+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 05 Mei 2026 Minggu Paskah V

Wulang Bebasan 3:5-12; Jabur 102:11-17; Lelakone Para Rasul 7:44-56

BINGAH SUMRINGAH
“Aja rumangsa pinter dhewe, wedi lan asiha marang Sang Yehuwah
lan ngedohana piala, iku kang bakal marasake awakmu,
sarta nyegerake balung-balungmu”
(Wulang Bebasan 3:7-8)

Kathah para sepuh utawi warga Adiyuswa ingkang sami ngudarasa “balung-
balung padha pegel kabeh….wis ora bisa mlaku rikat, lsp”. Punika limrah
awit yuswa ingkang sampun sepuh, kawontenaning badan ugi sangsaya ringkih
lan winates. Lajeng nalika pepanggihan kaliyan rencang sabarakanipun sami
dene nglelipur, srana rengeng-rengang ngidungaken “hati yang gembira
adalah obat”, kados pratelanipun Wulang Bebasan 17: 22 ”Ati kang bingar
minangka obat kang manjur”. Punapa leres manah ingkang bingah punika
saged dados tamba ingkang manjur tumraping gesang kita?
Piwucal dinten punika nyebataken menawi kasarasan lan segering
sarira kelampahan awit tiyang boten rumaos pinter piyambak, tiyang ajrih
asih dhateng Allah lan nyingkiri piawon. Liripun kadospundi? Tiyang menawi
rumaos paling pinter, gesangipun boten jenjem, sumelang menawi dipun
tandhingi tiyang sanes. Manah lan pikiranipun namung ngudi ”piye carane bisa
minteri wong-wong liya”. Tiyang yen tanpa gadhah raos wedi asih dhateng
Allah, mesthi namung mbujeng pepinginaning dhiri lan sikep mekaten mesthi
boten nate marem, kebak ambisi, kebak ing pepinginan ingkang muluk-
muluk. Temahan saged stress, lan ketaman sesakit sanesipun. Mekaten ugi
tiyang ingkang boten nyingkiri piawon, mesthi boten perduli dhateng tiyang
sanes, boten perduli dhateng tatanan hukum. satemah tanpa sadhar kawengku
ing reh-rehaning dosa lan pati.
Lah kula lan panjenengen yen kepingin manggihaken gesang seger,
bingah sumringah, sehat, sumangga tansaha ajrih asih dhumateng Gusti, lan
sampun ngantos rumaos pinter piyambak. Ananging tansah andhap asor
wonten ing ngarsanipun Gusti lan nyenyuwun kawicaksanan saking Gusti.
Sumangga tetep makarya kanthi bingahing manah, kanthi semangat dan tansah
ngupadi seger, bugar, sehat ! Amin. |*BP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *