Yeremia 18:18-23; Jabur 69:7-10, 16-18; Lelakone Para Rasul 5:17-26
NGGELARAKEN SABDANING GESANG
“Padha menyanga ing Padaleman Suci, ngadega lan nggelarna
sakabehe pangandikaning urip iku marang wong akeh.”
(Lelakone Para Rasul 5:20)
Para sakabatipun Gusti Yesus katimbalan supados nggelaraken Injiling
kawilujengan dhateng sedaya umat ing bumi. Nggelaraken utawi nyariyosaken
bab kawilujengan saking Gusti Allah ingkang sampun kababar. Sedaya
manungsa dados jujugan kawilujenganipun Gusti, mila sageda sedaya manungsa
gesang ing kawilujengan Gusti, lumantar pakaryanipun Sang Kristus.
Para sakabat sampun nampi mukjizat saking Gusti, inggih menika kaluwaran
saking pakunjaran, tanpa dipunmangertosi dening tiyang sanes. Mila
candhakipun dipuntimbali supados nggiyaraken sabdanipun Gusti, sabdaning
gesang dhateng tiyang kathah. Para sakabat purun nindakaken, awit pancen
saking wiwitan suka ing peladosanipun kagem kamulyanipun Gusti tuwin
kawilujenganipun tiyang kathah.
Saestunipun, nggelaraken sabdaning gesang inggih pangandikanipun
Gusti dhateng tiyang kathah minangka tugasipun pasamuwan. Pasamuwan
nggadhahi tugas kalih, i.m martosaken Injilipun Gusti Allah (marturia) tuwin
pangrimating kapitadosanipun sedaya warganing pasamuwan (penggembalaan
utawi pastoralia).
Dumugi sapriki, tugas nggelaraken sabdaning gesang tetep dados
tugasing pasamuwan sacara lembaga menapa dene pribadi sedaya warganing
pasamuwan. Kita nggadhahi wajib martosaken Injilipun Gusti dhateng sesami.
Martosaken bab Gusti Allah ingkang tansah nresnani sedaya manungsa;
Gusti Allah maringi kawilujengan lumantar pakaryanipun Gusti kita, Yesus
Kristus; manungsa dados jujuganing kawilujenganipun Gusti, mila samia
pitados dhateng panjenengan-Ipun; manungsa gesang awit sih nugrahanipun
Gusti, mila tansaha atur panuwun ing salampahing gesang. Nggelaraken
injilipun Gusti minangka sabdaning gesang tata potados tanpa winates ing
wekdal. Salamining gesang, rikala kita taksih ambegan, kita sami katimbalan
nindakaken wajib menika. Menika minangka respon tumrap sih nugrahanipun
Gusti, ingkang sampun mawujud nyata ing gesang kita sami. Sageda nindakaken
kanthi suka bingah. |KR
