Kidung Pangadhuh 3:55-66; Jabur 31:9-16; Markus 10:32-34
SANGSARA ING GUSTI (2)
“Saiki aku kabeh menyang Yerusalem lan Putraning Manungsa
bakal kaulungake marang para pangareping imam lan para ahli Toret”
(Markus 10:33)
Saestu, pangandikanipun Gusti ing nginggil punika dados wasiatipun
Gusti Yesus Kristus. Ing sasisih punika dados pameca ingkang kaping tiga;
utawi ingkang pungkasan, sanesipun minangka sesorah sadherengipun
Panjenenganipun seda sinalib. Wonten ing pamecanipun Gusti ingkang
kaping pisan lan kalih (Markus 8:31; Markus 9:31) Gusti Yesus matrapi
awakipun piyambak klawan jejer ‘Putraning Manungsa’. Ananging ing
katrangan ingkang kaping tiga; kejawi jejer ‘Putraning Manungsa’ ugi Gusti
Yesus ugi ngandika, “Saiki aku kabeh menyang Yerusalem.”
Saking katrangan ingkang kados makaten saged kemawon kaparingan
pemanggih bilih anggenipun Gusti Yesus nglampahi sangsara sinalib, sineksenan
para sakabatipun. Para sakabat sami dene ningali saking katebihan. Wondene
pamanggih sanesipun, boten ngemungaken Gusti Yesus kemawon ingkang
nglampahi sangsara sinalib seda, ananging sedaya sakabatipun ugi nampeni
kasangsaran ingkang sami. Sanajan punika sipatipun taksih pasemon lan ugi
pameca tumraping para sakabat.
Elokipun, menawi kita naliti bab pungkasaning gesanging para sakabat
ing tembe, pamanggih bilih para sakabat ugi nandhang sangsara sinalib, saestu
kayektenan. Setunggal, Petrus nglampahi sangsara sinalib kanthi kwalik, ing
Rum. Kalih, Zebedeus, ingkang kaprejaya kaliyan pedang nalika paprentahanipun
Herodes. Tiga, Matius disuduk pedhang lan ditumbak. Sekawan, Andreas,
dipun salib. Gangsal, Bartolomeus, dipun tigas jangganipun lan dipun keleti.
Enem, Thomas, ditumbak ngantos kaprelaya ing India. Pitu, Rasul Filipus
seda sinalib. Wolu, Simon kasalib ing Afrika. Sanga, Yakobus, karadjam.
Sedasa, Matias, dibenturi sela lajeng dipun pantek. Sewelas, Rasul Tadeus,
sinalib seda. Sanyata menawi ndherek Gusti Yesus punika kedhah wantun
nandhang sangsara. Laras kaliyan pangandikanipun, “Saben wong kang
kepengin ngetutburi Aku, iku kudu nyingkur awake dhewe, manggul salibe
lan ngetutake Aku.”|*AJ.
