Pangentasan 19:2-8a; Jabur 100; Rum 5:1-8; Mateus 9:35-10:8, (9-23)
DIPUN PILIH, DIPUN TRESNANI, DIPUN UTUS
“Panjenenganipun mirsani wong akeh, atine padha trenyuh,
amarga wong-wong iku padha kaya wedhus tanpa pangon.”
(Mateus 9:36)
Kita sami mangertos bilih gesang ing jaman samangke punika pinanggih
kaliyan maneka warni tantangan: ekonomi ingkang saya angel, pajak ingkang
saya awrat, moral ingkang saya owah, kabudayan global ingkang asring nggeser
nilai-nilai adiluhung, lan raos “kesepian rohani” ingkang saged tumempuh
ing umat. Ing satengahing kahanan punika, pitedah Kitab Suci nyarengi kita,
paring pepadhang saha panglipur, saha ngajak kita ngraosaken timbalanipun
Gusti Yesus ing jaman menika.
Ing Pangentasan 19: 2 – 8a Gusti Allah nimbali lan miji bangsa Israel
dadps umatipun. Bangsa punika dipun undang mebet prasetyanipun Gusti,
“Kang iku saiki, manawa sira padha ngestokake dhawuhingSun klawan temen-
temen sarta padha netepi prasetyaningSun, mesthi sira padha dadi kekasihingSun
pinilih saka ing antarane sakehe bangsa, awit salumahing bumi iku kagunganingSun”
(ayat 5). Bab punika nelakaken babagan identitas umat pilihan, ingkang
boten dipun pilih awit jasa, kasaenan, nanging amarga sih-rahmat.
Ing jaman samangke, gereja lan umat Kristen ugi dipun sebat minangka
umat kagungane Gusti (1 Petrus 2:9). Kita punika dados pewaris prasetyan,
lan kadunungan timbalan lan tanggung jawab. Kita boten pareng gesang
kanthi saksekecanipun piyambak, nanging kedah kanthi tanggel jawab
kangge nelakaken katresnan lan kautamenipun Gusti wonten ing donya.
Ing Matius 9:35-10:8 Gusti Yesus mirsani kawontenaning tiyang kathah,
Panjenenganipun trenyuh. Ing basa Yunani, tembung “trenyuh” punika
maknanipun kraos nggregel, pangraos kang jero, tulus. Tiyang kathah punika
kados menda tanpa pangen. Awit saking punika, Gusti Yesus milih lan ngutus
para sakabat. Panjenenganipun maringi panguwaos, nanging ugi ngelingake
bab tantangan: bakal dipun tampik, panganiaya lan dipun adili. Punika gambaran
gereja jaman sapunika: dipun paringi misi, nanging kedah sumadya ngadhepi
tantangan pelayanan Kristen punika adhedhasar katresnan lan kawelasan
dhateng tiyang ingkang ringkih. |*LES
