+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 3 Juni 2026 Minggu Trinitas

Ayub 39:26-40:5; Jabur 29; Yokanan 14:25-26

SWANTENING GUSTI ALLAH PARING KATENTREMAN
“Swantene Sang Yehuwah kebak kakuwatan,
swantene Sang Yehuwah kebak kamulyan”
(Jabur 29:4)

Gusti Allah punika Maha Kawasa lan Maha Wicaksana. Ing Ayub 39:26–
40:5, Gusti ngersakaken supados Ayub sinau bab kawruh lan kawicaksananing
Sang Yehuwah. Kanthi nggatosaken sato kewan ingkang cinipta: manuk
gagak, elang, jaran, lan maneka warna makluk sanesipun ingkang cinipta
adhedhasar kawicaksananing Allah. Ayub ing pungkasanipun manggihaken,
tumuli ngakeni kawicaksananipun Gusti Allah ingkang maha agung. Bab ing
sami kapratelakaken wonten ing Jabur 29 ingkang ngandharaken bilih
“swantenipun Gusti” ingkang mawi pangwasa: prasasat swanten ingkang
mbedhah redi, wit aras sami gonjing, nggeteraken siti, nanging panguwaosing
Gusti ugi paring katentreman. Swanten punika dados pralambang bilih Gusti
Allah mengku samukawis ing gesang, saha pangandikanipun Gusti punika
boten namung nggeteraken, nanging ugi maringi tentrem dhateng ingkang
sami nyumurupi.
Gusti Allah ingkang Maha Suci lan kebak panguwasa punika, kapratelakaken
dening Gusti Yesus bilih nedya kababar wonten ing pakaryaning Sang Roh
Suci. Ing Yokanan 14:25-26 Gusti Yesus paring janji dhateng para sakabat
bilih Roh Suci — Sang Juru Panglipur — bakal maringi pepenget, piwulang, lan
pangertosan. Inggih Roh Suci punika mawujud dados swanten sejati ing
saklebeting manah kita, ingkang tansah paring panuntun dhateng kayekten
lan ngengetaken kita dhumateng sabda Dalem Gusti Yesus.
Ing kalodhangan samangke, kita sami kaengataken bilih: (1) Kawicaksananing
Gusti Allah punika ngungkuli pikiran kita,(2) Swantenipun Gusti saged nggeteraken
jagad, nanging ing swanten punika ugi wonten sih lan katentreman, (3) Roh
Suci punika lir swanten ingkang alus dedalem ing manah, tansah maringi
pitedah ing sauruting gesang kita para pitados ing saben dintenipun. Pramila
sumangga tansah elinga maring Gusti. Menawi manah raos sumelang, nyuwun
panglipur saking Roh Suci lan menawi kita boten mangertos pundi margining
pangluwaran, pasrah sumaraha dhateng Gusti. |*LES

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *