Yeheskiel 34:17-23; Jabur 100; 1 Petrus 5:1-5 KANCA LAN SEKSI“Para pinituwa kang ana ing antaramu iku dakpituturi, … amarga aku ikidadi kanca pinituwa sarta seksine sangsarane Sang Kristus”(1 Petrus 5:1) Pethikan seratipun rasul Petrus ingkang isi pitutur punika katujokakendhateng para pinisepuh ing pasamuwan wonten ing tlatah Pontus, Galati,Kapadhokia, Asia Kecil, lan Bitinia. Saderengipun pitutur kaparingake, rasulPetrus nerangaken menggah sinten dhirinipun. Wonten ing ayat 1 rasulPetrus punika ugi satungaling pinisepuh. Rasul Petrus ngrumaosi bilihdhirinipun sami kaliyan para pinisepuh sanespun, boten langkung inggil,boten langkung pinter. Ingkang langkung namung pengalamanipunanggenipun dados muridipun Gusti Yesus, mliginipun piyambakipun saestunekseni sangsaranipun Sang Kristus. Kita temtu kengetan sinten Petruspunika. Petrus punika murid ingkang kendel, nate napak ing toya, ngunuspedhang merung talinganipun Malkhus, nyelaki Gusti Yesus ngantos kaping tiga.Rasul Petrus paring pitutur supados para pinsepuh sami nindakakenayahanipun ngengen para warganing pasamuwan kanthi legawaningmanah laras kaliyan kersanipun Gusti Allah. Pitutur punika temtukadhasaran dening pengalamanipun minangka pendherekipun Gusti Yesus.Rasul Petrus sampun ngraosaken kados pundi dados murid ingkang kendel,nanging ugi boten sampurna awit sampun nyelaki Gustinipun. Rasul Petrusboten lingsem dados seksinipun Sang Kristus sanadyan boten sampurna,kathah kakiranganipun.Kados dene rasul Petrus, kita ugi katimbalan leladi ing satenghaingpasamuwan, sinaosa boten sedaya ing kalenggahan pinisepuh. Kawontenanlan kasagedan kita mawarni-warni, wonten ingkang: wonten ingkang dadospinesepuh, Diaken, Pegurus Komisi, Pengurus Wilayah saha dadosWarganing Pasamuwan. Rupi-rupi ayahan punika minangka timbalanipunGusti lantaran pasamuwanipun. Mila kita tampi kanthi panuwun lansesarengan nindakaken ayahan punika kagem kaluhuranipun Gusti. Kita ugiprelu paring paseksi minangka para paladosipun Gusti ingkang gesangipuntansah ngabekti dhumateng Gusti. Srana mekaten, pasamuwan sagedkabangun. Amin. |*WSMS
Ahad, 26 April 2026 Minggu Paskah IV
L. Para Rasul 2:42-47; Jabur 23; 1 Petrus 2:19-25; Yokanan 10:1-10 MBANGUN PASEDHEREKAN“Sadina-dina tansah padha nglumpuk ing Padaleman Suci …Padha nyuwil-nyuwil roti ana ing omahe giliran …kalawan bungah lan ati kang tulus”(Lelakone Para Rasul 2:46) Lelakone Para Rasul 2:42-47 punika nyariyosaken gesangingpasamuwan ingkang wiwitan. Perikop punika nyariyosaken kados punditiyang-tiyang ingkang sampun sami mirengaken lan nampi khotbahipunpara rasul lan manjing dados Kristen punika karimat. Tiyang-tiyang ingkangsampun ngantepi piwulangipun para rasul punika ngrimati gesangipunsarana tetunggilan dadosa ing Padaleman Suci punapa-dene nglempak inggriyanipun secara giliran. Warganing pasamuwan punika sami ngrumaosiwigatosing pepanggihan srana nglempak sesarengan. Warganingpasamuwan nggadhahi raos ingkang sami: manunggal saiyeg saeka-prayanguri-uri gesang sesarengan. Sami-dene anggenipun nggatosaken, temahmengretos punapa ingkang dados kabetahaning warganing pasamuwan.Bab punika tetela anggenipun nggadhahi raos bilih punapa ingkang dipungadhahi punika ugi prelu kaginakaken kangge tiyang sanes, boten namungkangge dhirinipun piyambak. Nyuwil-nyuwil roti lan nedha sesarengankalawan bingah. Ing gesang serarengan punika kabangun wontenipunpasedherekan. Sami-dene nggatosaken kabetahan ing bab: raga (nedhisesarengan), nyuwil-nyuwil roti kados-dene ingkang dipun tindakakendening Gusti Yesus, memuji asmanipun Gusti (spiritual), lan dipun senengidening tiyang kathah (sosial). Sedaya punika katindakaken kanthi bingah lanmanah ingkang tulus.Kita saged nggambaraken endahing kawonten pasamuwan wiwitanpunika. Sumangga sami niteni kawontenaning pasamuan ing wekdal punika.Boten prelu tebih-tebih, kita saged ningali pasamuwan kita piyambak.Kadospundi kawontenaning pasamuwan kita? Punapa wonten gesangingkang manunggal, saiyeg, sami dene nggatosaken ing sadhengahkawontenan dalasan kabetahanipun, dipun remeni masyarakat ing sakiwatengen kita (raga, sosial, ekonomi, spiritual)? Menawi sampun, kados pundianggen kita badhe ngindhakaken? Menawi dereng, punapa ingkang kedahkita tindakaken? Roh suci mesthi mitulungi kita. Amin. |*WSMS
Setu, 25 April 2026 Minggu Paskah III
Yeheskiel 34:1-16; Jabur 23; Lukas 15:1-7 MANGGEN ING DALEMIPUN SANG YEHUWAH‘… saha kawula badhe manggen wonten ing padalemaningSang Yehuwah ing salaminipun”(Jabur 23:6b) “Suami saya itu bu seringkali, pagi, siang, sore, malam di gereja. Rapatini, rapat itu, belum lagi kalau ada undangan jagong. Jadi, dia mestimembawa pakaian ganti.” Mekaten cariyosipun satunggaling ibu gegayutankaliyan garwanipun.“Kawula badhe manggen wonten ing padalemaning Sang Yehuwah ingsalamimipun”, mekaten pangandikanipun Juru Masmur ing ayat 36b.Punapa punika sami kaliyan cariyosipun ibu wau? Temtu mboten. ingkangdipun kajengaken dening ayat 36b “manggen wonten ing padalemaningSang Yehuwah” punika wangsul malih dhateng Padaleman Suci. Jabur 23punika sajakipun masmur ingkang kakidungaken nalika umat sowandhateng Padaleman Suci ing Yerusalem saprelu nyaosakenpangabektinipun.Ayat 1-4 nelakaken pangakenipun Juru Masmur bab Gusti Allah ingkangjumeneng minangka pangen. Ayat 5-6 nelakaken Gusti Allah ingkangjumeneng tuan rumah ingkang ngayomi tamunipun. Pangayomanipun GustiAllah punika ndadosaken Juru Masmur ngraosaken kabegjan, dadosakenkabingahanipun. Mila Juru Masmur gadhah pepenginan tansah manggening padalemaning Sang Yehuwah, inggi punika wonten ing Padaleman Suci.Awit pangrengkuhipun Gusti Allah punika ndadosaken Juru asmur kraos ingpadalemaning Sang Yehuwah. Temtu ing padaleman punika mbotennamung sowan, ananging ugi nindakaken punapa ingkang prelu.Punapa prelunipun kita dhateng ing greja? Temtu mboten namungsowan, ananging ugi nindakaken bab-bab ingkang prelu kangge gesangingpasamuwan. Ing greja wonten kegiyatan mawarni-warnai kangge mbangungesangin pasamuwan. Anggen kita tindak greja punika nindakakenkegiyatan sesarengan. Saged kelampahan sedinten kita kegiyatan ing greja.Ingkang baken lan wigati inggih punika anggen kita nindakaken kegiyataning greja kanthi sedya ingkang sae kagem kamulyanipun Gusti. Amin.|*WSMS
Jemuwah, 24 April 2026 Minggu Paskah III
Pangentasan 3:16-22, 4:18-20; Jabur 23; 1 Petrus 2:13-17 NAMUNG KABEGJAN LAN KADARMAN“Amargi namung kabegjan lan kadarman thok ingkangbadhe ngirid lampah kawula, salaminipun gesang”(Jabur 23:6a) Jabur 23 punika kalebet masmur ingkang dipun remeni dening kathahtiyang Kristen. Kula boten mangertos punapa sebabipun. Punapa awitmasmur punika nelakaken kapredulenipun Gusti? Menawi kita namungnggatosaken ayat 6a sajakipun panci mekaten. Kabegjan lan sih-kadarmanipun Gusti ingkang badhe ngirid lampah kita ing sauruting gesang kita.Ayat 1-3 punika ayat ingkang nentremaken, ngremenaken, damelmanah ayem. Nanging menawi kita gatosaken ayat 4-5 punika nelakakenkawontenan ingkang beda. Tembung “jurang plimenganing pati” (lembahkekelaman) punika nelakaken kawontenan ingkang lelawanan kaliyan ayat1-3. “Jurang palimenganing pati” punika nelakaken bilih Juru Masmur ingsalebeting bebaya, ing salebeting kawontenan ingkang nguwatosi. JuruMasmur boten jenjem awit wonten satru ing sakngajengipun (ay. 5). JuruMasmur dipun ayang-ayangi dening satru ingkang ngarah nyawanipun.Gesangipun kaancam dening satru ingkang wonten ing ngajengipun. Sintensatru punika panci mboten dipun sebutaken, nanging cetha punikangganggu gesangipun. Ewa-semanten, juru masmur ngraosaken tentremlan ayem (ay. 3). Diayemake ateges dipun damel ayem. Sinten ingkangdamel tentrem lan ayem punika? Boten sanes inggih punika Gusti Allahingkang dipun akeni dados pangenipun. Gusti Allah ingkang jumenengPangen punika boten negakaken wonten ingkang ngganggu gesangipun,ingkang badhe nyilakani utawi dipun ancam dening satru punika. Gusti AllahSang Pangen punika mitulungi lan damel tentrem, kadosdene mendaingkang dipun plegungaken ing panggenan ingkang kathah suketipun, dipunirid dhateng toya ingkang nyegerake.Gesang kita pancen boten aman, sawanci-wanci saged kemawonwonten tiyang ingkang nyatroni kita, ingkang damel kita boten jenjem.Nanging Gusti Allah Sang Juru Pangen kita badhe damel kita ayem lantentrem. Temah kita badhe ngraosaken kabegjan lan kadarman ingkangngirid lampah kita. Amin. |*WSMS
Kemis, 23 April 2026 Minggu Paskah III
Pangentasan 2:15b-25; Jabur 23; 1 Petrus 2:9-12 MITULUNGI INGKANG RINGKIH“… nanging Sang Musa banjur jumeneng nulungisarta ngombeni wedhus-wedhuse”(Pangentasan 2:17b) Saksampunipun mejahi tiyang Mesir, Musa mlajar saking ngarsanipunSang Prabu Pringon awit badhe dipun sedani. Musa lajeng dumugi ing tanahMidian, lenggah ing sapinggiring belik. Boten dangu, dhateng para pawestri,putrinipun imam ing Midian, pitu cacahipun. Para pawestri punika dhatengbelik saprelu ngangsu kangge ngombeni menda-mendaning ramanipun.Lajeng wonten para pangen dhateng ingkang lajeng ngunduraken utawinundhung para pawestri wau. Ing papan ngriku toya pancen winates, milakedah kaginakaken kanthi trep. Tumindakipun para pangen jaler punikaboten sae. Tiyang jaler mesthi langkung rosa. Para pawestri punika mesthiringkih, kawon yen nglawan para pangen punika. Musa lajeng menyatnulungi (milujengaken) pra pawestri punika saking tingkah-polahipun parapangen. Musa mawas bilih tingkahipun para pangen punika boten leres,mboten adil, ngganggu lan ngawonaken ingkang ringkih.Ing sakiwa tengen kita kathah patrap lan tumindak ingkang boten adil,ingkang rosa nyilakani ingkang ringkih, ingkang kiyat nindhes ingkangringkih. Ingkang pinter mbodhoni ingkang kirang pinter, ingkang sugihngremehaken ingkang miskin. Punapa ingkang sampun lan badhe kitatindakaken secara pribadi, brayat, pasamuwan dhateng tiyang-tiyangingkang ringkih punika?Pancen saben-saben secara ajeg punapa kadhangkala (insidental) kitasecara pribadi lan minangka pasamuwan ngawontenaken bakti sosialkangge tiyang-tiyang ingkang kaanggep mbetahaken kawigatosan,upaminipun dhateng lare-lare ing Panti Asuhan. Bab punika temtutumindak ingkang sae lan prelu. Nanging temtu ugi prelu pambiyantuingkang boten namung awujud materi. Mitulungi ingkang ategesmilujengaken ugi saged katindakaken awujud tambahing seserepan lankakendelan ingkang gegayutan kaliyan nglawan lan merangi tumindakingkang mboten adil lan damel sangsara, tumindak ingkang ngremehakentiyang sanes, tumindak ingkang ngasoraken sesami. Gusti mberkahi lanmadhangi kita kangge mitulungi ingkang ringkih. Amin. |*WSMS
Rebo, 22 April 2026 Minggu Paskah III
Pangentasan 24:1-11; Jabur 134; Yokanan 21:1-14 WOHING PAKARYAN KITA“Njupuka iwak sawatara, oleh-olehane anggonmu mentas njala mau.”(Yokanan 21:10b) Saben tiyang ingkang nyambut damel utawi makarya temtu wonten asilutawi wohipun. Asil utawi woh punika saged sae saged ugi awon, sagedkathah utawi sekedhik, saged ngremenakan lan mbingahaken, saged damelcuwa. Kathah bab utawi faktor ingkang ndadosaken asiling pakaryan kitasae punapa boten. Ing antawisipun: sehat punapa nembe sakit; gadhahsemangat punapa nglokro, kanthi greget punapa males-malesan.Para sakabat, Simon Petrus sakanca, nembe sami dhateng gisikingseganten Tiberias saprelu badhe pados ulam. Sadalu natas anggenipunpados ulam, nanging nglaha, boten pikantuk ulam babar pisan. Ing wancienjing Gusti Yesus jumeneng wonten ing gegisik lan ndangu kasilipunanggen sami pados ulam. Awit boten sami pikantuk asil, Gusti Yesus lajengdhawuh supados para murid wau ndhawahaken jalanipun ing satengeningprau, mesthi badhe pikantuk ulam. Tanpa mangu-mangu lan tanpa mikirpunapa-punapa para murid nindakken dhawuhipun Gusti, senadyan botenmangertos bilih ingkang dhawuh punika Gusti Yesus. Dhawuhipun GustiYesus punika wonten asilipun. Jalanipun kebak ulam ngantos boten sageddipun tarik awit saking kathahipun ulam ing jala punika.Para murid pancen boten mangertos bilih ingkang dhawuh punika GustiYesus, nanging nindakaken dhawuhipun. Punapa sebabipun? Saged ugi paramurid sampun kesel awit sampun sadalu anggenipun ngupadi. Saged ugiwonten raos ingkang beda, ingkang ngraosaken bilih dhawuh punika kedahdipun tindakaken supados pikantuk ulam. Ing manahipun murid ingkangdipun kasihi lajeng tuwuh raos bilih ingkang dhawuh punika Gusti Yesus. lanpangrasipun punika saestu leres.Para murid sampun budidaya lan mbangun-turut ndhawahaken jala ingsisih tengen prau temah wonten asilipun. Gusti Yesus ngaosi asiling paramurid angenipun njala. Pangaosipun Gusti Yesus punika tetela anggenipundhawuh: “Njupuka iwak sawatara, oleh-olehane anggomu mentas njalaiku.” Gusti Yesus ugi ngaosi pakaryan ingkang kita tindakaken kanthipambangun-turut dhumateng Panjenenganipun. Amin. |*WSMS
Slasa, 21 April 2026 Minggu Paskah III
Wulang Bebasan 8:32-9:6; Jabur 134; 1 Petrus 2:1-3 KENDEL SAKING TUMINDAK AWON“menawa kowe nyata wis padha ngrasakake sih-kadarmaning Allah(1 Petrus 2:3) “Kok senenge dha ngrasani wong. Yen ngrasani kabecikane ya apik. Ningyen ngrasani eleke, ya ora apik.” Mekaten pitembungan ingkang asring kitapireng. Ngrasani solah-tingkah lan piawonipun tiyang sanes saged mbektakita dhateng tumindak awon ugi. Pitembungan kita punika saged ngenerdhateng hoaks (pawarta ingkang boten nyata, dipun damel-damel),nuwuhaken drengki lan srei saha pitenah. Menawi kita ngrasani bab ingkangsae, saged ugi namung lamis, boten tulus.Dhateng pasamuwan ingkang sumebar ing Pontus, Galati, Kapadhokia,Asia Kecil dalah Bitinia rasul Petrus paring pitedah supados pasamuwanmbirat (tegese ngresiki, mbuwang, nyirnakaken) gesang laminipun, ngrasuking gesang anyar wonten ing Gusti Yesus Kristus. ing jamanipun kaisar Neroumat Kristen gesang ing salebeting kawontenan ingkang mrihatosaken.Umat Kristen asring dipun dadosaken kambing hitam, dipun pitenah damelrerusuh, damel ribut temah lajeng dipun cepengi. Kadosdene nalika kithaRum kabesmi ing taun 64, tiyang Kristen ingkang dipun pitenah njalari kithaRum punika kabesmi, kamangka punika pandamelipun kaisar Nero.Kenging punapa dene rasul Petrus paring pitedah ingkang kadosmekaten? Kamangka tiyang Kristen ingkang dados kurban. Punapa wontenwarganing pasamuwan ingkang nate dados anak buah-ipun kaisar Nero?Kula mboten mangertos, saged kemawon bab punika kedadosan. Punaparumiyin tiyang-tiyang punika ugi nindakaken kados mekaten? Kula botenmangertos. Ingkang cetha rasul Petrus dhawuh supados para pitados samimbirat sakathaing piawon. Tembung mbirat punika temtu gegayutankaliyan gesang sakderengipun dados tiyang Kristen. Gandheng sampundados tiyang Kristen, tiyang ingkang sampun kaparingan sih-kadarman,kedah gesang ing salebeting sih-kadarman punika. Punika ateges bilih kedahnilar lan mbucal sedaya ingkang awon ingkang mboten cundhuk kaliyankarsanipun Allah. Umat Kristen punika kedah gesang kadosdene bayiingkang ngombe susu ingkang murni inggih punika sabdanipun Gusti,ingkang nuntun tumuju dhateng gesang langgeng. Amin. |*WSMS
Senen, 20 April 2026 Minggu Paskah III
Kejadian 18:1-14; Jabur 134; 1 Petrus 1:23-25 SEGAHAN INGKANG MURWAT“Pangandikane Tamu: Iya tindakna apa kang dadi karepmu!”(Purwaning Dumadi 18:5) Sang Yehuwah ngetingal dhateng rama Abraham nalika pinujulenggahan wonten ing sacelaking wit tarbantin ing lawanging tarubipun.Kita boten mangertos kados pundi caranipun utawi punapa ingkankedadosan dene nalika rama Abraham ndengengek ingkang dipun sumurupipriya tiga jumeneng ing sangajengipun. Ugi boten dipun terangaken kadospundi rama Abraham mangertos bilih ingkang rawuh punika priyantunpenting. Bab punika kacetha anggenipun rama Abraham nyebut bandaradhateng tamu-tamunipun. Mboten namung punika. Abraham ugi ngaturisegahan ingkang sae: glepung alus kangge damel roti, mendhet pedhetingkang empuk lan becik dagingipun. Sedaya nedya kasegahaken kagemtamu-tamunipun. Mekaten anggenipun rama Abraham ngaosi tamu-tamunipun, senadyan mboten mangertos sinten ta tamu-tamunipunpunika. Ingkang cetha, Abraham nganggep wigatos tamu-tamunipun lanngaturi segahan ingkang murwat tanpa ngetang pinten reginipun segahanwau. Ingkang penting malih, bilih para tamunipun karenan dhateng segahaningkang badhe dipun aturaken dening rama Abraham.Gusti Allah sampun maringaken sedayanipun, malah putranipun ontang-anting kangge kawilujengan kita. Gusti Yesus sampun maringakensariranipun kangge kita. Punapa ingkang badhe kita aturaken dhumatengPanjenenganipun? Punapa ingkang badhe kita aturaken minangka aturpanuwun kita dhumateng Panjenenganipun? Inggih gesang kitasawetahipun. Kados pundi cara lan wujudipun? Boten sanes inggih sranasuka kawigatosan dhateng tiyang sanes. Migatosaken kabetahanipuntiyang-tiyang ing sakiwa tengen kita. Abraham mangertos kabetahanimgpara tamunipun. Para tamunipun mbetahaken wekdal kagem ngaso, kendelsakedhap saking anggenipun mlampah. Mila para tamunipun dipun candhetsupados kersa nampi pasegahan saking rama Abraham. Kita prelumangertosi kabetahanipun sesami, lajeng mbudidaya nyekapi punapaingkang dipun betahaken punika, kanthi murwat lan miturut kasagedankita, tanpa ngetang reginipun pinten. Amin. |*WSMS
Ahad, 19 April 2026 Minggu Paskah III
Lelakone Para Rasul 2:14a, 36-41; Jabur 116:1-4, 12-19;I Petrus 1:17-23; Lukas 24:13-35 KATRESNAN PASEDHEREKAN INGKANG BOTEN LAMIS“… satemah padha bisa nindakake katresnan ing pasedulurankang tanpa lamis.”(1 Petrus 1: 22b) Sumangga gatosaken pangandikan antawisipun A kaliyan B punika,A: “Lho, kok ora sida mbokgawa. Trus, sapa sing mbokkon ngeterakemrana? Selak dienggo kok.”B: “Wegah aku. Lha wong abot tur barang ora mingsra.”A: “Mau kowe kan wis saguh. Ora mingsra miturut kowe. Kanggonedheweke kan penting banget.” “Lha kok mencla-mencle. Anggonmusaguh mau ora tenanan ya? Mung kembang lambe ta?”B: “Aku mau mung athuk apleng, mung iseng, mung nyoba-nyoba.”Kasagahanipun B punika saged dipun wastani lamis. Lamis, punapategesipun? Lamis tegesipun boten tulus eklas, tegesipun wontenpamrihipun, boten kanthi trusing manah, wonten pamrihipun kanggedhirinipun piyambak, supados dipun sebut tiyang sae.Ayat 22 nedahaken dhateng kita kados pundi pasamuwan ingkang dipunkintuni serat dening rasul Petrus saged nandukaken katresnan ingkangboten lamis. Punapa ingkang ndhasari tiyang saged nindakaken katresnanpasedherekan ingkang boten lamis? Miturut ayat 22 dhasaripun awitanggenipun mbangun turut dhateng kayekten, bilih Gusti sampunmaringaken sih-rahmatipun, punika satunggaling kayekten (ayat 13). Kitasampun katebus dening Gusti Yesus Kristus srana rahipun, srana seda lanwungunipun, punika satunggaling kayekten (ayat 19). Kita sampunkalairaken malih dening pangandikaning Allah ingkang gesang lan langgeng,punika satunggaling kayekten (ayat 23). Wosipun, gesang kita sampunkatebus lan kaanyaraken dening Gusti Yesus Kristus punika satunggalingkayekten. Inggih punika wujuding sihipun Gusti ingkang ageng lan tulusdhateng kita. Punika ingkang dados dhasar anggen kita bangunpasedherekan kanthi tresna ingkang tulus, boten lamis. Mekatenpiwucalipun rasul Petrus dhateng pasamuwan ingkang dipun kintuni serat,ugi piwucal dhateng kita. Sumangga sami nandukaken katresnanpasedherekan ingkang tulus, boten lamis, dhateng sinten kemawon. Amin.|*WSMS
Setu, 18 April 2026 Minggu Paskah II
Yesaya 25:6-9; Jabur 116:1-4, 12-19; Lukas 14:12-14 SURAK-SURAK“… ayo padha surak-surak lan suka-suka marga saka pangluwarankang kaparingake.” (Yesaya 25: 9b) Tiyang ingkang surak-surak punika nelakaken bilih manahipun bingahlan sukarena. Punapa ingkang jalari surak-surak punika? temtu mawarni-warni. Saged ugi ulangan utawi ujianipun pikantuk biji sae. Saged ugi sarassaking anggenipun sakit. Saged ugi usaha utawi bisnisipun kasil, pikantukbebathen kathah, lan sakpiturutipun.Yesaya 25:9b ngatag umat sami sukarena lan surak-surak amargipangluwaran ingkang kaparingaken dening Sang Yehuwah. Pangluwaransaking punapa? Pangluwaran saking gesang ingkang mrihatosaken awitpanandhanging umat karana pametekipun bangsa-bangsa sanes. Bangsa-bangsa ingkang sampun damel sisahipun umat Isreal sampun kaasorakendening Sang Yehuwah. Boten namung punika, Sang Yehuwah ugi sampunnyuwek-nyuwek sandhangan bagor lan kemul tandha kaprihatosan.Bangsa-bangsa punika sesarengan kaliyan umat Israel nampi kawilujengansaking Sang Yehuwah. Sang Yehuwah paring pangapunten dhateng bangsa-bangsa ingkang sampun damel umatipun nandhang sangsara lan kasisahan.Mekaten kapitadosanipun umat Israel tumrap pakaryanipun Sang Yehuwahingkang badhe paring kawilujengan dhateng kathah bangsa. Sang Yehuwahbadhe ngicali pati lan ngusapi eluh sakehing rai (ayat 8).Karana pakaryanipun Gusti Allah ingkang tetela wonten ing Gusti YesusKristus, sedaya bangsa kaparingan pangapunten lantaran sangsara, seda,lan wungunipun Sang Kristus. Kita ugi sampun kaparingan pangapunten lankawilujengan lantaran Panjenenganipun. Pramila kita prelu tansahnelakaken gesang kanthi sukarena lan sura-surak awit pakaryanipun GustiYesus punika. Punapa gesang kita tansah kalimputan ing kabingahan lansukarena temah kita tansah surak-surak? Kados pundi anggen kitanelakaken gesang ingkang kebak ing kabingahan lan surak-surak punika?Gesang kita ingkang kalimputan sukarena temah kita surak-surakpunika punapa awit anggen kita saestu ngraosaken kawilujenganpeparingipun Gusti utawi karana sebab sanesipun? Amin. |*WSMS
