+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 2 April 2026 Kemis Pethak

Pangentasan 12:1-4, (5-10), 11-14; Jabur 116:1-2, 12-19;
I Korinta 11:23-26; Yokanan 13:1-17, 31b-35

KEDAHIPUN TAMBAH BECIK
“Awit saben-saben kowe padha mangan lan ngombe ing tuwung iki,
iku ateges kowe padha martakake sedane Gusti
nganti tumeka ing rawuhe” (I Korinta 11:-26)

Ing gesang kita padintenan, nedha roti punika kalebet bab ingkang
kaanggep limrah. Ananging ngombe anggur punika boten limrah. Kangge
kita tiyang Kristen, nedha roti lan ngombe anggur punika kita alami nalika
kembul ing Bujana Suci. Anggen kita nedha roti namung sairis lan ngombe
anggur namung sasloki, awit punika minangka simbol kangge pangenget-
enget tumrap sangsara lan sedanipun Gusti Yesus Kristus kangge nebus
dosa kita. Limrahipun ing wekdal bujana suci ingkang ngibadah langkung
kathah katimbang adatipun, malah kepara luber. Wonten greja ingkang
ngantos pasang tendha lan nambah kursi nalika paladosan Bujana Suci.
Pangagemipun warga pasamuwan ugi beda kaliyan adatipun, ketingal
langkung rapi lan langkung sae.
Rasul Paulus rumaos prihatos awit ing pambujanan punika wonten
kadadosan ingkang kirang prayogi. Wonten tiyang-tiyang ingkang namung
mikiraken dhirinipun piyambak, nedha lan ngombe sakathah-katahipun
ngantos wonten sadherekipun ingkang boten uman. Warganing
pasamuwan sami-dene boten nggatosaken sesaminipun lan boten ngudi
wontenipun patunggilan ingkang sae. Gesanging patunggilan boten
sangsaya sae, nanging sangsaya awon. Anggenipun neda lan ngombe boten
kangge pangenget-enget sangsara lan sedanipun Gusti Yesus, nanging
namung nengenaken kabetahanipun piyambak. Anggenipun masamuwan
boten nedya nedha bujananipun Gusti. Awit nalika kembul ing bujana
punika sami tumindak ingkang boten prayogi.
Gegelitaning pasamuwan punika kabangun linandhesan pakaryanipun
Gusti Yesus Kristus ingkang nandhang sangsara, seda lan wungu awit
katresnanipun dhateng manungsa. Pramila para pitados katimbalan
mujudaken gesang ingkang prayogi, boten sembrana. Ananging tansah
lados-linadosan lan nelakaken ajrih asih dhumateng Gusti satemah saged
sesarengan ngluhuraken asmanipun Gusti. Amin. |*WSMS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *