1 Samuel 3:1-9; Jabur 105:1-11, 37-45; 2 Tesalonika 2:13-3:5
PAKARYANE GUSTI PADHA SUWURNA
“Padha saosa puji sokur marang Pangeran Yehuwah, padha nyebuta
asmane, pakaryane padha suwurna ana ing antarane para bangsa!”
(Jabur 105:1)
Pakaryanipun Gusti Allah dhateng manungsa saestu kathah lan mawarni-
warni. Gusti maringi kawilujengan, bagas-warasing raga, katentreman ing
manah, guyub-rukun ing brayat, menapa dene rejeki ingkang katampi saben
dinten lan saged nyekapi kabetahaning brayat.
Kidung ingkang sinerat ing Jabur 105 mirungganipun ayat 1 nimbali
dhateng para pitados, supados nyuwuraken pakaryanipun Gusti Allah. Timbalan
menika ngemu teges, bilih (1) pakaryanipun Gusti Allah dhateng manungsa
tuwin titah sajagad saestu nyata, wonten wujudipun; (2) manungsa ingkang
kaparingan pikiran, raos, ugi kawicaksanan dening Gusti Allah, sageda
mratelakaken pakaryanipun Gusti ing gesang saben dintenipun.
Pakaryanipun Gusti sageda saestu dados pakaryanipun Gusti. Ampun
ngantos manungsa ngaku-aku pakaryanipun Gusti Allah dados pakaryanipun
manungsa pribadi. Manungsa dados sarana, dipun agem dening Gusti satemah
pakaryanipun Gusti mawujud ing jagad, tuwin saged karaosaken dening
manungsa. Mila, manungsa sampun samesthinipun atur panuwun sokur,
ngluhuraken asmanipun Gusti, tuwin sedaya pakaryanipun Gusti dipun
suwuraken. Ampun ngantos kuwalik, manungsa nyuwuraken pribadinipun,
ngengungaken pakaryanipun piyambak.
Kadospundi anggenipun manungsa nyuwuraken pakaryanipun Gusti Allah?
Manungsa nyuwuraken pakaryanipun Gusti Allah lumantar kapitadosanipun
ingkang bakoh, tumuju namung dhumateneg Gusti Allah kaswargan, ing
asmanipun Gusti Yesus. Tansah ngibadah ing saben dinten Minggu tuwin
dinten-dinten pangibadah sanesipun kanthi tumemen. Tansah ndedonga
kanthi gumolonging manah, atur panuwun sokur awit berkah-berkahipun,
ugi nyenyuwun ingkang dados kabetahanipun. Gesang ing lampah ingkang
pener ing panguwaosipun Sang Roh Suci. Memuji asmanipun, Gusti ingkang
Maha Asih dhateng sedaya titah ing jagad. Setemah asmanipun Gusti Allah
ingkang Maha kuwaos saha Maha Asih saya dipun raosaken tuwin
dipunpitadosi dening sedherek kathah. |*KR
