Pangentasan 13:17-22; Jabur 102:1-17; : Lelakone Para Rasul 7:17-40
PANGWASA PANUNTIPUN GUSTI
“… dene Gusti Allah tindak ana ing ngarepe, ing wayah awan ana ing tugu
mega kang diagem nuntun lakune, lan ing wayah bengi ,ana tugu geni
kang diagem madhangi,supaya padha bisa mbanjurake lakune. Tugune
mega ing wayah awan lan tugune geni ing wayah bengi ora tau gumingsir
saka ing ngarepe bangsa iku”
(Pangentasan 13: 21-22)
Kathah tiyang ingkang pitados dumateng pratandha-pratandha alam
ingkang dados tenger badhe wontenipun lelampahan tertemtu. Upamnipun,
yen kathah swara walang-kerek, ungeling swara gareng-pung, mujudaken
pratanda badhe lumebet ing mangsa ketiga. Mekaten ugi menawi wonten
peksi prenjak ingkang ngganter ngoceh ing pekawisan, mujudaken pratanda
badhe kerawuhan tamu.
Ing wekdal umatipun Allah medal saking tanah Mesir; Allah ingkang
ngluwari lan nuntun umatipun saking Mesir tumuju dhateng Kanaan. Panuntuning
Allah ing sauruting lampahipun umat kapratandhan wontenipun tugu mega
lan tugu latu (geni). Tugu mega punika tansah ngeyupi umat kados dene
payung kangge mayungi sedaya umat saking bentering sregenge ingkang
sumelet. Kalajengaken ing wanci dalu wonten tugu latu kangge madhangi
umat kadosdene lampu ageng supadus umatipun Gusti tetep saged lumampah
sanadyan ing wanci dalu. Tugu mega lan tugu latu punika dados pralambang
ingkang nelakaken panuntun dalah pangwaosipun Gusti Allah ingkang tansah
njagi lan nganthi umatipun.
Wontenipun tugu mega lan tugu latu ing ngajenging barisanipun umat
punika nedahaken bilih saestu dhatan kendhat anggenipun Gusti Allah ngayomi
lan nganthi umatipun. Panjenenganipun ingkang mbikak margi lan nyingkiraken
pepalang, Penjenenganipun ugi ingkang ngaubi lan paring pepadhang satemah
saged rancag lampahing umat tumuju dhateng Kanaan
Pangandika wau mucal dhateng kita, estunipun Allah boten nate nilar
kita! Panjenenganipun tansah nganthi lampah kita. Mila sumangga sami
suka bingah krana sih tresnanipun Allah ingkang tanpa winates, Amin. |*BP
