+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 9 Juni 2026 Minggu Limrah

Hosea 8:11-14; 10:1-2 ; Jabur 40:1-8; Ibrani 13:1-16

TANSAH SETYA DHUMATENG GUSTI
“Israel wus nglalekake Kang nitahake,
lan wus ngadegake kraton-kraton …”
(Hosea 8:14)

Gesang setya dhumateng Gusti kanthi mirengaken lan nglampahi karsanipun
Gusti pancen boten gampil. Kita kedah purun sinau, sumarah lan nyuwun
sih pitulungipun Gusti Allah.
Bangsa Israel punika tansah binerkahan, nanging malah tumuli boten
setya. Gusti Allah sampun paring berkah ingkang kathah, nanging bangsa
punika malah nglampahi gesang ingkang boten prayogi. Bangsa Israel punika
kados wit anggur kang makmur, nanging wohing kamakmuranipun malah
dipunginakaken kangge nyembah brahala (Hosea 10:1). Ing bab punika, kita
saged sinau bilih kabecikan, kasil, lan rejeki punika saged salah kedaden,
njalari tiyang supe dhumateng sesembahanipun inggih punika Gusti Allah.
Nalika wohing berkah malah nuntun dhateng kesombongan, sapa sira sapa
ingsung tundhonipun kita sami kalantur, nebih saking Pangeran.
Ing Jabur 40, kita dipun wulang, bilih Gusti punika setya lan kepareng
midhangetaken swantening tiyang kang ndedonga kanthi sabar. Dawuhipun,
“cangkemku diparingi kidung anyar. Kidung pamuji marang Allah kita” (ayat
4) punika artosipun, saben tiyang kang nyelak marang Gusti, badhe diparingi
kasagedan kangge ngucap syukur lan pangandel, satemah saged tansah
memuji lan ngluhuraken asmanipun Gusti.
Serat Ibrani 13, ngengetaken para pitados supados tansah mujudaken
katresnan dhateng sesami lan njagi gesang ingkang suci. Gusti prasetya, “Ingsun
ora bakal negakake sira lan sira ora pisan-pisan bakal Suntilar” (ayat 5).
Ing kalodhangan punika, kita dipun ajak manembah Gusti boten namung
kanthi ritual, nanging langkung malih kanthi nindakaken katresnan dhateng
sesami. Kita dipun atag “… padha tansah saos kurban pamuji sokur marang
Gusti Allah lumantar Panjenengane, iya iku arupa wohing lambe kang
ngluhurake asmane. Sarta saja lali nindakake kabecikan lan aweh pitulungan,
jalaran iya kurban-kurban kang mangkono iku kang ndadekake keparenge
Gusti Allah” (ayat 15-16). |*LES

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *