Wulang Bebasan 4:10-27; Jabur 105:1-11, 37-45; Lukas 6:12-19
WONG MURSID MINANGKA PEPADHANG
“Nanging dalane wong mursid iku kaya pepadhang ing wayah esuk,
kang mundhak-mundhak padhange ngati tumeka ing wayah tengange”
(Wulang Bebasan 4:18)
“Pepadhang” punika ngemu suraos ingkang mawerni-werni. Kados
dene Roh Suci, Rohing Pepadhang, ingkang madhangi, paring panglipur lan
ayem-tentrem ing gesanging manungsa. Ulate padhang ateges manahipun
suka bingah, ketingal ing pasuryan ingkang mbingahaken lan tumindak leres.
Tiyang mursid inggih tiyang ingkang setya tuhu ndherek Gusti kapralambangaken
minangka pepadhang ing wayah enjing. Ngemu teges, gesangipun tiyang
mursid ing prekawis sae, ing bebener, ingkang ndadosaken kabingahanipun
tiyang sanes. Mila, tiyang mursid kathah sedherekipun, dipunantos-antos
dhatengipun, ingkang saged ngguyubi lan ndamel kabingahanipun tiyang kathah.
Manungsa saged dados tiyang mursid awit adrengipun manah pribadi,
kajurungan dening Rohing Allah, Rohing pepadhang. Gusti Allah maringi
pepadhang ing manahipun tiyang pitados, ingkang ndayani tiyang mursid
kuwagang gesang ing pepadhang. Purun gesang ing karukunan kaliyan
tyang sanes, saged apunten-ingapunten kaliyan tiyang ingkang nandhang
lepat, ugi tansah memuji asmanipun Gusti kanthi gumolonging manah.
Pepadhangipun tiyang mursid ampun ngantos mbleret, saya suda
urubipun. Saya malih ampun ngantos pejah. Menawi urubipun pejah, ateges
gesangipun tiyang mursid mboten migunani dhateng tiyang sanes. Gesangipun
taksih ambegan, taksih ngersakaken dhahar lan ngunjuk, nanging mboten
migunani ing bebener dhateng tiyang sanes. Muspra kemawon, gesangipun
ngamplah.
Gusti Allah ngersakaken, manungsa sageda milih dados tiyang mursid.
Godhanipun dados tiyang pancen mawarni-warni. Nanging, Sang Roh Suci,
Rohing pepadhang tansah madhangi manahipun manungsa, supados
manungsa tansah dados tiyang mursid. Ugi, manungsa purun dados tiyang
mursid. Ateges, purun dados astanipun Gusti madhangi tiyang kathah ing
sakiwa-tengenipun. Ndamel tentrem rahayu, panglipuran, saha guyub-rukun
kaliyan tiyang sanes. Tiyang mursid dipunremeni dening tiyang kathah.
Pawartos ingkang mbingahaken. |*KR
