+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 4 April 2026 Setu Sepi

Ayub 14:1-14; Kaimaman 3:1-9, 19-24; Jabur 31:1-4, 15-16;
I Petrus 4:1-8; Mateus 27:57-66; Yokanan 19:38-42

PADHA DIGUMUNI
“Marga saka iku kowe padha digumuni, dene kowe
ora padha melu nyemplung ing blethokaning pamblasar iku …”
(1 Petrus 4:4a)

Kenging punapa tiyang rumaos gumun dhateng tiyang sanes?
Wangsulanipun wonten kalih prekawis, inggih punika karana lampahipun
ingkang sae utawi amargi lampahipun ingkang awon. Lampahipun ingkang
sae dados remenipun tiyang sanes, dene lampahipun ingkang awon dados
kaprihatosanipun tiyang sanes. Menawi kita ningali tumindak ingkang sae,
kita bingah lan nyengkuyung supados sedherek punika saged tetep sae
malah sangsaya sae. Dene menawi kita ningali tumindak ingkang awon kita
dados sedhih lan gadhah pangajab sedherek punika enggal nilar
tumindakipun ingkang awon. Punapa kita saged migatosaken kalih-
kalihipun? Punapa kita purun ngengetaken sedherek ingkang sami
tumindak awon?
Serat 1 Petrus 4 punika nyariyosaken kawontenaning pasamuwan ing
Pontus, Galati, Kapadhokia, Asia-Kecil lan Bitinia sakderengipun lan
saksampunipun pitados lan nampi pakaryanipun Gusti Yesus. Gegelitaning
pasamuwan punika sampun nilaraken kekaremananing kadagingan
(mendem, jabar-jibur, nyembah brahala). Masyarakat ingkang sami nyipati
bab punika sami gumun: kok bisa wong-wong iku ninggal utawa ngedohi
kuwi kabeh. Gumunipun masyarakat awit ningali pasamuwan ingkang sae
gesangipun, ingkang mbangun-turut dhumateng Gusti. Emanipun,
anggenipun rumaos gumun punika boten kalajengaken sami mratobat lan
nampeni Gusti Yesus, ananging malah sami mitenah pasamuwanipun Gusti.
Rasul Petrus ngiyataken manahipun para pitados lan kaatag sami paring
wangsulan dhateng tiyang-tiyang wau.
Ing sakiwa tengen kita kathah tiyang ingkang tumindak sae punapa
dene ingkang awon. Kapitadosan kita kateter, kita badhe ngetut ingkang sae
punapa ingkang awon, badhe ngetut wingking Gusti Yesus ingkang sampun
milujengaken kita punapa nyingkur Panjenenganipun? Kita remen dipun
gumuni awit pambangun-turut kita punapa awit pamblasar kita? Amin.
|*WSMS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *