Pangentasan 4:27-31; Jabur 100; Lelakone Para Rasul 7:35-43
SINERGI, LELADI MARANG GUSTI
“Sira methuka Musa menyang ing pasamunan.”
Rama Harun tumuli mangkat lan kepanggih karo Sang Musa
ana ing gununge Gusti Allah, banjur diaras”
(Pangentasan 4:27)
Piniji dening Gusti Allah kangge leladi kadosdene Nabi Musa punika
estunipun ngremenaken, naning ugi nuwuhaken tanggel jawab ingkang boten
entheng malah kepara awrat sanget. Awit saking punika, Gusti Allah tumuli
ndahwuhi Rama Harun supados manggihi Nabi Musa, sung tetulung lan sacara
sinergis tumut nyengkuyung leladi kangge mimpin Umat Pilihan medal saking
negari Mesir tumuju dhateng ing tanah Kanaan.
“Anadene Pangeran Yehuwah wus ngandika marang Rama Harun,
mangkene: “Sira methukna Musa menyang ing pasamunan.” Rama Harun
tumuli mangkat lan kepanggih karo Sang Musa ana ing gununge Gusti Allah,
banjur diaras.” (Pangentasan 4:27). Inggih mekatenNabiMusa lan RamaHarun
lajeng makarya sesarengan sacara sinergis, kekalihinipun sumadya kaagem
dening Gusti Allah. Kekalihipun lajeng ngempalake para pangarsaning umat
Israel dalah nelakaken pratandha-pratandha ingkang dadosaken umat sami
pitados bilih Nabi Musa punia saestu utusanipun Gusti Allah.
Piwucal ingkang kedah kita gatosaken inggih punika: (1) Gusti Allah
boten nate negakaken, mboten ngutus piyambakan, Panjenenganipun mesthi
paring mitra kangge makarya sesarengan, (2) Pribadi ingkang manut, mituhu,
lan pasrah, setya punika mbikak margi tumrap panglipur lan pakaryan agung
Gusti, (3) Nalika umat sadaya nampi pangandikanipun Gusti lumantar Nabi
Musa, lajeng sami sumujud sumarah mring Gusti. Saklajengipun, kita kaatag
supados “ngabekti kalawan sukarena” (Jabur 100), ngabekti dhumateng
Gusti punika boten kanthi kapeksa ananging kanthi tulus lan bingah ing
manah. (4) Ing salebeting nindakaken timbalanipun Gusti punika dipun betahaken
kerja sama. Sumangga minangka para pandherekipun Sang Kristus kita sami
makarya sesarengan lan makarya kanthi tatanan sinergis. Bab punika estu
kita betahaken lan perlu kita kita tindakaken kanthi permati. |*LES
