Wulang Bebasan 3:13-18; Jabur 66:5-22; Yokanan 8:30-38
MARDIKA KANG SEJATI
Manawa kowe padha ngantepi ing pituturKu, kowe sanyata
padha dadi siswaKu, sarta bakal padha mangerti ing kayekten,
lan kayekten iku kang bakal mardikake kowe”.
(Yokanan 8:31-32)
Tembung mardika limrahipun dipun mangertosi minangka lampahing
gesang ingkang boten dipun reh dening tiyang utawi bangsa sanes utawi
kablenggu dening awrating padamelan. Kados bangsa kita ingkang sampun
mardika, uwal saking panindhesing bangsa Welandi.
Waosan dinten punika nyariosaken pirembaganipun Gusti Yesus kaliyan
tiyang Kristen asal Yahudi bab kamardikan. Tiyang Yahudi nggadahi pemanggih
bilih piyambakipun sampun mardika awit tedak turunipun Abrahan ingkang
mboten nate dipun reh lan ngawula dateng bangsa sanes. Nanging Gusti Yesus
mucalaken menawi mardika punika mboten namung uwal saking panindesing
bangsa sanes.
Gusti Yesus ngandika bilih mardika punika wujuding gesang ingkang luwar
saking pangrehing dosa. Dene tiyang badhe saged luwar saking pangrehing
dosa sauger pitados dhateng piwucalipun Gusti Yesus, menawi Panjenenganipun
punika Juruwilujeng ingkang kuwaos ngapunteni dosa. Salajengipun boten
namung kandeg ing pitados,piwucalipun Gusti punika kedah dipun antebi,
dipun lampahi wonten ing gesang padintenan.
Sinau saking waosan dinten punika kita saged mangertos menawi mardika
punika boten namung wujuding gesang ingkang uwal saking panindesing
tiyang utawi bangsa sanes kemawon. Mardika ugi nggadahi teges boten purun
malih kacencang ing panguwaosing dosa lan pati, ngendani pangrengkuhing
piawon, lan namung mituhu dumateng kersanipun Gusti.
Dene kamardikan sejati punika saged kagayuh sauger kita setya ing
iman lan nindakaken dhawuhipun Gusti. Mardika kang sejati punika sanes
kesempatan kangge nglampahi dosa, ananging kangge nindakaken dhawuhipun
Gusti. Amin. |*BP.
