Hosea 14:1-9; Jabur 40:1-8; Mateus 12:1-8
MRATOBATA, NINDAKNA WELAS ASIH!
“… padha mratobata marang Pangeran Yehuwah, Allahmu,
dene anggonmu keplesed iku marga saka kaluputanmu.”
(Hosea 14:2)
Sang Yehuwah Allah, nimbali para umat kagunganipun supados gersang
ing salebeting pamratobat supados saged nindakaken welas asih tumrap
sesami. Ing Kitab Hosea, kapratelakaken bilih umatipun Gusti dipun dhawuhake
supados wangsul, mratobat, lan nyuwun pangaksami awit dosa-dosanipun.
Nabi Hosea paring pangandika kanthi katresnan, bilih sanadyan tiyang Israel
sampun nerak angger-anggeripun Gusti, Gusti Allah tetep mbikak korining
pangapura lan paring sih-kadarman. Katresnanipun Gusti Allah punika boten
winates.
Ing gesang kita punika, kathah kalepatan, kathah kekirangan, nanging
Gusti kepareng paring pangaksami. Nanging, pangapuntening dosa punika
kedah dipun tanpi kanthi sikep gesnag ingkang saestu mratobat, sanes
namung pangucap, nanging mujudaken ewah-ewahan ingkang sejati.
Paseksi wigati sinerat ing Jabur 40, kita sinau kadosdene Juru Masmur:
“Aku nganti-anti banget marang Sang Yehuwah…”. Punika nelakaken
kesabaran ing salebeting ngantu-antu pitulunganipun Gusti. Amargi kadhangkala,
Gusti Allah nguji lan ngasah kesabaran lan pangajeng-ajeng kita, ngantos
dumugi wekdal ingkang katetepaken dening Gusti. Ingkang cetha ing tengahing
kasangsaran, Gusti midhangetaken pandonga, pasambat kita. Gusti Allah
ngentasaken kita saking “luweninging bilai”, lan mindahkaken kita ing “parang”
ingkang teguh. Tegesipun, iman boten mesthi paring urip linuwih, nanging
paring tuwuhing raos pitados ingkang kukuh, amargi Gusti badhe nyekapi
kabetahan kita kanthi sedaya berkah ingkang rumentah.
Para Farisi nggadhahi panginten bilih kesalehan punika dipun ukur saking
pranatan/aturan, ritual, lan maneka warni larangan, nanging Gusti Yesus
ngandharaken bilih katresnan lan welas asih punika ingkang langkung utama.
Ritual ingkang tanpa katresnan badhe kecalan maknanipun. Piwulang saking
Mateus 12:1-8 punika nggigah kita supados boten namung manut aturan
agami, nanging langkung-langkung gesang suci lan nindakaken katresnan,
welas asih, lan pangapunten tumrap sesami. Amin.|*LES
