Yeremia 18:12-17; Jabur 69:7-10, 16-18; Ibrani 2:5-9
GUSTI, AMPUN NYINGIDAKEN WEDANA PADUKA
“Sampun ngantos nyingidaken wedana Paduka saking abdi Paduka,
amargi kawula karupekan; mugi enggal karsaa paring wangsulan
dhumateng kawula!”
(Jabur 69:18)
Gusti Allah nyingidaken wedananipun tumrap manungsa, ngemu teges
Gusti boten karsa mirsani, boten karsa nggatosaken manungsa. Kawontenan
mekaten saged kelampahan, awit manungsa boten nggatosaken pangandikanipun
Gusti, menapa dene boten purun nindakaken dhawuh-dhawuhipun kanthi
gumolonging manah. Ing wusananipun, manungsa ngraosaken karupekan,
kawontenan ingkang mboten prayogi ing gesangipun.
Sampun leres lan jumbuh kaliyan karsanipun Gusti, kados ingkang
sinerat ing Jabur 69:18. Rikala manungsa ing kahanan karupekan, manungsa
nyenyuwun dhumateng Gusti, sageda Gusti boten nyingidaken wedananipun.
Sewalikipun, sageda Gusti mirsani, nggatosaken dhumateng manungsa ingkang
gesang ing karupekan. Kanthi pitados lan pangajab, Gusti paring pitulungan,
nyingkiraken karubedan ing gesanging manungsa. Lan candhakipun, manungsa
saged luwar saking karubedan lan ngraosaken lodhang ing manahipun.
Boten mbeseseg malih.
Tumraping manungsa, karupekan minangka satunggaling prekawis limrah
ing gesangipun. Awit manungsa dados titah ingkang dereng sampurna
gesang ing jagad menika. Taksih saged ketaman sesakit, ekonomi ingkang
cumpen, brayat nandhang cecongkrahan, menapa dene rejeki karaosaken
seret. Tumraping tiyang pitados, kahanan ingkang mekaten ampun ngantos
dados dhadhakan nebih kaliyan Gusti. Nanging sewalikipun, sageda dados
pamecut saya celak kaliyan Gusti, gesang nindakaken dhawuh-dhawuhipun
gusti, tuwin setya tuhu dherek Gusti.
Gusti Allah punika saestu Gusti ingkang Maha Asih tumraping manungsa
saha sedaya titah. Rikala ing karibedan lan manungsa sowan ing ngarsanipun
Gusti, prekawis menika dados lampah ingkang leres. Dados solusi utawi
margining pangluwaran. Mila, rikala ketaman ing karibedan, prayogi sageda
saya kenceng ing pandonga, ugi saya celak srawunganipun kaliyan Gusti
Allah kaswargan, inggih ing asmanipun Gusti Yesus. |*KR
