+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 15 Juni 2026 Minggu Limrah

Yusak 1:1–11; Jabur 105:1–11, 37–45; 2 Tesalonika 3:1–5

TANSAH KENDEL, NGLESTANTUNAKEN PANGANDEL
“Ingsun rak wus dhawuh marang sira: disantosa lan diteguh?
Aja giris lan semplah, amarga Pangeran Yehuwah, Allahira nunggil
karo sira ing saparanparanira.”
(Yusak 1:9)

Kacariyosaken bilih saksampunipun Sang Musa seda, senapati Yosua
angsal tugas ageng piniji nglajengaken pakaryanipun Musa, kedah lumampah
mimpin umat pilihan lumebet ing tanah Kanaan. Gusti Allah paring pangandika,
“Sira disantosa lan diteguh atinira, amarga sira kang bakal nuntun bangsa iki
supaya bisa ndarbeni nagara kang Sunjanjekake kalawan supaos marang para
leluhure, menawa bakal kaparingake marang dheweke kabeh.” (Yusak 1:6)
Gusti Paring Dhawuh lan paring kakiyatan dhumateng Yosua (Yosua
1:1–11). Ingkang baken, Yosua kedah sumarah mring Gusti Allah saha
kadunungan kakendelan. Gusti Allah paring pepenget, “Mung bae sira
disantosa lan diteguh, tumindaka kalawan ngati-ati condhong karo angger-
angger kang wus diprentahake abdiningSun Musa marang sira, aja nyleweng
ngiwa utawa nengen saka iku, supaya sira oleh kabegjan menyanga ngendi
bae paranira.”
Mekaten ugi kita. Kita minangka pelados, pemimpin, utawi peranganing
pasamuwan, kedah gadhah kakendelan ingkang asalipun tuwuh saking iman,
tumuju mring sih pitulungipun Gusti; boten saking kaprigelan, kasagedan
kita piyambak. Supados saged tumindak mekaten kedah enget lan pitados
dhumateng Gusti Allah. Juru Masmur ugi ngengetaken, sampun ngantos supe
dhateng kasaenan lan sih palimirmanipun Gusti. Panjenenganipun ingkang
sampun nuntun saha setya ngreksa gesaning para kagunganipun.
Awit saking punika, sumangga tansah enget dhateng katresnaning Gusti
Allah. Rikala ngadhepi kasangsaraning gesang, mbok menawi awit saking
kesrakat, awit saking kasusahan ekonomi, awit saking krisis iman, mangga
tansah enget bilih Gusti Allah boten nate negakaken kita. Pramila kita kedah
tetep yakin estu bilih Gusti Allah punika setya, sanajan kawontenan boten
cetha (2 Tesalonika 3:1–5). Saestu, Gusti iku setya tuhu, Panjeneganipun
badhe nyantosakaken manah kita. Amin |*LES

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *