Yeremia 20:7-13; Jabur 69:7-10, 16-18; Rum 6:1b-11; Mateus 10:24-39
AMPUN AJRIH GESANG
“Mulane aja padha wedi, amarga ajimu iku
ngluwihi manuk nglathik pirang-pirang.”
(Mateus 10:31)
Gusti Yesus nimbali dhateng para sakabat tuwin para pendherekipun
jaman samangke supados mboten ajrih ngadhepi gesang. Kanthi conto peksi
glathik ingkang kathah ing pundi-pundi panggenan, mboten nanem lan
mboten panen, nanging saged gesang. Gusti Allah ingkang maringi gesang
tuwin Gusti piyambak ingkang ngrimati gesangipun. Gusti Yesus paring
pangandika bab pitados ingkang salugu, inggih punika manungsa masrahaken
gesangipun dhumateng Gusti kanthi gumolonging manah. Pitados kanthi
masrahaken gesangipun ing astanipun Gusti, mila mitadosi bilih Gusti Allah
ngrimati, mberkahi, tuwin maringi ingkang dados kabetahanipun manungsa.
Kenging menapa manungsa ngraosaken ajrih? Manungsa ajrih gegayutan
kaliyan kabetahaning gesangipun boten saged kacekapan. Bab raga ingkang
ringkih dereng patosa pulih rosa; ekonominipun brayat dereng mapan, ajrih
kadospundi nyekapi kabetahaning tetedhan, sekolah, ugi kesehatan; putra
ingkang sampun dewasa nanging dereng bebrayatan, lsp. Manungsa
ngraosaken ajrih awit dayaning gesang ingkang cumpen, mboten saged
ngayahi lan njangkepi sedayanipun.
Gesanging manungsa minangka peparingipun dening Gusti Allah, mila
Gusti Allah mesthi karsa ngrimati tuwin mberkahi manungsa titahipun. Gusti
Allah mboten badhe nglirwakaken ingkang dados yasanipun ing jagad. Gusti
Allah mberkahi manungsa, dene manungsa suka bingah nampi berkahipun
Gusti. Mila, manungsa nindakaken ingkang dados jatahipun manungsa
piyambak. Manungsa makarya kanthi tumemen, tumindak ing margi padhang,
gesang sangkul-sinangkul ing bot-repot dhateng sesami, masrahaken ngesangipun
ing astanipun Gusti. Mila raos ajrihing manungsa saged sumingkir utawi
ketutup dening raos pitadosipun dhateng Gusti.
Raos ajrih minangka raos kamanungsan tumraping manungsa. Nanging
menawi tiyang pitdos mapanaken raos ajrihipun ing papan ngajeng, menika
lepat. Ingkang leres, raos pitados mapan wonten ngajeng, lan saestu kawastanan
tiyang Kristen, tiyang pitados dhateng Gusti. |*KR
