Purwaning Dumadi 29:1-14; Jabur 81; 1 Korinta 10:1-4
NGAJENI PARA LELUHUR
“Anadene karepku, para Sadulur, supaya kowe padha mangerti,
yen para leluhur kita padha ingauban ing mega, lan kabeh
wus padha lumaku nratas sagara …”
(1 Korinta 10:1)
Nalikanipun nedheng-nedhengipun ngantepi kapitadosan Kristen miturut
pangertosan lahir baru (gesang anyar), patraping kapitadosan kula punika
saestu ekslusif lan fanatik. Ekslusif awit dene mitadosi bilih namung tiyang
Kristen kemawon ingkang kepareng nampeni kawilujengan. Fanatik awitdene
peranganing gesang ingkang cengkah kaliyan piwulanging agami, kadosta
tilik kubur punapa dene ngetingalaken kadhuhkitan ingkang sangklangkung
kapenggak lan kapeper. Milanipun nalika suwargi bapak muwun nalikanipun
kang ramanipun, inggih embah dalem kapundhut, kula nyaruwe. “Wong Kristen
ditinggal mati kok nangis?” Makaten ugi nalikanipun suwargi bapak ajak-ajak
tilik kuburipun simbah, kula mangsuli: “Emoh! Cik ben wong mati padha
ngubur wong mati!” dumeh suwargi simbah punika dereng ngrasuk agami Kristen.
Samangke, lumantar nas punika kawula dadha lan nglenggana bilih
Gusti Allah sampun kepareng mitulungi gesanging para leluhur anggenipun
sami kepareng ingauban ing mega lan lumampah nglangkungi seganten.
Wonten ing ngriki ingkang dados titikan anggenipun dados umatipun Gusti
(nampeni pratanda baptis) inggih punika anggenipun kepareng mbangun
turut Gusti sanajan margining gesang ingkang dipun lampahi punika
sangklangkung awrat dan kebaking kasangsaran.
Wusana makaten, kawula lajeng kemutan cariyosipun bapak kados pundi
labuh labetipun simbah murih bapak saged sekolah. Dhatan mawang sayah
lan wayah anggenipun ngrimati pategalan lan saben ingkang namung saperangan.
Menawi wonten asilipun, saperangan kakintun. Anggenipun ngintun,
kapanggul piyambak. Tindak nratas rel sepur ngantos dumudi papan kos-
kosan, kalih dinten lumampah. Tinalesan pangandika: Sira ngajenana bapa-
biyungira! Uger ngraosaken awrat ing momotan, kula mijikaken wegdal tuwi
pesareanipun simbah lan bapak. Tan asung pandonga wilujeng ananging
ngweningaken raos lan ngenget-enget pangrehipun Gusti wonten ing
gesanging para leluhur.|*AJ.
