+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 4 Juni 2026 Minggu Trinitas

Kidung Pangadhuh 1:7-11; Jabur 50:7-15; 2 Petrus 2:17-22

ELINGA LAN BALIA MARANG GUSTI
“… luwih becik padha ora tau nyumurupi dalaning kayekten,
katimbang karo sawise sumurup banjur mungkur ninggal
ing pepakon suci kang wis kadhawuhake …”
(2 Petrus 2:21)

Ing satengahing gesang, asring kita supe temah nilar margining kautamen.
Supe dhateng sabdanipun Gusti. Supe sanes namung kelalen pikiran, nanging
kelalen ing ati – Supe dhateng margining kautamen, temahan nyingkur Gusti.
Kidung Pangadhuh 1:7–11 ing sakawit ngandharaken edhahing Yerusalem,
nanging lajeng tampi paukuman: suwung, dina-dina kebak piala, awit supe
lan nyingkur Sang Yehuwah Yerusalem ingkang suwau dipunaosi , dipun
urmati tumuli dados panggonan ingkang sepi mamring, amargi dosanipun.
Tiyang sami nglampahi dosa lan nglirwakaken pangandikanipun Allah. Sedaya
kemewahanipun sirna, kaluhuranipun ical, namung dados reruntuhan. Dosa
saestu ndhatengaken paukuman.
Jabur 50:7–15 nedahaken piwulang saha pangandikanipun Gusti:
“Ingsun ora melehake sira marga saka kurbanira, amarga kurbanira obaran
rak tansah ana ing ngarsaningSun?” (ayat 8). Gusti Allah boten
ngersakaken ritual palsu, ritus ingkang kothong, ananging manah ingkang
murni, tansah eling lan nyuwun sih pitulunganipun Gusti, “Ngaturna panuwun
minangka kurban marang Gusti Allah, lan luwarana nadarmu marang Kang
Mahaluhur! Ing dina karubedan sira padha nyebuta marang Ingsun” (ayat
14-15) . Awit saking punika, Rasul Petrus paring pepenget ing 2 Petrus 2:17–22.
Petrus paring pepenget dhateng tiyang-tiyang ingkang sampun nampi
pangertosan bab kayekten, supados tetep setya. Sampun ngantos lajeng
kecalan iman, lajeng mbalik dhateng dosa, punika gambaranipun kados asu
ingkang balik dhateng muntahanipun piyambak, ingkang najis lan njijiki.
Inggih mekaten punika gambaraning gesang tanpa pamratobat lan tanpa
raos ajrih asih dhumateng Gusti.
Mangga sami sumarah: Dhuh Gusti nyuwun kakiyatan supados kawula
tetep setya ing margining kautamen ingkang sejati. Tansah engeta sanajan
kita kadhang kala ngraosaken sedih, bingung, sakit, isin, utawi asor amarga
dosa lan kalepatan. Estokna: “Sowanana Aku nalika kowe susah, Aku bakal
nylametake.” (Jabur 50:15). Amin. |*LES

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *