Yesaya 52:13-53:12; Jabur 22; Ibrani 10:16-25/
Ibrani 4:14-16; 5:7-9; Yokanan 18:1-19:42
ENGON-INGENGON
“Sarta mara padha ngengon-ingengon, supaya padha atag-ingatag
ing katresnan lan ing panggawe utama”
(Ibrani 10:24)
Tembung “engon-ingengon” ing ijeman basa Jawi padintenan dipun
serat “padha nggatekna kabutuhane wong siji lan sijine sarta padha tulung-
tinulung.” Sami-dene nggatosaken punika bab ingkang wigati. Ananging
wekdal sapunika tumindak ingkang kados mekaten punika sajak sangsaya
langka. Mekaten pangudarosipun sawetawis tiyang. Kathah tiyang ingkang
namung mikiraken kabetahaning dhirinipun piyambak, boten purun
nggatosaken tiyang sanes. Tumraping gesang sesarengan bab punika temtu
mrihatosaken, saged damel gesang sesarengan keganggu, malah ngrisak
gesang sesarengan punika.
Ingkang mekaten punika ugi saged kedadosan ing gesanging
pasamuwan. Warganing pasamuwan sami-dene boten preduli dhateng
kabetahaning sesaminipun, boten wonten krenteg kangge tulung-tinulung.
Kosokwangsulipun, namung sami nggatosaken dhiri pribadi lan
kapentinganipun piyambak-piyambak. Kados pundi menawi bab punika
kedadosan ing pasamuwan ing pundi panjenengan dados warganipun?
Temtu pasamuwan badhe kisruh, boten wonten katentreman awit gesaning
pasamuwan boten linandhesan katresnan. Pasamuwan boten saged dados
seksi tumrap masyarakat ing sakiwa-tengenipun. Kosokwangsulipun, malah
dados sandhungan kangge masarakat. Sarana mekaten, asmanipun Gusti
boten kaluhuraken, ananging dipun wewada dening tiyang sanes.
Waosan Kitab Suci dinten punika mbereg supados kita tansah engon-
ingengon, supados kita tansah nggatos-ginatosaken, jer punika ingkang
dipun kersakaken dening Gusti. Srana mekaten, kita nelakaken
katresnanipun Gusti dhateng pasamuwanipun ingkang sampun dipun tebus
dening Gusti, ingkang sampun dipun resiki saking manah ingkang awon.
Gusti Yesus sampun nucekaken gesang kita srana rahipun ingkang suci lan
Roh Suci tansah madhangi lampah kita, satemah kita saged mujudaken
gesang ingkang utami. Amin. |*WSMS
