaliyan pangandikanipun, “Saben wong kangkepengin ngetutburi Aku, iku kudu nyingkur awake dhewe, manggul salibelan ngetutake Aku.”|*AJ.
Jemuwah, 27 Maret 2026 Minggu Pra Paskah V
Ayub 13:13-19; Jabur 31:9-16; Filipi 1:21-30 SANGSARA ING GUSTI (1)“Amarga kowe wus padha kaparingan sih ora mung supayapracaya marang Sang Kristus bae, nanging uga supayanandhang sangsara kagem Panjenengane”(Filipi 1:29) Manawi kita migatosaken suraosing Jabur 31:9-16, Jabur punika nelakakakensesambat tuwin pangadhuh, ingkang kalairaken juru jabur. Inggih awitgesangipun ingkang nandhang kasisahan lan kasangsaran, ing salebetingpasambat nyadhong pangayomaning Gusti Allah. Pratelanipun ingkangrumaos rupek lan nglemprek; katedha ing kasisahan lan pangesah; dadoscecampahan lan dipun tebihi ing tyang, gambaraken sangklangkung anggenipunngraosaken kasangsaran.Kawontenan ingkang sarwa sangsara, njalari Ayub sami prakaran kaliyanGusti Allah. Kados pundi Gusti Allah anggenipun ngganjar gesang ingkangkebak kasangsaran kados punika? Punapa ta dosa kawula? Kamangka Ayubpunika abdinipun Gusti ingkang jujur lan mursid tuwin ngabekti marangGusti Allah sarta nyingkiri piala. (Ayub 1:1) Memper menawi semunipunAyub kados dhatan trimah ing kasangsaraning gesang ingkang ngrungkebigesangipun (Ayub 13:13-19) sanajan tetep pitados ing ngarsaning Yehuwahtuking kawilujenganipun(Ayub 13:16)Wondene Paulus, atur pamawas ingkang langkung wicaksana menggahingkasangsaraning tiyang pitados. Jer sih rahmatipun Gusti ingkang kaparingakenboten ngemungaken kumandel ing Gusti Yesus ingkang minangka JuruWilujeng ingkang satuhu ananging ugi ndayani umatipun anggenipun samitatag lan tanggon ngadhepi sedaya peranganing kasangsaran ingkangpinanggih. Amargi Gusti Yesus, anggenipun mitulungi rahayu umatipun ngantosmasrahaken nyawanipun, sangsara seda sinalib, nebus dosa-dosaning manungsa.Gusti Yesus sampun kepareng nindakaken pakaryanipun, nandang sangsara,seda lan wungu saking antawisipun tiyang pejah. Prayogi anggen kitambabaraken katresnan lan kawilujenganipun Gusti kanthi tumemen. Sanajankinanthenan kasangsaran. Jer “sangsara iku njalari mantep, lan mantep ikunjalari tanggon, tanggon nukulake pangarep-arep. Lan pangarep-arep dhatanngapirani” (Rum 5:3-4). |*AJ
Kemis, 26 Maret 2026 Minggu Pra Paskah V
1 Samuel 16:11-13; Jabur 31:9-16; Filipi 1:1-11 PANDAMEL INGKANG SAE“Muga-muga katresnanmu saya mundhak-mundhaka ing pangawruhkang bener lan ing sarupaning pangreten, satemah kowepadha bisa milih apa kang becik”(Filipi 1:9-10) Ing sawijining dinten, wonten priyanyi ingkang rawuh wonten pastori.Tiyang punika matur dhateng bapa pandhita, bilih piyambakipun punikasedherek patunggilan, sapunika saweg kekesahan saking Semarang dhatengSurabaya. Dilalah ing margi punika kecopetan. Wekdal kondektur bis narikkarcis, piyambakipun boten saged mbayar lan kapeksa mandhap wontensacelaking pastori punika. Piyambakipun nyadhong piwelas ngampil artakangge mbacutaken lampahipun. Awit raos welasipun, bapa pandhitatumunten njurungi ingkang dados panyuwunanipun.Ing sanes wekdal, wonten satunggaling warga pasamuwan ingkangnguningani babagan punika lajeng matur bilih bapa pandhita sampun kapusan,jer tiyang punika sampun wongsal-wangsul anggenipun apus-apus. Mirengbab punika bapa pandhita rumaos getun, lan osiking manah ngunandika, bilihpandamel becik punika dereng temtu pinanggih becik. Prayata nindakakenperangan ingkang sae punika dereng temtu pinanggih sae wekasanipun.Mbetahaken kawruh lan pangreten satemah pandamel sae ing sakawit,pungkasanipun inggih pinanggih sae. Laras kaliyan nas “satemah kowe bisamilih apa kang becik”.Sanajan sewaunipun wonten raos gela lan ugi kuciwa awit sampun kapusan,ananging ing salebeting manahipun bapa pandhita inggih ngraosaken plonglan tentrem. Wondene pambereg ingkang nuwuhaken pandamel sae punikaawit saking katresnan ingkang tuwuh ing raos welas. Sanajan asring ngapusi,mbok menawi nalika semanten, saestu kecopetan. Sinten ingkang sagedmesthekaken kejawi tiyang punika lan Gusti Allah piyambak. Sawatawis ugipanjenenganipun ngraosaken panuwun bilih sampun kepareng kapusan lansanes piyambakipun ingkang nedya ngapusi.Pangrimating Gusti Allah tumraping para kagunganipun punika tansahkebabar ing sadaya kawonten. Mugi kita sangsaya mundhak-mundhak ingkatresnan lan kawruh kang leres. Dimen kepareng miji pandamel ingkangsae ingkang nyondhongi kersanipun Gusti. Gusti tansah mitulungi. |*AJ
