+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 20 Juni 2026 Minggu Limrah

Yeremia 20:1-6; Jabur 69:7-10, 16-18; Lukas 11:53-12:3

NGRANCANG ALA? AMPUN!
“Apadene padha ngudi mancing-mancing, supaya krungu
pangandika kang mijil saka ing lesane, kang kena
kanggo dhadhakan nangkep Panjenengane.”
(Lukas 11:54)

Para Ahli Toret tuwin para tiyang Farisi ngrancang ala dhateng Gusti
Yesus. Piyambakipun ngupadi ngrangket Gusti Yesus, kanthi cara madosi
lepating pangandikanipun Gusti Yesus. Menawi sampun pinanggih “celah”
pangandika ingkang saged dipunlepataken, tiyang-tiyang wau badhe masrahaken
Gusti Yesus dhateng pangadilan. Candhakipun, sageda Gusti Yesus dipunukum
dumugining sedanipun.
Para Ahli Toret minangka pakar gegayutan kaliyan Toretipun Nabi Musa,
dene tiyang Farisi minangka sesepuh ingkang ngugemi Toret lan paugeraning
adat istiadat. Sedherek-sedherek menika mboten remen kaliyan Gusti
Yesus, ingkang kawawas Gusti Yesus nerak paugeraning Allah. Tumindakpun
prelu dipunukum pejah. Dene sayektosipun, Gusti Yesus ngupadi pranatan
ingkang ndadosaken manungsa nampi kawilujengan lan suka bingahing
manah, mboten kamomotan dening pranatan ingkang mblenggu gesangipun.
Sayektosipun, ngrancang ala kawiwitan saking telenging manah. Raos
drengki lan benci dhateng tiyang sanes. Prekawis ingkang mboten sehat ing
pasrawungan, ugi mboten leres miturut pangandikanipun Gusti. Manungsa
ingkang ngrancang ala ateges sampun kadunungan roh ala, roh reged.
Manungsa ingkang ngrancang ala dados blegeripun iblis ingkang ketingal ing
jagad. Gusti Allah mboten ngersakaken bab menika.
Ingkang dipunkersakaken dening Gusti Allah inggih menika manungsa
ngrancang ing bebener. Rancangan guyub-rukun, apunten-ingapunten,
sesarengan suka bingah ing bebener, ngupadi gesang ing kawilujenganipun
Gusti. Rancangan ingkang kadunungan Roh Suci, Roh Resik, ingkang
sumberipun saking Gusti Allah kaswargan. Ingkang ndadosaken manungsa
memuji asmanipun Gusti. Rancangan ingkang leres, binerkahan dening
Gusti, lan saged mawujud nyata ing gesang.
Ngrancang ala? Ampun! Ngrancang ing bebener? Inggih, mangga!
Tiyang pitados samesthinipun ngrancang ingkang prayogi. |*KR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *