Yeremia 23:1-8; Jabur 100; Mateus 20:17-28
MLEBET ING PLATARAN KANTHI PAMUJI
“Padha lumebua liwat gapurane kalawan memuji asmane …
ngaturna pamuji sokur”
(Jabur 100:4)
Ayat 4 nyerat bilih umat sami mlebet ing gapuranipun Gusti kalawan
memuji asmanipun, lan lumebet ing plataranipun kanthi kidung
pangalembana ngaturaken sokur lan ngluhuraken asmanipun Gusti.
Padaleman Suci punika plataranipun wonten kalih, plataran njawi lan
plataran nglebet. Ingkang dipun sebut gapura punika lawang plataran
nglebet tumuju dhateng misbyah kurban (Yeheskiel 8:16a). Menawi umat
mlebet dhateng gapura plataran nglebet ateges badhe caos kurban ing
misbyah.
Dahawuh “padha lumebua” punika nelakaken bilih sedaya tiyang
katimbalan mlebet ing plataran nglebet punika. Allah minangka pangen
nimbali para mendanipun marek ing ngarsanipun nglangkungi gapura
punika kanthi ngunjukaken kidung pamuji lan kidung pangalembana.
Pamujining umat ingkang jejer menda punika nelakaken anggenipun caos
pakurmatan dhumateng Sang Pangeran awit kasaenanipun lan
kasetyanipun. Kanthi setya Panjenenganipun ngengen para mendanipun.
Para mendanipun ngraosaken tentrem lan ayem wonten ing pangayoman
lan pangrimatpun Sang Pangen.
Ing wekdal punika, kita para menda kagunganipun Gusti ugi katimbalan
lumebet dhateng ing padalemanipun, celak kaliyan Panjeneganipun.
Anggen kita sowan ing ngarsanaipun Gusti temtu aboten namung
ngaturaken pamuji ingkang awujud kekidungan utawi nyanyian, ananging
sawetahing gesang kita. Gusti Yesus sampun ngurbanaken sariranipun
kangge kita para mendanipun. Prayogi kita ngaturaken sawetahing gesang
leladi dhateng Panjenenganipun. Punika ateges kita katimbalan ngaturaken
punapa ingkang kita gadhahi, peparingipun Gusti punika, kita aturaken
dhumateng Panjenenganipun minangka sarana murih kabanguning
pasamuwan. Saben tiyang prelu ngudi sasaged-saged ngaturaken punapa
ingkang dipun gadhahi, malah gesang sawetahipun minangka cihnaning
panuwun dhumateng Gusti ingkang sampun marengaken kita lumebet ing
padalemanipun. Amin. |*WSMS
