+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 29 Maret 2026 Minggu Palem/Minggu Sangsara

Yesaya 50:4-9a; Jabur 31:9-16; Filipi 2:5-11; Mateus 26:14-27
utawi Mateus 27:11-54

SANGSARA ING GUSTI (3)
“Putraning Manungsa pancen bakal linggar, cocok karo kang katulis
tumrap Panjenengane, nanging bilai wong kang dadi margane
Putraning Manungsa kaulungake. Luwih becik upama wong iku ora lair.”
(Mateus 26:24)

Kangge netepi pakaryaning kawilujenganipun Gusti Allah punika Gusti
Yesus Kristus pinesthi nglampahi sangsara; sinalib, seda lan mangkenipun
wungu malih saking antawisipun tiyang pejah. Sinaosa makaten, nalikanipun
Gusti Yesus ngandika “Satemene pitutur-Ku marang kowe: Ana siji ing antaramu
kang bakal ngulungake Aku.” Sedaya sami pratela: “Rak sanes kawula ta
Gusti?” Kalebet Yudas Iskhariot ingkang pradondi kaliyan pangarsaning
imam anggenipun kepareng ngulungaken Gusti Yesus klawan bebungah
dhuwit telung puluh sekel salaka.
Menawi pandangunipun Gusti Yesus ing nginggil punika kaparingaken
dhateng kawula sedaya, mesthinipun kawula inggih matur: “Rak sanes kawula ta
Gusti?” Punapa saestu sampun kayektosan? Mbok menawi dereng kantenan.
Kados pundi anggen kita tansah setya tuhu lan boten cidra dhumateng Gusti?
Murih anggenipun kepareng tansah setya tuhu lan boten cidra, boten
wonten pandamel sanes ingkang kepareng katindakna kejawi puguh anggenipun
nuladha Gusti Yesus. Inggih punika anggenipun mbabaraken katresnan dhateng
sinten kemawon sanajan kongsi kasangsaran lan pangurbanan ngantos pecating
nyawa pisan.
Mugi katebihaken saking kawula sedaya patrap ingkang kami tegan
nyangsaraken asanes. Sanajan punika tiyang ingkang ambeg siya lan nyatroni
ingkang pagesangan kita. Laras kaliyan piwucalipun Gusti Yesus: “Padha
tresnaa marang mungsuhmu; wong kang nganiaya kowe padha dongakna
slamet.” (Mateus 5:44) Punapa malih kok bakulan kasangsaraning asanes,
murih kesaenan lan kauntunganing pribadi. Contonipun Korupsi Bansos
nalikanipun jagad tinempuh ing covid-19. Kepara pantes menawi dipidana
pejah. Jumbuh kaliyan pratelaning Gusti Yesus. “Bilai wong kang dadi margane
Putraning Manungsa kaulungake. Luwih becik upama wong iku ora lair.”
Gusti Mitulungi! |*AJ

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *