Yesaya 25:1-5; Jabur 116:1-4, 12-19; I Petrus 1:8b-12 AKU TRESNA AWIT …“Aku tresna marang Sang Yehuwah awit miyarsakaké swaraku lanpanyuwunku, sarta talingane nilingake aku, mulane sajegku uripbakal nyebut marang Panjenengané”(Jabur 116:1-2). Tembung “awit” ing ayat punika nelakaken hukum sebab akibat. AwitSang Yehuwah miyarsakake swaraku sarta talingane nililingake aku, mulaaku tresna marang Panjenengane. Juru Masmur ing Jabur 116 punikanelakaken katresnanipun dhumateng Sang Yehuwah. Katresnanipun JuruMasmur punika tuwuh awit Sang Yehuwah sampun midhangetakenpandonganipun ingkang awujud pasambat. Tuwuh pitakenan, yen SangYehuwah mboten miyarsakaken lan boten nilingaken, punapa Juru Masmuringgih badhe tresna dhumateng Sang Yehuwah? Kita boten mangretos.Ayat 1 punika nelakaken katresnanipun Juru Masmur awitpakaryanipun Sang Yehuwah ing gesangipun. Manawi kita gatosaken Jabur116 kanthi wetah, kita saged mangertos bilih Juru Masmur ngaturakenpasambataipun dhumateng Sang Yehuwah, lan pasambatipun punika dipungatosaken dening Sang Yehuwah.Kita ugi nate punapa malah asring sesambat dhumateng Gusti. Kadospundi tanggapan kita samangsa pasambat kita kapyarsakaken, katilingakendening Gusti, nalika panyuwun kita kajurungan? Lan kados pundi samangsapanyuwun kita punika ketingalipun boten kapiyarsakaken, botenkatilingaken dening Gusti? Punapa kita tetep tresna dhumateng Gusti?Punapa kita badhe tetep nyaosaken pandonga pasambat kita dhumatengPanenenganipun? Punapa kita tetep pitados dhumateng Panjenenganipun?Punapa wujuding katresnan kita dhumateng Panjenenganipun?“Aku tresna marang Sang Yehuwah awit …” punika nelakakenlandhesan anggenipun Juru Masmur tresna dhumateng Sang Yehuwah,inggih punika pakaryanipun Sang Yehuwah ingkang karaosaken inggesangipun, kasaenananipun Sang Yehuwah awit sampun miyarsakakenpandonganipun. Kasaenan punapa kemawon ingkang sampun kita tampisaking Gusti? Katresnan kados punapa ingkang sampun kita aturakendhumateng Gusti awit kasaenanipun Gusti punika? Amin. |*WSMS
Rebo, 15 April 2026 Minggu Paskah II
Yunus 2:1-10; Jabur 114; Mateus 12:38-42 PRATANDHANING TIYANG KRISTEN“… lan mangka satemené kang ana ing kéné iki ngngkuli Nabi Yunus… lah mangka ing kéné iki, ana kang ngungkuli Sang Prabu Suleman!”(Yunus 1: 41, 43) Nyuwun pratandha sajakipun dados bab ingkang limrah ing gesang kitapadintenan. Contonipun, “Tandhane apa yen dheweke pancen loma?”“Tandhane apa yen dheweke bocah sregep?” lan sapiturutipun. Mekatenugi panyuwunipun ahli Toret lan tyang Farisi dhumateng Gusti Yesus. GustiYesus paring wangsulan ingkang ingkang nelakaken bilih ahli Toret lantiyang Farisi punika kalebet tiyang ingkang awon lan boten setya. Kanggetiyang-tiyang punika Gusti Yesus boten maringi pratandha, kejawipratandhanipun nabi Yunus lan ratu Syeba (ratu saking tanah kidul) ingkangngakeni kawicaksananipun Sang Prabu Suleman. Kejawi punika, Gusti Yesusugi ngendika bilih tiyang Niniwe ingkang mratobat lan ratu Syeba benjingbadhe ngadili para ahli Toret lan tiyang Farisi ingkang awon lan boten setyapunika. Dados, wonten sambetipun ing antawisipun pratandha kaliyantiyang ingkang awon lan boten setya punika.Gusti Yesus ngendika bilih namung wonten kalih tandha, inggih punikatandha nabi Yunus lan ratu Syeba ingkang ngakeni kawicaksananipun SangPrabu Suleman. Ewa-semanten, wonten pratandha ingkang pinunjul,ingkang ngungkuli nabi Yunus lan Sang Prabu Suleman, inggih punika GustiYesus Kristus piyambak. Gusti Yesus dados pratandha kangge sedaya tiyanging bab katresnanipun Gusti Allah ingkang kepareng milujengakenmanungsa.Kita sami sampun nampi pratandha pangapuntening dosa punika. Kitasedaya sampun nampi Gusti Yesus Kristus dados Juru wilujeng kita.Panjenenganipun sampun maringi kawilujengan laggeng dhateng kita.Punika wujuding pratandha ingkang paling ageng lan unggul ingkangkaparingaken dhateng kita. Boten wonten pratandha ingkang nglangkungikaunggulanipun Gusti Yesus. Punapa ingkang sampun kita tindakakenkangge nanggapi katresnanipun Gusti punika? Punapa kita sampun dadospratandha ingkang sae, ingkang trep kaliyan kersanipun Gusti ingkangsampun milujengakan kita? Sumangga sami nindakaken katresnan, awitpunika pratandhanipun tiyang Kristen. Amin. |*WSMS
Slasa, 14 April 2026 Minggu Paskah II
Yunus 1:1-17; Jabur 114; I Korinta 15:19-28 NEBIHI GUSTI“… sawuse mbayar wragading laku, banjur minggah ing prau,bebarengan karo wong kang menyang Tarsis,adoh saka pangayunane Sang Yehuwah”(Yunus 1:3) “Adoh saka pangayunane Sang Yehuwah” mekaten sinerat ing KitabYunus 1 ayat 3. Yunus ingkang sinebut nabi boten ngestokaken dhawuhipunSang Yehuwah, nanging malah nebihi Panjenenganipun Punapa sebabipun?Awit pamanggihipun beda utawi cengkah kaliyan penggalihanipun SangYehuwah. Dhawuhipun Sang Yehuwah boten damel jenjeming manahipunYunus.Kita saged ugi boten remen dhateng Yunus lan mastani bilih Yunuspunika nabi ingkang boten setya, ingkang namung nggega pikajengipunpiyambak, ingkang boten mbangun turut dhumateng Gusti ingkang paringdhawuh supados piyambakipun kesah dhateng Niniwe. Yunus endha lanngeneraken lampahipun dhateng Tarsis.Sajakipun bab punika saged kita bandhingaken kaliyan dhiri kitapiyambak. Nalika kita alit, kita asring dipun dhawuhi ibu utawi bapaktumbas barang ing wande, mangka kita nembe dolanan kaliyan kanca-kanca. Kita tampi dhawuh punika kanthi grenengan tandha bilih kita botenremen. Kita boten purun tumuju dhateng warung, nanging manggihi kanca-kanca wau lan nglajengaken anggen kita dolanan.Manawi kita raos-raosaken, lelampahanipun nabi Yunus punikangengetaken kita punapa ingkang nate kita lampahi. Kita nate malah sagedugi asring tumindak kadosdene Yunus, inggih punika mlajeng nebih sakingpangayunanipun Gusti, ingkang ateges nebihi Panjenenganipun. Kedahipunkita nindakaken dhawuhipun Gusti, nanging malah ngega pikajeng kitapiyambak. Kedahipun kita mbangun-turut dhumateng Panjenenganipun,boten malah nerak kersanipun Gusti. Sumangga kita sinau tansah tuhusetya netepi timbalanipun Gusti. Pitadosa bilih karsanipun Gusti punikatemtu adhedhasar katresnan saha kawicaksananipun ingkang agung.Sumangga sami nuladha Gusti Yesus ingkang ing sauruting gesangipuntansah ngestokaken dhawuhipun ingkang Rama. Amin. |*WSMS
Senen, 13 April 2026 Minggu Paskah II
Para Hakim 6:36-40; Jabur 114; I Korinta 15:12-20 KEBAK ING KABINGAHAN“… kang ngowahi parang dadi blumbang, tuwin watu kang atosdadi sendhang.“ (Jabur 114:8) “Ngewahi parang dados blumbang, lan sela dados sendhang” punikanelakaken panguwaosipun Gusti ingkang kebabar ing gesanging pra umat.Mila, kabetahaning manungsa ingkang pokok, inggih punika toya, sagedkacekapan, malah kabetahaning sedaya titah, awit tonya punika dipunbetahaken sanget dening manungsa, tetaneman, lan kewan.Jabur 114 punika ngengetaken umat tumrap lelampahanipun nalikamedal saking Mesir tumuju tanah prasetyan. Masmur punika sajakipunperanganing liturgi Paskah utawi kaserat adhedhasar liturgi Paskah.Masmur punika nelakaken kaelokan ing lelampahanipun bangsa Israelpunika. Sedaya titah (manungsa, seganten, bengawan, redi) sami sukarenamangayubagya bangsa Israel ingkang lumampah nglangkungi margi lanpapan ingkang dipun ambah. Juru masmur anggenipun nyariyosakenkawontenan punika saestu gesang: padha mencolot, padha lincak-lincak,padha lumayu. Punika saestu kawontenan ingkang mbingahaken, ingkangngremenaken.Kita punika para tiyang ingkang sampun kaluwaran dening Gusti Yesusingkang sampun seda lan wungu malih. Punika pakaryanipun Gusti ingkangmbingahaken, ingkang ngremenaken. Kados pundi anggen kita nampikasaenanipun Gusti punika? Punapa kita saged niru seganten lan bengawaningkang mlajeng lan mili menginggil, redi pencolotan kadosdene mendajaler lan lincak-lincak kados-dene cempe?Punapa gesang kita, manungsa, saged tansah kalimputan ing sukarenalan bingah-bingah? Punapa malah kalimputan ing kasisahan awitmomotaning gesang kita? Alam saged sukarena kados-dene manungsa,malah manungsa boten saged sukarena kados-dene alam ingkang dipungambaraken dening juru masmur? Punapa kita badhe negakaken gesangkita kabidhung ing sisah? Ing Gusti Yesus Kristus, Gusti Allah sampunnindakaken kasaenan. Mangga kita sami nampi kasaenanipun Gusti punikasrana gesang ingkang kawarna dening kabingahan, kebak dening sukarena.Amin. |*WSMS
Ahad, 12 April 2026 Minggu Paskah II
Lelakone Para Rasul 2:14a, 22-32; Jabur 16; I Petrus 1:3-9;Yokanan 20:19-31 TANSAH BINGAH“… padha bungah-bungaha, sanadyan ing wektu iki padha nandhangprihatin sawetara mangsa marga saka anane godha rencanawarna-warna” (1 Petrus 1:6) Punapa kita saged tansah bingah? Cetha mboten saged. Gesang punikasanes bab ingkang gampil, ingkang prasaja. Kados-dene kita mlampah ingradinan, margi ingkang kita langkungi punika mboten rata mboten alusnanging minggah-mandhap, menggak-menggok, nikung menengen, nikungmengiwa, aspalan, tanah lan sela, pasir lan sanesipun. Kangge lumampahing kawontenan ingkang kados mekaten punika dipun betahaken kekiyatan,kasabaran, pangraos ingkang landhep.Pasamuwan ingkang nampi serat saking rasul Petrus punika sanespasamuwan ingkang gesang kanthi sekeca lan tanpa gangguan, nangingsami ngalami godha rencana mawarni-warni minangka tiyang Kristen.Warganing pasamuwan punika gasang ing satengahing masyarakat ingkanggesangipun mboten tumata, ingkang taksih karem dhateng kanikmataningkadonyan. Tembungipun rasul Perus: mboten gesang ing salebetingkasucen. Pramila, pasamuwan ingkang sampun rinuwat saha kasucekakendening rahipun Gusti Yesus (ayat 2), kaparingan sih-palimirma. Inggihpunika ingkang nuntun pasamuwan nglajengaken lampahipun kanthibingah. Bingah awit wonten ing Sang Kristus gesanging pasamuwankatuntun dhateng kawontenan ingkang langkung sae.Ing saklebeting kita nglampahi gesang padintenan, temtu kathahpepalang lan sandhunganipun. Kathah panggodha ingkang arupi iming-iming, barang lan tontonan ingkang menginaken ingkang saged ndadosakenkita dhawah ing dosa. Rasul Petrus ngengetaken kita supados tansah gesanging salebeting kasucen awit kita sampun kasucekaken dening Gusti.Pepalang ingkang ngalang-alangi lampah kita temtu badhe saged kita atasiawit anggen kita pitados dhumateng Panjenenganipun ingkang sampunnucekaken gesang kita. Inggih ing ngriki kita badhe ngraosaken kabingahanpeparingipun Gusti. Gesang ing salebetng kabingahanipun Gustindadosaken kita tansah ngucap sokur kanthi bingah. Amin. |*WSMS
Setu, 11 April 2026 Minggu Paskah I
Mustikaning Kidung 8:6-7; Jabur 16; Yokanan 20:11-20 NGAYOM DHUMATENG GUSTI“Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa rumeksa dhateng kawula,amargi kawula ngayom dhumateng Paduka”(Jabur 16:1) “Kawula ngayom dhumateng Paduka” punika satunggaling pangakenbilih Gusti Allah, punika dados pangayomanipun Juru Masmur. Ing Bausasratembung “ayom” sami kaliyan “eyub” lan “ngaub” ingkang tegesipun dipunalingi-alingi lan dipun awat-awati. Juru Masmur ngakeni bilih Gusti Allahpunika ingkang ngaling-alingi saking sawernining bab ingkang ngganggu lanngawa-awati saking sawernining bebaya. Adhedhasar pangaken ingkangkados mekaten punika, Juru Masmur masrahaken gesangipun supadosdipun reksa dening Panjenenganipun. Pangreksanipun Gusti Allah dadospangajeng-ajengipun. Pangaken punika nuwuhaken koksekwensi. Ngakenibilih Gusti Allah pangayomanipun ateges boten masrahaken dhirinipundhateng ngasanes, kejawi namung dhumateng Gusti Allah.Ing gesang padintenan, asring pangaken lan tumindak kita beda, malahbebencengan. Kita ngakeni bilih bapak-ibu kita punika tiyang sepuh kita,nanging kita boten purun ngaosi lan nampi panggulawenthahipun. Kitangakeni bilih ingkang mulang kita ing kelas punika guru kita, nanging kitaboten purun nggatosaken piwulangipun. Mekaten ugi ing gesangingkapitadosan kita. kita ngakeni bilih Gusti punika panuntun kita,pangayoman kita, ingkang ngereh gesang kita, nanging kita gesang manutpikajeng kita piyambak, boten maelu dhateng pitedah lan panuntunipunGusti. Kita boten lumampah ing marginipun Gusti, nanging margi kitapiyambak. Kita mranata gesang kita piyambak, boten purun nampipangreksanipn Gusti, nampik pangrehipun Gusti.Kita sami ngakeni bilih Gusti Allah punika pangayoman kita kados-denepangakenipun Juru Masmur. Nanging punapa gesang kita saestu cundhukkaliyan pangaken kita punika? Nalika kita ngadhepi masalah, bebaya,panggodha lan sanes-sanesipun punapa kita ngayom dhumatengPanjenenganipun utawi dhateng bab sanesipun? Bab sanesipun punikasaged awujud dhiri pribadi, tiyang sanes, arta lan bandha kita. Mugi-mugikita tansah ngayom dhumateng Panjenenganipun. Amin. |*WSMS
Jemuwah, 10 April 2026 Minggu Paskah I
Musthikaning Kidung 5:9-6:3; Jabur 16; I Korinta 15:1-11 KAPARINGAN GESANG“Amargi Paduka mboten masrahaken kawula dhateng ing telengpalimengan, Paduka mboten marengaken menawi kekasih Padukangantosa sumerep kluwat”(Jabur 16:10) Irah-irahan Jabur 16 punika: Rahayu wong kang mursid. Irah-irahanpunika nelakaken isining Masmur punika, inggih punika rahayonipun tiyangmursid. Kenging punapa dipun sebut rahayu? Amargi Gusti tansah nunggil,nyarengi gesangipun, maringi pitedah, dipun gegulang. Panjenenganipunjumenang ing tengenipun, nedahaken margining gesang (ay.7,8,11). GustiAllah tansah migatosaken gesangipun, boten dipun tilar, boten dipuntegakaken.Sajakipun Masmur punika dipun serat dening tiyang Lewi ngengetipitembungan ing ayat 5: panduman ingkang kaundhekaken, lan tangsulpangukur ing ayat 6. Suku Lewi mboten pikantuk tanah warisan, Gustiingkang dados warisanipun. Gesangipun dipun pitadosaken dhumatengPanjenenganipun. Punika ingkang dados kabingahanipun, dadoskarahayonipun tiyang Lewi.Juru Masmur mbandhingaken tiyang mursid kaliyan tiyang ingkangmblasar, ingkang nyembah brahala (ayat 4). Tiyang ingkang nyembahbrahala badhe nandhang sisah, lan kasisahanipun badhe sangsaya ageng.Tiyang mursid boten tumut-tumut tumindakipun tiyang-tiyang punika,malah nyebut kemawon inggih boten purun.Tiyang mursid kaparingan gesang dening Gusti, gesangipun tansahdipun rimati, boten badhe kapasrahaken dhateng teleng palimengan lansumerep kluwat (jugangan, kuburan). Tegesipun, Gusti badhe tansahngayomi saking sawernining bilai. Tembung teleng palimengan lan kluwatpunika mbekta kita dhateng papan anggenipun Gusti Yesus kasarekakensasampunipun seda sinalib. Gusti Yesus sampun nguwalaken manungsasaking paukumaning dosa inggih punika pati. Manungsa kaparingan gesangdening Gusti Yesus. Srana mekaten, kita ingkang sampun kaparingangesang, boten kapasrahaken dhateng teleng palimengan lan botenkasumerepaken kluwat. Kita katimbalan nelaken gesang ingkang sembadakagem Panjenenganipun. Amin. |*WSMS
Kemis, 9 April 2026 Minggu Paskah I
Musthikaning Kidung 2:8-15; Jabur 16; Kolose 4:2-5 NYLAMETAKE KEBON ANGGUR“Aku padha cekelna asu wawar iku, asu wawar kang cilik, kang ngrusakpakebonan anggur, pakebonan anggurku kang nedhenge kembang!”(Musthikaning Kidung 2:15) Musthikaning Kidung punika kitab ingkang ngewrat kelairing katresnaning antawisipun tiyang jaler lan tiyang estri utawi ingkang nembe kasmaran.Ing Kitab Suci basa Jawi padintenan wonten perangan ingkang sinebatpenganten lanang lan penganten wadon. Dene ing Alkitab bahasa Indonesiasehari-hari sinebat pria lan wanita. Dados cetha sinten ingkang ngucapakenpitembungan punika, penganten jaler punapa penganten estri.Pitembungan punika dipun ucapaken gilir-gumantos.Tiyang Yahudi limrahipun mastani kidung-kidung ing kitab punikanelakaken sesambetan ing antawisipun Gusti Allah lan umatipun. Denetiyang Kristen mastani kidung-kidung punika nelakaken sesambetan ingantawisipun Sang Kristus lan pasamuwanipun (kebon anggur).Musthikaning Kidung 2:15 nelakaken bab kebon anggur ingkang nembenedheng-nedhengipun kembang dipun risak dening segawon wawar (Ind.Rubah). Temtu ingkang gadhah kebon anggur boten remen, awit botensaged ngundhuh wohipun ingkang mesthinipun badhe ndhatengakenrejeki.Manawi kebon anggur punika kita tampi minangka pasemon ing babpasamuwanipun Gusti, pasamuwan punika ngalami gangguan. Pasamuwaningkang kaantos-antos ngedalaken woh kaancam gagal awoh, boten sagedgesang sembada kados karsanipun Gusti. Kathah bab ingkang murugakenpasamuwan boten ngedalaken woh, upaminipun gangguan sakingsakjawining pasamuwan, malah wonten ugi ingkang saking pasamuwanpiyambak. Gangguan saking jawi upaminipun: tiyang-tiyang ingkang botenremen dhateng pasamuwan sanadyan warganing pasamuwan tansahsrawung kaliyan masyarakat lan nggatosaken kabetahaning masyarakat.Menawi wonten ganguan saking jawi, pasamuwan kedah manunggilngadhepi gangguan punika tanpa kekerasan. Pasamuwan kedah kiyat lansaeka-kapti nyingkiraken gangguan punika kanthi sae, sopan, boten nerakpranatan, boten malah ndadosaken tiyang-tiyang punika sami antipati.Amin. |*WSMS
Slasa, 7 April 2026 Minggu Paskah I
Pangentasan 15:1-18; Jabur 118:1-2, 14-24; Kolose 3:12-17 KATRESNAN: NGESUHI LAN NYAMPURNAKAKEN“Lan kang ngungkuli sakabehe iku: nindakna katresnan,iku kang ngesuhi lan nyampurnakake”(Kolose 3:14) Asih welas, kaloman, andhap asor, alusing bebuden ing ayat 12sinebat: sandhangan. Ateges kedah tansah dipun agem, kedah tansahtumempel ing badan kita. Awit preluning sandhangan punika kangge nutupibadan, mekaten ugi asih welas, kaloman, andhap asor, alusing bebuden.Tanpa sandhangan punika, kita badhe lingsem. Jer punika sandhanganipuntiyang Kristen ingkang sampun dados pepilihanipun Gusti Allah, sampunkasucekakan lan kinasihan dening Gusti. Ing dinten riyaya Kristen landinten-dinten sanesipun, kita dadosa secara pribadi punapa-dene minangkapasamuwan ngawontenakan kegiatan sosial arupi: ngedum sembako,pakaian pantas pakai, pemeriksaan kesehatan lan sanesipun. Temtu punikasae lan prelu katindakaken, awit taksih kathah warganing masarakatingkang mbetahaken. Nidakaken bab-bab punika kadya nganggesandhangan. Sandhangan ingkang nelakaken jati dhiri anggenipun sampunkaparingan kawilujengan lan dados umat pilihanipun Gusti.Ewa-semanten, wonten bab ingkang prelu tansah kita gatosaken ingsalebeting nindakaken kegiatan punika, inggih punika: punapa ingkangdados landhesan anggen kita nindakaken bab punika? Landhesanipun:kalimrahan, program, ragad, niru kelompok sanes, punapa sanesipun?Kolose 3:14 nelakaken bilih ingkang ngungkuli sedaya punika: katresnan.Katresnan ingkang ngesuhi lan nyampurnakaken. Dados, landhesanipunsedaya pandamel kita boten wonten sanes kejawi katresnan. Kita sagedkemawon nindakaken bab ingkang ngedab-edabi, ingkang mbingahakentiyang kathah, ingkang dipun alembana dening tiyang kathah, ingkang dipunajeng-ajeng tiyang kathah. Ananging anggen kita nindakaken tanpakalandhesan katresnan punika boten badhe maedahi. Saged ugi malahnuwuhaken padudon, regejegan lan sanesipun. Katresnan punika ingkangngesuhi lan nyampurnakaken. Saben tumindak tentu wonten cacatipun lankekirangipun, ananging katresnan badhe nyampurnakaken lan ngesuhi,temah padudon, regejegan saged dipun atasi. Amin. |*WSMS
Senen, 6 April 2026 Minggu Paskah I
Pangentasan 14:10-31; 15:20-21; Jabur 118:1-2, 14-24; Kolose 3:5-11 PAYO PADHA BUNGAH-BUNGAH!“Iki dina kang katitahake dening Pangeran Yehuwah, ayo padhabungah-bungah lan sukarena. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi kersaaparing karaharjan. Dhuh Yehuwah Paduka mugi paring kabegjan”(Jabur 118:24-25) Bingah lan sukarena punika dados pangajeng-ajengipun saben tiyang.Boten wonten tiyang ingkang kepengin sisah. Mila punapa kemawon dipunudi supados saged ngraosaken kabingahan, sanadyan mawi cara-caraingkang nerak ing pranatan, dadosa pranatan sosial punapa-denepranatanipun Gusti.Jabur 118 punika gegayutan kaliyan pangibadah Riyaya Tarub. Tiyangingkang badhe ngibadah kedah cecawis rumiyin saderengipun lumebet inggapuraning kabeneran (ay. 19), inggih punika gapuraning para tiyang mursid(ay. 20). Punika nelakaken sinten ingkang badhe mlebet gapura punikakedah gesang mursid, tansah tumemen anggenipun badhe ngibadah lannilar pandamel awon (Jabur 15:1-5). Jabur 118:25, “Dhuh Yehuwah, Padukamugi kersaa paring karaharjan”, ing bahasa Indonesia keselamatan, ingbahasa Ibrani Hosianayah. Tembung punika limrahipun kaunjukakenminangka saos sokur ing Riyaya Tarub, kangge mangayubagya Gusti Allahingkang ngasta kawilujengan. “Dhuh Yehuwah Paduka mugi kersaa paringkabegjan” punika tegesipun wiyar, boten namung kabegjan samangsangawontenaken riyaya kemawon, ananging ngemu pangajeng-ajeng lansemangat kangge nglampahi gesang saklajengipun.Kita sampun lumebet ing mangsa Paskah, tembung Hosiana sampunkagantos dening Haleluya. Kawilujengan sampun kaparingaken deningGusti Yesus lantaran sangsara, seda, lan wungunipun. Pramila, kitakatimbalan tansah gesang ing salebeting kamursidan, nilar kadursilan lankadurakan. Kita kadhawuhan mlebet ing gapuraning kawilujengan kanthiteman-temen lan tansah bingah ing gesang padintenan kita. Amin. |*WSMS
