Purwaning Dumadi 29:1-14; Jabur 81; 1 Korinta 10:1-4 NGAJENI PARA LELUHUR“Anadene karepku, para Sadulur, supaya kowe padha mangerti,yen para leluhur kita padha ingauban ing mega, lan kabehwus padha lumaku nratas sagara …”(1 Korinta 10:1) Nalikanipun nedheng-nedhengipun ngantepi kapitadosan Kristen miturutpangertosan lahir baru (gesang anyar), patraping kapitadosan kula punikasaestu ekslusif lan fanatik. Ekslusif awit dene mitadosi bilih namung tiyangKristen kemawon ingkang kepareng nampeni kawilujengan. Fanatik awitdeneperanganing gesang ingkang cengkah kaliyan piwulanging agami, kadostatilik kubur punapa dene ngetingalaken kadhuhkitan ingkang sangklangkungkapenggak lan kapeper. Milanipun nalika suwargi bapak muwun nalikanipunkang ramanipun, inggih embah dalem kapundhut, kula nyaruwe. “Wong Kristenditinggal mati kok nangis?” Makaten ugi nalikanipun suwargi bapak ajak-ajaktilik kuburipun simbah, kula mangsuli: “Emoh! Cik ben wong mati padhangubur wong mati!” dumeh suwargi simbah punika dereng ngrasuk agami Kristen.Samangke, lumantar nas punika kawula dadha lan nglenggana bilihGusti Allah sampun kepareng mitulungi gesanging para leluhur anggenipunsami kepareng ingauban ing mega lan lumampah nglangkungi seganten.Wonten ing ngriki ingkang dados titikan anggenipun dados umatipun Gusti(nampeni pratanda baptis) inggih punika anggenipun kepareng mbangunturut Gusti sanajan margining gesang ingkang dipun lampahi punikasangklangkung awrat dan kebaking kasangsaran.Wusana makaten, kawula lajeng kemutan cariyosipun bapak kados pundilabuh labetipun simbah murih bapak saged sekolah. Dhatan mawang sayahlan wayah anggenipun ngrimati pategalan lan saben ingkang namung saperangan.Menawi wonten asilipun, saperangan kakintun. Anggenipun ngintun,kapanggul piyambak. Tindak nratas rel sepur ngantos dumudi papan kos-kosan, kalih dinten lumampah. Tinalesan pangandika: Sira ngajenana bapa-biyungira! Uger ngraosaken awrat ing momotan, kula mijikaken wegdal tuwipesareanipun simbah lan bapak. Tan asung pandonga wilujeng anangingngweningaken raos lan ngenget-enget pangrehipun Gusti wonten inggesanging para leluhur.|*AJ.
Senen, 09 Maret 2026 Minggu Pra Paskah III
Purwaning Dumadi 24:1-27; Jabur 81; 2 Yokanan 1:1-13 BIBIT, BOBOT, BEBET“Nanging kowe menyanga tanah asalku lan ing panggonane kulawargaku,nggolekna jodho anakku Iskak.”(Purwaning Dumadi 24:4) Satunggaling tanggung jawabipun tiyang sepuh inggih punika ngentasakepara lare, lumebet ing gesang bebrayan. Murih anggenipun saged lestari,tentrem lan raharja; anggenipun miji jodho ingkang dados jatu kramanipunboten angger-angger kemawon. Wonten trapsilaning akrami ingkang kedahkapundhi. Inggih punika bibit, bobot lan bebet. Wondene bibit punikamagepokan kaliyan trah utawi keturunan, bobot punika nelakaken mutuutawi kwalitasipun, dene bebet punika mratelakaken bab status sosial punapadene ekonomi. Ing antawis tetiganipun ingkang paling wigati inggih punikabibit. Jer bobot punapa dene bebet punika saged dipun upadi punapa denedipun ewahi.Pramila makaten nalikanipun Rama Abraham kepareng miji wanodyaingkang kepareng badhe jatu kramanipun Iskak; kang putra, panimbang ingkangutami inggih punika bibit. Inggih punika wanodya ingkang pinangkanipunsaking trahipun brayatipun Rama Abraham. Sampuna ngantos gegandhengankaliyan wanodya Kanaan. Pamijinipun Abraham ingkang miji saking trahipunpiyambak boten nama rasis. Ananging panimbanging manah ingkang lebet;mirungganipun ing bab kapitadosan ing ngarsanipun Sang Yehuwah.Saiba begjanipun nalika tuwa-tuwaning abdinipun Rama Abraham nalikadumugi ing wewengkon leluhuripun Rama Abraham, pinanggih kaliyan wanodyaingkang ngemu bobot. Inggih punika endah ing warna lan dhemen tetulung.Inggih punika anggenipun keparing maringi pangomben dhateng para abdikalawau sak unta-untanipun. Kacihna menawi wanodya punika yoganipunRama Betuel, putranipun Embah Milka patutan kaliyan Embah Nahor; inggihembahipun Rama Abraham. Kanti makaten nggadahi bibit ingkang sae.Dene nalika didangu punapa saged nyipeng ing griyanipun, pratela menawi:“Ing griya kula kathah dami saha tetedhan kewan lan ugi wonten papanpasipengan.”(ay. 25) mratandhani bilih bebetipun ing pantes. Mugianggenipun manggihaken rowang kang sembada satraju bibit, bobot lanbebet. Gusti mberkahi! |*AJ
Ahad, 08 Maret 2026 Minggu Pra Paskah III
Pangentasan 17:1-7; Jabur 95; Rum 5:1-11; Yokanan 4:5-42 AJA DUMEH“Kowe padha Dakutus ngeneni kang dudu garapanmu. Wong liya kangpadha nggarap, lan kowe kang padha ngundhuhi pametuning garapane.”(Yokanan 4:8) Nalikanipun Gusti Allah ngganjar gesang ingkang linangkung, adhakanipuntiyang punika lajeng nggadhahi patrap ngadhi-adhi. Rumaos unggulpiyambak, rumaos sugih piyambak, rumaos wasis piyambak. Tundhanipunkumalungkung lan ngremehaken asanes. Saperangan malah wonten ingkangnyatroni Gusti Allah lan nganggep bilih sedaya kaluwihanipun punika awitsaking pambudidayanipun piyambak.Awit saking punika, nalika Gusti Yesus nguningani para sakabat keparengnelakaken baptisan ingkang gunggungipun langkung kathah katimbang baptisaningkang katindakaken para sakabatipun Nabi Yokanan, Panjenenganipunanggenipun kundur ing Galilea nratas margi ingkang nglangkungi wewengkonSamaria. Dilalah nalikanipun dumugi Sikhar, ing pundi wonten sumuripunRama Yakub, Gusti Yesus wawan pangandika kaliyan pawestri Samaria. Wosipunpawestri kalawau sami nelakaken paseksi menggah Gusti Yesus, inggih SangKristus piyambak, lan kathah tiyang Samaria ingkang sami manjing pitados.Wonten ing ngriki Gusti Yesus paring piwucal bilih saestunipun sabentiyang punika wonten bagianipun piyambak-piyambak. Ampun dumehsampun kepareng baptisi tiyang-tiyang Yahudi, lajeng rumaos unggul lanngremehaken sesami. Kamangka saestunipun peranganing kaunggulan ingkangginayuh punika ugi wonten eguh pratikeling asanes, sanes pambudidayanipunpiyambak. Punapa malih ngengeti panjurung pitulunganipun Gusti Allahlumantar Rohipun ingkang suci ingkang makarya ing telenging batos para-para ingkang sami manjing pitados.Pramila makaten, aja dumeh. Sageda sami rumaos. Ampun rumaos saged.Laras kaliyan pangandika: “Kang siji nyebar, sijine kang ngeneni. Kowe padhaDakutus ngeneni kang dudu garapanmu. Wong liya kang padha nggarap,lan kowe kang padha ngundhuhi pametuning garapane.” Aja Dumeh! |*AJ
Setu, 07 Maret 2026 Minggu Pra Paskah II
Pangentasan 16:27-35; Jabur 95; Yokanan 4:1-6 NGASORAKEN SARIRA; ANJANGKUNG PEPADHA“Anadene tindake mau kudu miyos ing tanah Samaria.”(Yokanan 4:4) Limrahipun nalika wonten arak-arakan, badhea punika arak-arakaningsuporter olah raga punapa dene lare sekolah ingkang sami lulusan, margiingkang dipun langkungi punika margi ingkang rame tur padhet. Pamrihipunsupados sedaya tiyang sami nekseni lan njurungi raosing kabingahaningkang karaosaken dening ingkang sami arak-arakan punika. Emanipun,kathah ingkang sami kebacuten. Anggenipun numpak kendaraan klawanknalpot ingkang sora (bronx), dipun geber-geber lan tumindak brangasan.Kados-kados radosan punika gadhahanipun piyambak. Boten sami ngaosikendaraan sanes ingkang sami langkung. Patrapipun adigang-adigung-adiguna.Boten makaten tumrapipun Gusti Yesus. Nalikanipun wonten ing tlatahYudea, para sakabatipun Gusti Yesus rumaos unggul saking sakabatipunYokanan Pembabtis, awit anggenipun mbaptisi tiyang-tiyang gunggungipunlangkung kathah, nalikanipun badhe kundur wonten ing Galilea, Gusti Yesusmiyos Samaria. Sanajan jarakipun langkung tebih, radosan punika kapetangsepi. Amargi awis-awis tiyang Yahudi ingkang nglangkungi radosan punika.Srana makaten, mbok menawi wonten raos bombong ing antawisipun parasakabat; boten kalajeng dados kumalungkung lan tetap andhap asor,nalikanipun pikantuk pangalembananing tiyang-tiyang ing sauruting margi.Kejawi makaten, Gusti Yesus kepareng ugi anjangkung tiyang-tiyangSamaria, ingkang nalika samanten kagolong sanes umatipun Gusti. Punapamalih ngengingi sesatron ing antawisipun tiyang Yahudi lan tiyang Samaria,ingkang sampun kebabar atusan taun. Saiba bingahipun nalika tiyang-tiyangSamaria ingkang dipun panggihi ugi sageda nampeni pratandha baptis.Ateges sami-sami kadhapuk minangka umat kagunganipun Gusti. Lansesatron ing antawisipun tiyang Yahudi lan Samaria sageda enggal kalebur.paribasan. “Nglurug tanpa bala, menang ditanpa ngasorake.” Ngasorakesarira; anjangkung pepadha! Gusti Mberkahi! |*AJ.
Jemuwah, 06 Maret 2026 Minggu Pra Paskah II
Pangentasan 16:9-21; Jab’ur 95; Efesus 2:11-22 BOTEN PARENG MERI“kang ngukup akeh ora turah lan kang ngukup sathithik ora kurang.Saben wong pangukupe manut tadhahe.”(Pengentasan 16:18) Wonten bebasan iri tanda tak mampu. Nelakaken bilih raos meri, botenremen menawi ningali tiyang ingkang linangkung, tundhanipun namungmratandhani bilih awakipun piyambak punika boten saged. Mirungganipunboten saged ngaturaken panuwun inggih awit berkah saha pangrimatingkang sampun kepareng kaparingaken Gusti Allah wonten ing gesangipun.Sanajan dereng kantenan bilih berkahipun Gusti dhateng tiyang sanes langkungkathah tinimbang berkahipun Gusti wonten ing gesangipun piyambak. Awitsaestunipun berkahipun Gusti punika murwat, boten langkung punapamalih kirang. Mawa-mawa miturut kabetahan lan tanggunganipun. Laraskaliyan dhawuhipun Gusti: “Sira ngukupana iku, siji-sijine wong mituruttadhahe dhewe-dhewe; saben wong njupuka kanggo brayate, wong sijisagomer, saben brayat njupuka miturut jiwane.” (Pangentasan 16:16)Menawi boten saged sami ngaturaken panuwun tundhanipun namungnuwuhaken raos srei lan drengki malah asring ngedumeli Gusti. Wusananipunmujudaken pandamel ingkang andlarung dosa lan mitunani awakipunpiyambak. Punika saumpami peksi alap-alap ingkang meri dhateng alap-alapsanesipun ingkang nggadahi dedeg piadeg ingkang langkung ageng lan wuluingkang langkung endah jer anggenipun mabur, langkung inggil saking alap-alap sanesipun. Sawijing wegdal wonten juru pambedhag ingkang mlebetwana saperlu sami mbujeng kewan alasan. Kaleres pinanggih peksi alap-alapingkang meri kalawau. Lajeng sami pradondi murih sagedipun dhawahakenpeksi alap-alap srana jemparing. Murih sagedipun, jemparing punika kedahngangge wulunipun peksi alap-alap ingkang meri kalawau. Satunggal mbakasatunggal, jemparingipun kalepasaken. Begjanipun boten wonten satunggaljemparing kemawon ingkang nempuhi peksi alap-alap ingkang sae punika.Wusana peksi alap-alap ingkang meri punika wulunipun ngantos telas lanbrondol, tundhanipun kacepeng dening juru pambedag lan dipun bektawangsul. Milanipun boten pareng meri mundak rugi. |*AJ
Kemis, 05 Maret 2026 Minggu Pra Paskah II
Pangentasan 16:1-8; Jabur 95; Kolose 1:15-23 MANTEP ING PRACAYA“Marga saka iku kowe kudu padha mantep ing pracaya, tetep santosa ora keguh, lan aja nganti nyleweng saka ing pangarep-areping Injil kang wus padha kokrungu …” (Kolose 1:23) Ing satunggaling wekdal, wonten sedherek patunggilan ingkang sanja wonten pastori. Anggenipun sowan saperlu nyuwun idi pangestu anggenipun kepareng badhe ngupadi penglaris. Awit sampun sawetawis wekdal, bakulanipun wonten ing peken, boten pajeng. Kados-kados anggenipun bebakulan punika “boten ketingal”. Saben-saben wonten pelanggan ngadeg ing ngajengipun wande, celingukan kemawon, boten ngaruh-aruhi lan lajeng kesah. Piyambakipun nggraita menawi wandenipun dipun damel tiyang supados boten ketingal lan boten pajeng. Ing salebeting pirembagan bapa pandhita lajeng nyariosaken lelampahaning bangsa Israel kaentasaken saking tanah pangawulan Mesir. Tumuju ing tlatah prasetyan Kanaan. Gusti Allah saestu nresnani lan mitulungi umatipun Israel nalikanipun nampeni mawerni-werni panandhanging gesang. Nembe kemawon nyabrang benawi Teberau, ingkang piyak mangiwa lan manengen, bangsa Israel sami kasatan. Ndilalah nalikanipun dumugi Mara, manggihakensendang nanging boten saged sami ngombe amarga toyanipun raosipun pait. Gusti Allah sanalika ndhawuhi nabi Musa kapurih nyemplungaken kajeng ing sendang punika lan lajeng toyanipun dados tawa lan kenging kangge ngombe. Salajengipun nalika dumugi Elim, panandhanging gesangnempuh malih. Bangsa Israel sami kerapan. Ing ngriku Gusti Allah maringi tedha umatipun kalawan Manna, inggih rotining kaswargan ingkang raosipun manis kadosdene puan, ingkang tumurun saking akasa kados dene ebun. Lumantar cariyos punika bapa pandhita melehaken warganing patunggilankalawau anggenipun boten bacutaken kekarepanipun ngupadi penglaris. Jer sedaya panandhang punapa dene pacoban punika sarananing Gusti Allah ndadar kumandeling umat wonten ing ngarsanipun. Laras kaliyan nas, “Marga saka iku kowe kudu padha mantep ing pracaya, tetep santosa ora keguh, lan aja nganti nyleweng saka ing pangarep-areping Injil kang wus padha kokrungu,…”. Gusti Mberkahi! I*AJ
Rebo, 04 Maret 2026 Minggu Pra Paskah II
Yehezkiel 36:22-32; Jabur 128; Yokanan 7:53-8:11 AMPUN NJEKSANI!“Aku uga ora ngukum kowe. Lungaa, lan wiwit saikiaja gawe dosa maneh!”(Yokanan 8:11) Satunggaling karakter menggah tiyang ingkang ngabekti Gusti inggihpunika njagi kasucening gesangipun. Emanipun kathah ingkang sami salahkaprah menggah kasucening gesang. Inggih punika anggenipun netepisedaya angger-anggeripun Gusti klawan wanthah (tersurat). Kadosta botengepok senggol tumrap sedaya ingkang kawawas najis/reged. Badhea punikagegayutan kaliyan tetedhan, sesrawungan punapa dene pandamel ingkangcengkah kaliyan angger-anggeripun Gusti. Memper nalikanipun wontensedherek ingkang dhumawah ing dosa, anggenipun nyaruwe lan njeksani;prasasat “enthek amek; kurang golek”. Laras kaliyan paribasan “Kuman diseberang lautan tampak, gajah di pelupuk mata tidak nampak.”Waosan injil dinten punika nyariosaken wontenipun para ulama lantiyang Farisi ingkang nyowanaken sawijining pawestri ingkang konanganlampah jina wonten ing ngarsanipun Gusti Yesus. Ancasipun murih GustiYesus njeksani lajeng paring paukuman dhateng pawestri kalawau kalawanrajam. Inggih punika dipun benturi sela ngantos dumugi pejah. Satunggalingpaugeraning Yahudi ingkang cengkah kaliyan angger-angger katresnaningkang dados piwucalipun Gusti Yesus, minangka jiret ingkang kapasangdening para ulama lan tiyang Farisi anggenipun nyingkiraken Gusti Yesus.Begjanipun Gusti Yesus boten njurungi punapa ingkang dadospikajengipun tiyang-tiyang kalawau. Timbangipun njeksani lan ngukumpawestri kalawau, Gusti Yesus dangu: “Sapa bae panunggalanmu kangtanpa dosa, iku miwitana mbenturi watu wong wadon iku.” Pangandikaingkang mbereg kawula sedaya murih mulad sariranipun piyambak,saderengipun sami njeksani punapa dene ngukum asanes. Satemah botenwonten satunggal kemawon ingkang kumawantun mendhet sela lanbenturi pawestri kalawau. Tumunten Gusti Yesus lajeng ngendika: “Aku ugaora ngukum kowe. Lungaa, lan wiwit saiki aja gawe dosa maneh!”. AmpunNjeksani Pepadha! |*AJ
Slasa, 03 Maret 2026 Minggu Pra Paskah II
Yesaya 65:17-25; Jabur 128; Rum 4:6-13 RAHAYU!“Rahayu saben wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah,sarta kang ngambah ing dalan pitedahe.”(Jabur 128:1) Pamujinipun sedaya tiyang ingkang gesang inggih punika karahayon.Miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia, rahayu nggadhahi teges kawontenaninggesang ingkang santosa, tentrem, sarwa cekap (rahardja) lan wilujeng.Kawontenan ingkang saestu dados idham-idhamaning sedaya tiyang ingkanggesang.Murih kebabaripun kathah ingkang sami ngupadi karahayon kalawanneter kakiyatan lan kasudibyanipun. Boten ngemungaken sekolah, anangingkedah dherek les punapa dene Bimbingan Belajar murih saged pikanthukbiji ingkang sae. Boten ngemungaken nyambut damel, ananging kedahnggadahi samben mawerni-werni murih cekaping kabetahanipun. Bebasansirah dadi sikil, sikil dadi sirah. Boten mawang wayah lan sayah. Emanipun,saksampunipun pambudidaya ingkang saklangkung punika, kathah ingkangsami gela lan semplah nalikanipun boten kajurungan sedyanipun. Wondeneingkang kajurungan, boten ngraosaken marem, malah sangsaya ngangah-angah.Benten nalikanipun karahayon punika kita ecakaken minangka peparing,sanes pambudidaya. Satemah, kados pundia kemawon kawontenan kita,bingah sisah; begja cilaka, karahayon tansah karaosaken. Paribasan “Asuajag lan cempe bakal nyenggut bebarengan, singa bakal mangan dami kayasapi sarta ula uripe bakal saka lebu.” (Yesaya 65:25) perangan ingkangsaestunipun benten, bebencengan lan tansah bengkeran, wonten ing GustiAllah saged sami gesang sesarengan.Salajengipun, punapa pambudidaya boten kabetahaken malih murihsagedipun rahayu? Pambudidaya tetep kemawon dipun betahaken. Sanajanboten malih kalebet piranti utawi ubarampe, ananging minangka wujudingraos kumandel lan panuwun sokur wonten ing ngarsanipun Gusti ingkangsampun kepareng paring karahayon. Laras kaliyan nas “Rahayu saben wongkang ngabekti marang Pangeran Yehuwah, sarta kang ngambah ing dalanpitedahe.” Rahayu! |*AJ
Senen, 02 Maret 2026 Minggu Pra Paskah II
Wilangan 21:4-9; Jabur 128; Ibrani 3:1-6 KUMANDEL GUSTI“… Angger kita padha kukuh ing pracaya sarta ing pangarep-arepkang kita agung-agungake nganti tumeka ing wekasan”(Ibrani 3:6) Miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI), kumandel utawi imaninggih punika kapitadosan ingkang lebet sinartan pangaken lan pandamel.Wondene miturut Kitab Suci, mirungganipun ing Ibrani 11:1, kumandelinggih punika “dhasaring samubarang kang kita arep-arep sarta cihnaningsamubarang kang ora katon”. Bebasan taneman, menawi wijinipun dipundhedher lan dipun sirami, temahan thukul, ngrebda lan ngrembaka; ngedalakenuwoh. Sanajan tuwuhing tanaman, wiwit winihan ngantos awoh punikaboten dumadakan. Dipun betahaken wekdal lan pambudidaya. Emanipun,kathah tiyang ingkang ngarah kepengin uwohipun kemawon. Boten purunngrabuk, matun lan nyemprot. Kados pundi anggenipun badhe uwoh?Makaten ugi nalikanipun bangsa Israel kapiji minangka umat prasetyanipunGusti. Bangsa Israel linuwaran saking pangawulaning bangsa Mesir lankaparingan tlatah prasetyan Kanaan, ingkang luber puwan lan madu.Emanipun, bangsa Israel sami boten sabar lan nggege mangsa anggenipunenggal nampi tlatah prasetyan. Satemah sami mbalela Gusti klawan pangucap:“Kenging punapa kula kok sami panjenengan kesahaken saking tanahMesir? Punapa supados kula sami pejah wonten ing pasamunan ngriki?Wusana sami dipun ukum dening Gusti kalawan sawer mandi. Sanyata kumandelpunika boten mandeg ing lesan kemawon, ananging kedah kebabar ing sadengahpandamel klawan sabar lan tumemen.Kumandel ingkang kinanthenan pandamel sabar lan temen, sampunkebabar ing pakaryan kawilujenganipun Gusti Allah wonten ing Sang KristusYesus lumantar pakaryan salib lan sedanipun. Menawi Gusti Allah sampunkepareng netepi prasetyanipun klawan sabar lan temen, sampun sakmesthinipunanggen kita kumandel inggih kinanthenan sabar lan temen. Inggih punikasrana ngabekti marang Panjenengane lan ditansah ngambah ing margipitedah-ipun. Kumandela ing Gusti.|*AJ
Ahad, 01 Maret 2026 Minggu Pra Paskah II
Purwaning Dumadi 12:1-4a; Jabur 121; Rum 4:1-5, 13-17; Yokanan 3:1-17 PIRANTINING BERKAH“… sarta sira bakal dadi jalarane para bangsa ing salumahing bumi padha binerkahan.”(Purwaning Dumadi 12:3b) Satunggaling pamuji tumraping para pitados boten sanes dadospirantining berkah dhateng asanes. Inggih punika peranganing gesangingkang migunani tumrap ing sesami. Emanipun, kathah ing antawis kitaingkang rumaos gesang ing salebeting karingkihan lan kasekengan. Kadospundisaged mitulungi asanes, mitulungi awakipun piyambak kemawon dereng saged.Pramila kathah ingkang sami mbudidaya murih anggadhahi kaluwihan,badhea punika drajat, pangkat punapa dene kasugihan. Iba begjanipunmenawi kadumugen, menawi boten punapa salaminipun kita boten sageddados pirantining berkah?Nalikanipun Sang Yehuwah andhapuk Rama Abraham dados pirantiningberkah tumraping bangsa-bangsa, Sang Yehuwah dhawuh supados RamaAbraham nilar sedayanipun. “Sira lungaa ninggala tanahira, kulawangsanira lanomahe bapakira.” (Purwaning Dumadi 12:1) Kadhawuhan lumampah tumujutlatah ingkang dipun tedhahaken dening Sang Yehuwah. Rama Abrahamlajeng kesah dhateng papan ingkang dereng dipun mangertosi. Bab punikanelakaken kapitadosanipun dhumateng Gusti.Sanyata, Rama Abraham anggenipun dados berkah tumraping bangsa-bangsa awit kumandelipun ing Sang Yehuwah. Laras kaliyan pangandika ingserat Rum 4:3 makaten: “Rama Abraham banjur pracaya marang GustiAllah, lan iya bab iku kang kaetang dadi kabeneran tumrap panjenenganedening Gusti Allah.” Cundhuk kaliyan paseksinipun jabur 121 ingkang mratelakenbilih etuking pitulungan punika namung saking Sang Yehuwah ingkang nitahakenlangit lan bumi.Pramila mekaten pranyata bilih sarana punapadene ubarampe anggenipundados pirantining berkah punika sanes kaluwihan lan kasugihan kejawiamung kumandel ing Gusti Allah. Laras kaliyan cakepaning KPJ 106 “AmungKumandel iku uwiting karosanku. Amung kumandel iku etuking kraharjanku.”Sangsaya bakoh kumandelipun sangsaya santosa karosan lan karaharjanipunsatemah kasagedaken dados pirantining berkah tumrap asanes. |*AJ
