Hosea 5:15-6:6; Jabur 50:7-15; Rum 4:13-25; Mateus 9:9-13, 18-26
GUSTI YESUS RAWUH MITULUNGI TIYANG DOSA
“Sebab tekaKu ini ora ngundang wong sampurna nanging wong dosa”
(Mateus 9:13)
Saben tiyang mesthi nate ngraosake lelara: lelara badan, lelara batin,
utawi lelara secara karohanen. Nanging kathah tiyang ingkang remen
ndhelikake raos lan sesakit mawi ngendelaken agami, kamangka sejatosipun
tebih saking Gusti Allah. Sami migunakaken topeng kesalehan palsu, kemunafikan,
kanthi ngendelaken kasagedan, kesalehan, amal ingkang mboten sampurna,
malah kepara nampik katresnaning Gusti Allah lumantar Sang Kristus.
Piwulang wigati saking waosan dinten punika, (1) Gusti nelakaké sih-
rahmat kang tanpa wates (ayat 9–13). Nalika Gusti nimbali Mateus, tiyang
pungut pajeg, paningal umum sami nganggep Mateus minangka tiyang
dosa. Nanging Gusti mirsani manahipun. Punika ngélingaké kita, bilih Gusti
Yesus boten mawang tiyang namung saking punapa ingkang ketingal.
Panjenenganipun kersa rawuh ing griyanipun tiyang dosa, dhahar bebarengan,
dados pratandha katresnanipun Gusti kang narima saben tiyang.
(2) Gusti Yesus nimbali manungsa supados mratobat (ayat 12–13).
Panjenenganipun ngendika, “Wong waras iku ora butuh dhukun, sing butuh
iku wong sing lara.” Kita punika kadang remen ndhelikaké dosa, nganggep
awake sampurna. Nanging Yesus ngelingaké, tobat punika margi kawilujengan,
lan katresnan luwih utama tinimbang syariat-syariat agamawi.
(3) Gusti Yesus maringi pangarep-arep lan panguripan (ay. 18–26) Anak
tiyang kepala rumah ibadah tilar donya, lan satunggaling wanita 12 taun
gering, loro-lorone sami nyedhaki Gusti kanthi pengandel. Gusti paring sih-
rahmat: wanita punika dipun warasaken, anak punika dipun wungokaké.
Pengandel ngundang sih-rahmatipun Gusti, sanajan kahanan katingal tanpa
pangarep-arep.
Sumangga kita ndedonga supados kita tansah ngraosaken sih-rahmatipun
Gusti. Boten namung netepi kawajiban agami minangka tugas, nanging mbangun
sesambetan ingkang raket kaliyan Gusti. Pangapunten lan karahayon punika
kagem tiyang ingkang ngakoni lepat lan ngandel dhateng sih-rahmating
Gusti. Amin |*LES
