+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 30 Maret 2026 Minggu Palem/Minggu Sangsara

Yesaya 42:1-9; Jabur 36:5-11; Ibrani 9:11-15; Yokanan 12:1-11

PANEBUS INGKANG SEJATI
“Sarta Panjenengane wus lumebet ing pasucen sapisan kanggo
salawas-lawase, ora ngasta getihing wedhus lanang sarta getihing pedhet,
nanging ngasta rahe piyambak. Lan marga saka iku Panjenengane
wus ngangsalake panebus kang langgeng.”
(Ibrani 9:12)

Nalika ngrembag bab kawilujengan, tuwuh pitakenan: “Menawi Gusti
Yesus punika saestu nebus dosa-dosaning jagad, kados pundi kok jagadipun
sangsaya ndlarung ing dosa? Punapa panebusing dosa punika boten
nyawabi kawilujenganing jagad? Punapa Gusti Yesus kedah kasalibaken
wongsal-wangsul murih jagad kawilujenganing jagad tansah kebabar?”
Temtu kemawon pitakenan punika limrah, jer kanyatanipun kawula
sedaya punika taksih wonten ing salebeting lampah tumuju ing kasampurnaning
kawilujengan. Wondene panggiri godha ing margi punika mawerni-werni.
Saged kemawon radosanipun rusak; pating gronjal, punapa dene saweg dipun
dandosi. Samangsa sae lan lancar, dumadakan kendaraanipun mogok. Badhea
onderdilipun rusak punapa dene katelasan bengsin. Sinaosa makaten sampuna
ngantos kemba lan mandeg anggenipun lumampah, satemah mbegegek
kemawon boten dumugi ing papan. Awit saestunipun Gusti Yesus piyambak
ingkang kepareng dados margi tumuju ing kasampurnaning kawilujengan.
Punapa malih kalenggahanipun minangka Imam Agung punika nyawabi
manungsa dosa anggenipun manggihaken kawilujengan sih rahmatipun
Gusti. Awit anggenipun nindakaken kurban, boten mawi getihing kewan
badhe menda punapa dene lembu, ananging kalayan rahipun Piyambak.
Satemah sinten kemawon ingkang kumandel ing Panjenenganipun, ateges
sampun kepareng manunggal ing sarira tuwin rahipun Gusti Yesus kados
kapratelakaken ing wigatosing sakramen bujana. Sauger gesang kita tansah
tinunggil ing Sang Roh Suci, inggih Rohipun Gusti Yesus Piyambak, sawabing
kawilujengan punapa dene panebusing dosa punika saestu ndayani. Kejawi
tiyang punika sampun nampik panuntuning Sang Roh Suci, temah boten
bakalan wilujeng. Amarga “panyenyamah marang Roh Suci iku bakal ora
diapura” (Mateus 12:31).|*AJ

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *